SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Rabu, 29 Juli 2020

MATERI BASA KELAS 9, KE-3

Assalamu'alaikum Wr Wb.
cara pembelajaran
1. Pahami materi kanthi permati
2. Garap tagihan minangka absensi kehadiran, lan nilai.

A. Materi Pembelajaran

KASUSASTRAN LAN KABUDAYAN JAWA

 

A.    Kasusastran Jawa

Kasusastran dumadi saka tembung susastra oleh ater-ater ka lan panambang an. Susastra asale saka tembung su lan sastra. Su tegese apik, endah (linuwih), peni adi luhung. Sastra ateges tulis, kawruh, basa, wulang-wuruk. Susastra ateges piwulang utawa tulisan kang linuwih, kang endah, kang becik. Kasusastran ateges kawruh (kagunan), utawa tulisan kang becik, edi peni amarga kababar nganggo basa kang endah utawa edi peni. Sakabehing karangan kang nggunakake basa Jawa kanthi ditulis utawa mung lisan diarani kasusastran Jawa. Dene kang ditulis nganggo basa Jawa lumrah (padinan) ora kalebu kasusastran.

Buku-buku lumrah utawa kang kagolong kasusastran Jawa dikumpulake dadi Kapustakan Jawa ( kaya anggitane R.Ng.Poerbacaraka ).

Wong linuwih kang ngripta buku kanthi basa kang endah edi peni, isine ngemu piwulang becik sarta bisa gawe keprananing para maos diarani pujangga.

 

Pujangga duweni kaluwihan 8 prakara, yaiku :

1.      Parameng kawi            :     mumpuni babagan kakawin ya crita kang sinawung ing sekar. Tegese wasis ngiukara lan basa kawi.

2.      Parameng sastra          :     mumpuni paugeraning basa; paramasastra.

3.      Awicarita                    :     wasis nganggit crita kang mranani, lan ngemu wewarah kang mandhes.

4.      Mardibasa                   :     wasis milih basa kang trep lan laras karo kareping ukara lan ngesing basa.

5.      Mandraguna                :     sugih pangawikan lan kasekten, sarta bisa memeca (nrawang lelakon kang bakal dumadi).

6.      Nawung kridha           :     terampil kridhaning basa, wasis mriksani jaman kang bakal kalakon, pirsa jangkaning jaman.

7.      Sambegana                  :     tansah elingan.

8.      Mardawa lagu             :     mumpuni babagan kagunan gendhing utawa karawitan.

 

Pujangga kang nduweni kaluwuhan kaya kasebut ing dhuwur upamane :

  1. Jaman Hindhu (Jaman sadurunge Majapahit)

1)      Prabu Darmawangsa Teguh

Prabu Darmawangsa Teguh njawakake buku Mahabarata nganti tekan 8 parwa : Adiparwa, Sabaparwa, Wirataparwa, Udyogaparwa, Asramawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa, lan Swargarohanaparwa. Sang Prabu uga njawakake saperangang buku Ramayana Walmiki, diarani Utarakandha.

2)      Empu Kanwa

Buku reriptane Arjunawiwaha, methik saka Mahabarat parwa kang kaping 3 (dijawakake).

3)      Empu Triguna (Jaman Kedhiri)

Buku reriptane Kresnayana.

4)      Empu Managuna (Jaman Kedhiri)

Buku reriptane Sumanasantaka.

5)      Empu Sedah (Jaman Prabu Jayabaya ing Kedhiri)

Buku reriptane Baratyuda.

6)      Empu Panuluh (Jaman Prabu Kertajaya)

Buku reriptane Gathutkacasraya lan Hariwangsa.

7)      Empu Darmaja (Jaman Prabu Kameswara Kedhiri)

Buku reriptane Smaradahana.

8)      Empu Tanakung (Jaman Kedhiri pungkasan)

Buku reriptane Wretasancaya lan Lubdaka.

  1. Jaman Majapahit

1)      Empu Prapanca

Buku reriptane Negarakertagama.

2)      Empu Tantular

Buku reriptane Arjunawijaya lan Sutasoma (Pusadasanta).

  1. Jaman Islam Demak lan Pajang

1)      Sunan Bonang

Buku reriptane Suluk Wijil

2)      Sunan Panggung

Buku reriptane Suluk Malangsumirang

3)      Pangeran Karanggayam

Buku reriptane Nitisruti.

  1. Jaman Mataram (Islam)

1)      Sultan Agung Anyakrakusuma

Buku reriptane Nitipraja, lan Sastragendhing.

2)      Pangeran Adilangu

Buku reriptane Babad Pajajaran, Babad Majapahit, Babad Pajang, lan Babad Mataram.

3)      Carik Bajra

Buku reriptane Damarwulan (tembang), lan Babad Kartasura.

4)      Ranggajanur

Buku reriptane Pranacitra, lan Dewi Rengganis.

5)      Sunan Pakubuwana IV

Buku reriptane Wulangreh, lan Wulangsunu.

6)      Sunan Pakubuwana V

Buku reriptane Serat Centhini.

7)      R.Ng.Yasadipura I (Yasadipura Tus Pajang)

Buku reriptane Babad Giyanti, Babad Pakepung, Cebolek, Serat Dewaruci, Serat Rama, Tajusalatin, Ambiya, Joharmanik, Serat Menak, Nawawi, Bustam, Serat Panitisastra, Wulang Sewaka, lan Serat Lokapala.

8)      R.Ng. Yasadipura II (Raden Tumenggung Sastranagara)

Buku reriptane Sasana sunu, lan Wicarakeras.

9)      R. Ng. Sindhusastra

Buku reriptane Arjunasasrabau (Babon saka serat Kandha), Partayagnya (Partakrama), Srikandhi Maguru Manah, Sumbadra Larung.

10)  K.G.P.A.A. Mangkunagara IV

Buku reriptane Wedhatama, Buratwangi, Sendhonlangenswara, Panembrama, Tripama, Salokatama, Wirawiyata, Rerepen.

11)  R.Ng. Ranggawarsita

Buku reriptane Jayengbaya, Widyapradana, Hidayatjati, Jayabaya, Purwakaning Serat Pawukon, Pustakarajapurwa, Sejarah Pari Sawuli, Uran-uran sekar Gambuh Warni 7, Rerepen Sekar Tengahan, Baratayudajarwa Sekar Macapat, Panitisastra, Cakrawarti, pawarsakan, Darmasarana, Sidawakya, Budayana, Yudayana, Ajipamasa, Pustakarajamadya, Witaradya, Kalatidha, Ajidarma, Sariwahana, Pambeganing Nata Binathara, Wedayatmaka, Purusangkara, Wedharaga, Paramayoga, Cemporet Wirid, Jakalodhang, Sabdajati, lan Sabdatama.

 

B.     Kabudayan Jawa

Kabudayan yaiku wohing pangolahing budi dayaning manungsa. Sakabehing bab kang dumadi saka budi daya utawa ulah kridhaning pikiranning manungsa kalebu kabudayan, kayata : adat tatacara, buku-buku, kawruh lan kagunan basa, sakehing gegaman, seni beksa, seni sungging, tembang – gendhing (seni swara).

Kabudayan kang ngemu kaendahaning seni disebut kagunan adiluhung utawa kagunan Jawa.

Kagunan Jawa ana 6 warna, yaiku :

1)      Kagunan swara  :  tembang, seni swara, langen swara.

2)      Kagunan karawitan  :  gangsa (gamelan), tetabuhan (musik).

3)      Kagunan beksa utawa joged.

4)      Kagunan pagelaran utawa tontonan : wayang kulit utawa wong, kethoprak, dramatari, ludruk.

5)      Kagunan tatah sungging, nam-naman, seni kaligrafi.

6)      Kagunan kasusastran (pangolahing basa tulis – lisan).

B. TAGIHAN SOAL MINANGKA ABSENSI LAN NILAI, KANTHI KLIK LINK NGISOR IKI!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar