LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN
1. PAHAMI MATERI BASA JAWA
2. KERJAKAN SOAL-SOAL SEBAGAI TAGIHAN PEMBELAJARAN
1. MATERI BASA JAWA
CERITA WAYANG
A. BAMBANG SUMANTRI
Patuladhan kang
bisa kapethik saka lelabuhane Bambang Sumantri kaya kacetha ing serat Tripama
tembang Dhandhanggula kaya ing ngisor iki:
Yogyanira
kang para prajurit, lamun bisa sami anuladha, kadya nguni caritane, andelira
sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran Patih Suwanda, lelabuhanipun, kang
ginelung tri prakara, guna kaya purun ingkang denantepi, nuhoni trah utama.
Miturut pethikan saka serat Tripama kasebut
bisa diuningani menawa Bambang Sumantri
kang tembene aran patih Suwanda iku klebu paraga wayang sing akeh sithike
nduweni sipat kontroversial. Sumantri dianggep pahlawan, karana tansah njunjung dhuwur
sipat kaprawiran, nanging uga sawetara sipate kang kurang prayoga (ala), yaiku
kaduk piangkuh (gumedhe).
Bambang Sumantri putrane Resi
Suwandagni (Suwandageni) ing padhepokan Ardisekar. Satriya bagus kang tansah
dadi panjang kidunging para kenya,
nanging ing telenging atine mung tansah kayungyun
marang kaprawiran, kanuragan, lan jaya
kawijayan. Saka genturing tapane,
panaringan kadigdayan linuwih lan gegaman kang ampuh.
Dening keng ramane, Sumantri
dhinawuhan suwita ana ngarsane Prabu
Arjunasasrabahu ing Maespati. Pasuwitane bakal ditampa janji bisa mboyong Dewi
Citrawati, putrane Prabu Citradarma ing Magada (Manggada), kinarya prameswarine
Sang Nata.
Bambang Sumantri nglurug
menyang Magada, ngalahake raja sewu negara kang dipandhegani Prabu Darmawasesa
kang uga bakal ngayunake Dewi
Citrawati. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati dalah putri dhomas, bakal katur Prabu Arjunasasrabahu.
Satekane saka Magada, Sumantri
ora enggal ngaturake Dewi Citrawati, nanging malah njaluk supaya diboboti
nganggo pancakara utawa perang tandhing kinarya nodhi sepira kadigdayane sang Nata Prabu Arjunasasrabahu. Dening
sang Prabu diladeni. Supaya aja nganti ana panyakrabawa
yen iku perange kawula mungsuh ratu gustine, mula Bambang Sumantri banjur
kaparingan ageman kanarendran loro dene sang nata. Pamrihe murih saimbang
kalungguhane, yaiku ratu mungsuh ratu.
Nalika Sang Prabu meh keseser yudane, banjur triwikrama dadi
brahala sagununganakan. Sumantri arep diuntal malang, nanging ora sida jalaran
Sumantri kang wis rumangsa kasoran banjur nglumpruk ing pangarepane sang Nata
karo nyuwun pangaksama. Sang Prabu Arjunasasra
paring pangapura, nanging Sumantri bali ditodhi kasudibyane kanggo nebus
kaluputane. Sumantri dhinawuhan muter Taman Sriwedari saka Kahyangan
Uttarasegara (Untara-segara) menyang Maespati.
Kanthi nalangsa, nggetuni
pakartine, Sumantri mulih menyang padhepokan, ketemu karo adhine Ditya
Sukasrana kang awujud buta bajang
sing rupane medeni nanging kasektene ngedab-edabi.
Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang adhine kuwi. Sukasrana saguh
mitulungi janji dikeparengake ndherek suwita ing Maespati. Sumantri nyaguhi.
Bebasan mung sakedheping netra.
Sawise manengkupuja, Sukasrana bisa
mindhah taman Sriwedari saka kahyangane Bathara Wisnu mau menyang Maespati, satemah ndadekake gumune para kawula. Prabu
Arjunasasra klawan Dewi Citrawati didherekake para putri uga ngersakake
mriksani lan nitipriksa taman iku.
Nalika lagi ngresepi kaendahane
taman dumadakan Dewi Citrawati anjelih kepati (njerit) merga meruhi ana buta
bajang ana papan kono. Rumangsa isin, adhine dikongkon mulih dhisik, dijanjeni
yen pasuwitane wis ditampa tenan, Sukasrana arep diajak suwita uga. Ning
Sukasrana ora gelem pisah karo Sumantri. Dening Sumantri banjur diagar-agari jemparing. Nanging tanpa
sengaja panah mau mrucut lan tumama ana dhadhane Sukasrana satemah ndadekake
patine. Sumantri rumangsa keduwung.
Nalika arep ngrungkebi kunarpane
Sukrasrana, sanalika ilang musna.
Saka madya gantang keprungu
suwara lamat-lamat: ”Kakang Sumantri. Aku emoh mlebu menyang suwarga menawa ora
bebarengan karo kowe. Titenana Kakang, mbesuk yen kowe tandhing tiyasa karo
ratu buta, iya ana kono nggonku methuk kowe bebarengan munggah kasuwargan”.
Bubar kuwi, pasuwitane Sumantri katampa. Winisudha
dadi patih ing Maespati aran Patih Suwanda. Kondhang minangka patih sing tansah
setya tuhu marang ratu gustine. Nalika ndherekake Sang Prabu lan Prameswarine
lelumban ana ing narmada, ketekan Dasamuka sing nedya ngarubiru. Ya nalika
nrenggalangi kridhane Prabu Dasamuka iki, wusanane Patih Suwanda tumakaning
sirna gugur minangka pahlawaning Maespati.
(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 12, 24 Maret 2012)
B. Tegese
Tembung
Gatekna tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
1.
anuladha = nyontoa, nirua
2.
andelira = sing diandelake, sing
dipitaya
3.
ginelung = dibundheli, ditaleni
4.
panjang kidunging = dadi omongan
5.
kayungyun = seneng banget, kasmaran,
kepencut
6.
kaprawiran lan jaya
kawijayan = kakendelan/kuwanen lan aji sing njalari ora bisa kalah (menangan);
7.
genturing tapane = banter utawa
nyrempeng anggone tapa
8.
suwita = ngenger, ngabdi
9.
ngayunake =
ngarepake, kepengin ndarbeni, kepengin ngepek bojo/ngrabi
10.
putri dhomas = putri cacah 800
11.
nodhi = njajal;
nyoba/neter kakendelan
12.
panyakrabawa = pandakwa, pangira
13.
keseser = kadhesek, kuwalahan, kepepet
(arep kalah perang)
14.
buta bajang = buta
kunthing/kerdhil/awake cilik
15.
ngedab-edabi = nggumunake; ngeramake;
peng-pengan
16.
manengkupuja = semedi, ngeningake cipta,
ndedonga
17.
diagar-agari
jemparing =
diagag-agagi/diweden-wedeni/diathung-athungi panah
18.
keduwung = getun banget
19.
kunarpane = jisime, layone, jasade,
mayite
20. narmada = kali, bengawan
21. ngarubiru = ngganggu gawe, ngreridhu
22. nrenggalangi =
nandhingi, ngadhepi
B. Cerita Anoman
Hanoman, bayi kawujud kethek seng lair nang masa Tretayuga dadi putra Anjani, wanara wedok. Dhisik Anjani sawadine ngrupakne widodari, nduwe jeneng Punjikastala. Amergo mubarang tumakne, dheweke lair menyang donya dadi wanara wedok.
Tumakne kasebut bisa buyar yen dheweke bayen sawong putra sing wujudake penitisan Siwa. Anjani rabi karo Kesari, sawiji wanara seng perkasa. Bareng marang Kesari, Anjani nglakoke tapa menyang adhepan Siwa , supaya Siwa gelem menjelma kanggo putra dekne kabeh.
Amarga Siwa terkesan karo pamujaan sing dilakokae saka Anjani lan Kesari, dheweke ngabulake panyuwunane kabeh karo mudhun menyang donya dadi Hanoman.
Salah siji versi, nyeritakake menawa pas Anjani tapa memuja Siwa, nek panggonan liya. Raja Dasarata nglakoke Putrakama Yadnya kanggo nyaka mudun. Pakolehe, dheweke nrima pirang-pirang panganan kanggo diparakne marang para garwane, banjur ana dina Rama bayen, Laksmana.
Bhatara lan Satrugna, dhuwur kekarepan dewata, sawiji manuk ngrebut panganan, lan nibake dheweke nek dhuwur alas ana ngendi Anjani lagi tapa. Bayu, Si dewa angin, ngiringaken panganan kasebut ben tiba nek tangan Anjani. Pungkasanipun Anjani mangan panganan kesebut, nuli laira Hanoman.
Hanoman ngadhep Rama, Sita, lan Laksmana. Salah siji versi ngomongke menawa Hanoman lair secara ora sengaja amergo hubungan antarane Bayu lan Anjani.
Diceritakake menawa nang mubarang dina, Dewa Bayu ndeleng kayon Anjani, banjur dheweke ngekepi. Anjani nesu lan mangkel amergo rumangsa ga diajeni. Ananging Dewa Bayu njawab menawa Anjani ora arep reget saka dhemokan Bayu.
Dheweke ngekepi Anjani ogag neng awake, nanging ana sajroning atine. Bayu uga celathu menawa mbesuk Anjani arep bayen sawong putra sing kakuwatane sepadan karo Bayu lan paling pinter neng para wanara.
2. Kanggo nggarap soal-soal tagihan materi. Pencet wae link ing ngisor iki!
https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSdDPLenysGpZrVt47Uc1IbOhFur5bw_dUz8YkCzQfcHtcAZbA/viewform
Tidak ada komentar:
Posting Komentar