SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 27 Agustus 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9 KE-6, TGL 29 AGUSTUS 2020

 

1. materi

PANYANDRA

PANYANDRA  iku tegese nggambarake utawa nerangake sawijining bab utawa barang utawa kahanan kanthi diluwih-luwihake, kadangkala uga nganggo perbandingan sing kebacut.

Gatekna candra ing ngisor iki .

a.      Candrane solah bawa lan liya – liyane

1)      Antenge kaya penganten ditemokake

2)      Ulate ndamar kanginan

3)      Ulate ruruh jatmika

4)      Kulite kuning kaya mas sinangling

5)      Lambehane mblarak sempal

6)      Jogede merak kasimpir (sengkleh)

7)      Jogede mucang kanginan

8)      Sisigane ngelar kombang

9)      Sisigane kekejere kaya manuk branjangan

10)  Lakune lengkeh-lengkeh (lengket-lengket) kaya macan luwe

11)  Lakune lingak-linguk kaya kethek ditulup

12)  Lakune repepeh-repepeh (mendheg-mendheg) pindha sata manggih krama (jago ketemu babon); utawa pindha sata matarangan

13)  Kagyating manah (dheg-dhegan) lir (pindha) tinubruk mong tuna, sinambering gelap lepat

14)  Kagyating kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang

15)  Surake mbata rubuh

16)  Playune lonjong botor

17)  Playune lonjong mimis

18)  Suguhane mbanyu mili

19)  Wangsulane saur manuk

20)  Rukune kaya mimi lan mintuna

21)  Rupane jambe sinigar

22)  Bungahe (oleh kabegjan) kaya ketiban daru; kaya nemu cepaka sawakul

23)  Tentrem atine kaya ketetesan banyu wayu sawindu

24)  Bungahe atine kaya karoban ing segara madu

25)  Swarane ngombak banyu

26)  Swarane kaya mbelahna bumi

27)  Parine lagi gumadhung

28)  Parine lagi gumadhing

29)  Parine lagi kumemping

30)  Tandurane lagi gumadhung

31)  Tulisane mbata sarimbag

32)  Panase gumatel

33)  Baguse kaya Kamajaya; kaya Arjuna

34)  Ayune kaya widadari (Kama Ratih); Sembadra

35)  Praupane mbranyak kaya Raden Samba

36)  Polatane ruruh kaya Sembadra

37)  Dondomane nutus kajang

38)  Jarite (sarunge) suwek nyamkem kodhok

39)  Abote kaya watu item

40)  Dhengkule Gathutkaca atos kaya paron

41)  Tangane Gathutkaca landhep kaya gunting

42)  Cukate kaya manuk branjangan; kaya sikatan nyamberlawang

43)  Eseme pait madu pinasthika (disaring)

44)  Ramene kaya prahara nempuh wukir (parang)

45)  Anjenger pindha tugu sinukarta (diklambeni)

46)  Padhange kaya rina

47)  Paite kaya butrawali

48)  Ambune kaya bathang

49)  Polahe kaya kitiran

50)  Rosane kaya janget kinatelon

51)  Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen; kaya wani-wania ndilat wesi abang

52)  Mungsuh bubar resik kaya disaponi

53)  Kopat-kapita kaya ula tapak angin, kekejera kaya manuk branjangan.

 

b.      Candrane perangane awak kang ala (cacat)

1)      Sirahe nggandhen

2)      Bathuke nonong

3)      Bathuke manyul

4)      Bathuke lengar

5)      Bathuke pusak

6)      Irunge pesek

7)      Irunge gruwung

8)      Lambene ndomble

9)      Lambene ndower

10)  Lambene nggandhul

11)  Lambene gugut

12)  Lambene dongos

13)  Lambene guwing

14)  Sikile thekor

15)  Sikile impur

16)  Tangane kwaga

17)  Tangane ceko (thekle)

18)  Gegere wusu

19)  Gulune panggel

20)  Gulune bengkek

21)  Kupinge perung

22)  Kupinge dawir

23)  Wetenge bekel

24)  Untune gingsul

25)  Untune ompong (guguh)

26)  Pipine klungsur

27)  Pipine kempot

28)  Rambute brintik

29)  Drijine kithing

30)  Mripate kera

31)  Mripate pendul

32)  Mripate mlolo kebo

33)  Janggute gugut

34)  Pundhake brojol

35)  Udele bodong

36)  Bokonge tepos

37)  Lakune ekar

38)  Lakune pincang; dhingklang

39)  Polatane pendirangan

2.  Tugas

Tulisen panyandra liyane kang ana ing pepak basa jawa, cacahe 25 iji. Ing buku tugas.

Jumat, 14 Agustus 2020

MATERI BASA KELAS VIII PERTEMUAN KE-5

 Assalamu"alaikum Wr Wb.

langkah pasinaon 

A. pahami materi basa jawa

B. Tugas. Garapen latihan soal kang ana ing buku tugas.



A.   Unggah-ungguh Basa

Matur utawa ngaturake apa wae marang wong kang luwih tuwa utawa wong kang kudu diajeni becike nganggo basa krama alus.

 Tuladha : Arep matur bapak  yen ing Menara mau ketemu Bu Guru.

Mature :

1.    Pak kula wau kepanggih Bu Guru nembe tumbas buku teng toko Menara.

2.    Pak kula kalawau kepanggih Bu Guru nembe mundhut buku wonten toko Menara.

 

Ukara nomer siji nganggo basa krama lugu kurang trep, ukara nomer loro nganggo basa krama alus. Matur marang wong tuwa sing trep nganggo basa krama alus kaya ukara nome loro.

 

B.   Ukara ing ngisor iki dadekna basa krama alus !

 1.     Pak Martoyo diterake  anake ana ing terminal, Pak Martoyo arep lunga menyang Semarang.

..................................................................................................................................................................................................................................................

 

2.     Pak Parjo tekane paling isuk dhewe amarga arep nglatih upacara ing lapangan sekolahanku.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

3.     Aku arep kandha dhewe karo Bu Guru isin, mula kancaku dakkongkon ngandhakna Bu Guru.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

4.     Aku dikongkon Pak Guru nggawa kayu kanggo gawe pigura gambar presiden ana ing ruangan kelasku.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

5.     Pak Guru nggawa gambar presiden lan wakil presiden nanging durung ana pigurane.

..........................................................................................................................................................................................................................................

 

6.     Pak Guruku diundang Pak Presiden ana ing Jakarta arep diwenehi hadiah amarga dadi juara guru teladhan nasional.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

7.     Kandhane bapak Kepala Sekolah Pak Mintoyo baline sesuk sore, saka Jakarta numpak pesawat tekan Semarang, saka Semarang tekan Blora numpak bus.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

8.     Pak Mintoyo saka Jakarta nggawa oleh-oleh klambi kanggo bojone.

..........................................................................................................................................................................................................................................

 

9.     Ibu Kepala Dins Pendidikan Kabupaten Blora uga menehi hadiah marang Pak Mintoyo.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

10.  Nalika aku menyang omahe Pak Mintoyo, aku ngerti Pak Mintoyo duwe perpustakaan dewe ana omahe.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

11.  Pak Mintoyo kerep tuku buku-buku kang anyar, aku seneng yen menyang omahe Pak Mintoyo bisa nonton buku-buku kang apik-apik.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

 

12.  Bukune Pak Mintoyo oleh disilih, aku tau nyilih bukune Pak Mintoyo.

.........................................................................................................................................................................................................................................

 

13.  Nalika aku mbalikake buku sing daksilih ing omahe Pak Mintoyo lagi ditekani Pak Bupati.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

14.  Aku disalami Pak Bupati, Pak Bupati seneng banget yen ana bocah cilik kaya aku seneng maca buku.

.........................................................................................................................

.........................................................................................................................

 

15.  Pak Bupati sarombongan mulih, aku lagi bisa ketemu Pak Mintoyo.

..........................................................................................................................................................................................................................................

 

C.  Pacelathon iki tindakna ing ngarep kelas karo kancamu !

 

TUKU ABUK

 

Kalis          :   “Badhe tindak pundi, Mbah ?”

M Krama   :   “Menyang toko pertanian iki lo Le”.

Kalis          :   “Badhe mundhut menapa ketingalipun kok kesesa.”

M Krama   :   “Abuk lan obat pari. Lha kowe arep menyang endi ?”

Klais          :   “Menika lho Mbah, kula dipunutus bapak tumbas abuk kaliyan bibit.”

M Krama   :  “Wah, ya padha yen ngono. Lho kok ora bapakmu dhewe sing

                      mundhut.”

Kalis          :   “Bapak tindak Semarang  kok Mbah.”

M Krama   :   “Ana perlu apa kok tindak Semarang.”

Kalis          :  “Mundhut  disel kangge kompa kaliyan traktor.”

M Krama   :   “Wah,  nek mundhut disel karo traktor berarti sawahe amba.”

Kalis          :   “Inggih alhamdulillah Mbah cekap kangge ngragadi sekolah.

                      Mbah Krama sabinipun rak inggih wiyar ta ?”

M Krama   :   “Ya amba, nanging iki rada suda, sebab tahun kepungkur takdol

                      kanggo munggah kaji. Wis aku tak dhisiki ya le

Kalis          :  “Inggih Mbah. Mangga”

 

M = mbah


MATERI BASA JAWA KELAS IX PERTEMUAN KE-5

Assalamu'ALAIKUM wR wB

A. MATERI BASA JAWA


A. Paribasan

            Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (tulisane/unen-unene) mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan.

            Tuladha : Ana catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake (mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.

TULADHA MANEH

    1. Adhang-adhang tètèsé êmbún.

    Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.

2. Adigang, adigúng, adigunå
    Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
3. Aji gódhóng garíng.
    Wis ora Ã¥nÃ¥ ajiné/asór banget
4. Ånå catúr mungkúr.
    Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
5. Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
    Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidÃ¥.
6. Ånå gulå ånå sêmut.
    Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
7. Anak polah båpå kêpradah.
    Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwÃ¥.
8. Anggênthóng umós.
    Wóng kang ora bisÃ¥ nyimpen wêwadi.
9. Angón mångså.
    Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10. Angón ulat ngumbar tangan.
      Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.

   B. TUGAS 

GOLEKANA TEGESE PARIBASAN IKI KANTHI MBUKAK PEPAK BASA JAWA!

DIGARAP ING BUKU TUGAS.      

     B.   Paribasan-paribasan iki golekana tegese !

1)      Undhaking pawarta sudaning kiriman

2)      Sepi ing pamrih, rame ing gawe       :

3)      Kriwikan dadi grojogan                   :       

4)      Blilu tau pinter durung nglakoni     

5)      Busuk ketekuk, wong pinter keblinger    

6)      Ciri wanci lelai ginawa mati

7)      Criwis cawis                                    

8)      Dahwen ati open

9)      Dhemit ora ndulit, setan ora doyan

10)  Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

  

a. prekara cilik dadi prekara gedhe ngambra-ambra.

            b. wong liya nanging yen nganti nandhang ora kepenak mesthi dibelani.

            c. tansah slamet, ora ana pangganggu gawe sing bisa tumama (ngenani).       

           d. nacad barang darbeking liyan nanging sejatine duwe melik marang barang sing dicacad.

            e. diprentah, laire sajak wegah nanging batine sumadya lan nindakake tenan.

           f.  tanpa duwe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kamempengan.

           g. wong sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilakane.

         h. sanajan kurang kepinteran/bodho nanging wis kerep nindakake, asile luwih apik tinimbang sing pinter nanging durung tau nindakake.

           i. kabar iku lumrahe saya ngambra-ambra(mundhak saka nyatane, nanging yen kiriman lumrahe suda/kalong).

           j. duwe cacad/ pakulinan ala ora bisa mari/ilang nganti tumakaning pati

     C.   Tulisen apa paribasane kang tegese kaya kasebut ing ngisor iki! kanthi milih ing ngisore soal iki.

1)      ................................................          

Gelem melu ngrasakake senenge nanging ora melu ngetokake wragad (emoh kelangan ragat).

2)      ...................................................

Dipadhakake bocah cilik ( isih nganggo pipisan pupuk lempuyang ing embun-embunane).

3)      .................................................

Wis ora kena diendhakake (dipenggak) kekakarepane.

4)      .................................................

Nembung golek utangan marang wong liya, jebul wong sing ditembungi uga lagi arep ikhtiyar golek utangan.

5)      ....................................................

Saka puji pandongane wong akeh, muga-muga bisa klakon temenan.

6). ..................................................................................

Aweh tetulung nanging wusanane malah gawe rekasane wong kang ditulungi.

7)......................................................................................

Samubarang apa bae bisa nindakake lan orane  sawise dicoba, mulane aja kandha ora bisa sadurunge dicoba luwih dhisik.

8)...................................................................................

Tumindak bener utawa salah tembe buri mesthi bakal ana undhuh-undhuhane

           

            9).................................................................................

            Sapa sing ngati-ati bakal slamet. Sapa sing sembrana bakal cilaka.

                

10) ...................................................................................

Welas marang wong wusanane malah gawe cilakane wong sing diwelasi. (amarga saka rasa welase temahan nandhang kapitunan dhewe).

                

.        a. Durung ilang pupuk lempuyange

         b. Welas temahan lalis

          c. Golek-golek ketanggor wong luru-luru

         d. Becik ketitik ala ketara

         e. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat

         f. Keplok ora tombok

         g. Sembur-sembur adas siram-siram bayem

         h. Tulung menthung

         i. Yitna yuwana lena kena

         j. kalah cacak menang cacak