A. LANGKAH PERTAMA WACANEN MATERI IKI!
|
B. Wacanen kang teliti!
Tembung Gagak Rimang iku sejatine nama
sawijining jaran kang dadi tunggangane Bupati Jipang Panolan yaiku ADIPATI
HARYA PENANGSANG. Dene jaran nganti
diwenehi jeneng Gagak Rimang iku ana caritane.
Ana
sawijining nom-noman kang aran Riman, Riman iki putrane Soreng Pati panggedhe
saka Desa Kasiman. Ing sawijining dina
Riman ngajak lelungan Rara Swari kekasihe, ya putrane Soreng Rana (panggedhe
saka desa Bathokan) kang isih sapaguron karo Soreng Pati. Sawise Riman lan Rara
Swari lunga, Siman lan ramane Soreng Rangkut panggedhe saka desa Sambeng teka
ing Bathokan. Soreng Rangkut uga isih sapaguron karo Soreng Rana yaiku meguru
bebarengan marang Ki Gedhe Senori.
Wigatine rembug Siman lan ramane nembung marang Soreng Rana yen arep nglamar
marang putrine yaiku Rara Swari. Nanging wis kebacut lunga karo Riman. Wusanane
Siman nggoleki Rara Swari lan Riman.
Nalika
lunga saka Bathokan Riman lan Rara Swari numpak jaran duweke Riman. Jaran iki ulese ireng mulus.
Amarga pancen ora ana sedya kang enggal dituju,
mula lakune jaran mung satitahe. Ora dinyana lan dikira ing burine
Kocap kacarita nalika samono Harya Penangsang lan Patihe, kang
asma Mentaun nembe bebadra (mlaku-mlaku) ana laladan Jipang-Panolan ing sisih lor, ana ing satengahing ara-ara
kang jembar lan nedheng-nendhenge thukul suket kang ijo, ing kono Harya
Penangsang priksa ana sawijing jaran kang lagi nyenggut suket. Banjur jaran iku
mau diparani nanging ora mlayu
malah nyedhaki marang Harya
Penangsang, lulut ora rewel, malah kaya-kaya jaran mau kepingin ditumpaki
dening sang Adipati. Sanalika Sang Adipati pindhah anggone nitih jaran. Ana ing
sadhuwure gegere jaran iki sang Adipati Harya Penangsang malah tambah katon
gagah lan merbawani, mula ing batin Sang
Adipati kepingin weruh sapa sejatine sing kagungan jaran iki. Kanggo
pangeling-eling ing papan kang dadi panggonane jaran kang ireng kaya manuk
gagak mau, katelah desa Gagakan.
Sawetara wektu sang Adipati nggoleki sapa kang duwe jaran
mau, tindake arah mangetan, lan ngalor,
wekasane kepethuk wong papat kang lagi padha meneng mikirake kadadeyan kang
mentas wae kelakon, wong papat mau yaiku Ki Gedhe Senori, Soreng Pati, Soreng
Rangkut, lan Soreng Rana. Katelu Soreng mau lagi wae padha ditinggal mati
putrane dhewe-dhewe. Nalika weruh jarane
Sang Adipati, Soreng Pati langsung muntab, ngadeg lan nyerang marang Harya Penangsang kang
dikira ngrampok jarane anake. Sanajan kabyantu dening sadulure sapaguron kabeh,
tetep ora bisa ngalahake Harya Penangsang. Kanthi ngobahahe tangane wae wong
telu mau wis kontal.
Wekasane
padha mangerteni sapa kang ana ing ngarepe kuwi yaiku Gusti bupatine dhewe.
Nalika Harya Penangsang ndangu sapa kang
kagungan jaran iki, sanalika dijawab bebarengan “ Punika Turangganipun
Riman. Krungu jawaban kaya mengkono iku Sang Adipati kalegan atine.
Mula jaran kang saiki dadi titihane iku
diwenehi jeneng “GAGAK RIMAN”. Amarga jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk
gagak lan sing duwe Riman. Ana ing
sabanjure nyebut gagak riman kuwi rada kangelan wekasane akeh kang nyebut
“GAGAK RIMANG”.
a. Wangsulana pitakon ing ngisor iki basa ngoko
alus!
1. Manut crita mau, Gagak Rimang iku jeneng apa? ………………………………………………………………………………
2.
Sapa kang kagungan Gagak Rimang iku?
…………………………………………………………………………….
3. Kena ngapa
jaran iku dijenengake Gagak Rimang?
………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
4. Sapa sejatine Harya Penangsang kuwi?
………………………………………………………………………………………
5. Sapa bae paraga kang ana ing cerita kasebut ?
………………………………………………………………………………………
....................................................................................................................................
b. Ringkesen crita kang wis diwaca kancamu mau kanthi basamu dhewe!
..........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
c.
Critakna maneh crita kang wis kokrungokake mau kanthi basamu dhewe!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar