JAKA TINGKIR
Kadipaten Pengging mapan ing sisih wetane Gunung Merapi. Biyene Pengging kabawah kraton Majapahit. Nanging bareng Majapahit wis ambruk, Pengging kabawah dadi laladan panguwasane Kasultanan Demak.
Kang ngasta panguwasa ing
Pengging wektu iku Ki Ageng Kebo Kenanga putrane Adipati Handayaningrat
panguwasa Pengging ing jamane Majapahit. Putrane Adipati Handayaningrat iku
loro yaiku Kebo Kanigara lan Kebo Kenanga.
Ing sawijining dina Ki Ageng
Pengging nampa tamu kang uga minangka sadulure sapeguron marang Syeh Siti Jenar
yaiku Ki Ageng Tingkir. Anggone rawuh menyang Pengging bebarengan karo garwane,
Nyi Ageng Tingkir. Karawuhane ing Pengging amarga panjenengane prihatin lan
nguwatirake Ki Ageng Pengging anggone wis suwe ora sowan menyang Kasultanan
Demak. Nalika ana tamu iku Ki Ageng Pengging uga lagi ngenteni laire putrane.
Bareng wis parak esuk keprungu tangise jabang bayi kang lagi lair. Bayi kang lair
kakung iku banjur diparingi nama Mas Karebet.
Sawise suwe ora sowan marang Kasultanan Demak, Sultan
Trenggana ngutus Rangga lan Tahjaya menyang Pengging. Amarga ora kasil, banjur
ngutus Patih Wanasalam. Wusana kang pungkasan ngutus Sunan Kudus kang minangka
Senapatine Kasultanan Demak supaya nyowanake Ki Ageng Kebo Kenanga (Ki Ageng
Pengging). Nanging Ki Ageng tetep ora
kersa sowan lan dadi perang. Ki Ageng nganti tumukaning seda.
Nalika Mas Karebet umur sepuluh
taun wis ditinggal seda rama lan ibune. Dheweke banjur dipundhut putra angkat
dening Nyi Ageng Tingkir. Sabanjure jenenge diganti Jaka Tingkir. Dheweke saya
gedhe dadi pemudha kang gagah tur bagus. Ing desa Tingkir dheweke ditemoni wong
tuwa kang mumpuni ilmu agamane. Dheweke ora ngerti yen wong mau sejatine
Kanjeng Sunan Kalijaga. Jaka Tingkir dingendikani yen kekuatan iku kudu
dilambari agama. Sebab kekuatane raga yen ora dilambari iman lan takwa bakal
kajlomprong ing kasombongan. Jaka Tingkir iku bocah pinter kang kudu nggolek kawruh lan pengalaman supaya bisa
kasembadan kang dadi pepinginane. Wong tuwa mau ndhawuhi Jaka Tingkir supaya
suwita (ngabdi), ing Kasultanan Demak kanggo ningkatake drajate.
Kanthi lantaran Ki Ganjur, Jaka
Tingkir ditampa dadi prajurit tamtama. Sajrone dadi prajurit tamtama dheweke
dianggep akeh lelabuhane dening Sri
Sultan. Amarga saka kasetyane, kuwanene, lan kaprawirane, sarta gedhene
lelabuhane marang Sri Sultan, Jaka Tingkir banjur diangkat dadi Lurah Tamtama
Suranata ngganteni Ki Ganjur. Sabanjure, Ki Ganjur dadi Senapati Kasultanan
Demak.
Kasultanan Demak mbutuhake
tambahan tamtama rongatus cacahe. Mula. Banjur dianakake pendaftaran calon
tamtama. Kabeh kang wis cukup persyaratane banjur diuji kaprigelane ing bab
olah kaprajuritan. Jaka Tingkir kang kapasrahan nggladhi calon tamtama. Dumadakan ana pawongan kang nimbrung melu nggladhi. Pawongan mau
arane Dhadhungawuk saka Desa Pingit Kadipaten Kedhu. Dheweke banjur nantang
Jaka Tingkir. Dadi pasulayan kang wusanane Dhadhungawuk tumekaning tiwas.
Prastawa iki ndadekake Sri Sultan duka amarga Jaka Tingkir dinakwa mateni calon tamtama kanthi kaniaya (sawenang-wenang).
Mangka sejatine Jaka Tingkir ora duwe seja mateni Dhadhungawuk. Jaka Tingkir
banjur katundhung saka Demak.
Jaka Tingkir getun marang
lelakone amarga saka ora sabare ndadekake patine Dhadhungawuk. Dheweke nerusake
anggone lelana tekan ngendi-endi.
Saenggon-enggon tansah tetulung wong kang nandhang kasusahan amarga saka
panindhese begal, kecu, rampok, lan sapanunggalane.
Ing desa Butuh Jaka Tingkir
digegulang sawernaning kawruh agama lan paprentahan dening Ki Ageng Butuh. Jaka
Tingkir digembleng kanthi latihan kang abot. Sawernaning amalan agama uga
ditindakake utamane salat bengi, dzikir lan wirid sarta pasa. Sawise pitung
sasi Ki Ageng Butuh banjur mrayogakake Jaka Tingkir supaya bali suwita menyang
Demak. Dheweke kanthi sesidheman
njujug padunungane Ki Ganjur. Sawise oleh katrangan yen Sri Sultan isih durung
kepranan penggalihe, dheweke ninggalake Demak menyang pasareyane wong tuwane,
Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging.
Sawise ziarah, Jaka Tingkir
tumuju Banyubiru. Ing kene diwejang ngelmu agama dening Ki Ageng Banyubiru. Ki
Ageng paring pitutur yen urip iku sejatine ngibadah marang Gusti Allah. Dene
ngibadah iku ana loro, ngibahahe jasad utawa awak, lan ngibadahe budi.
Ngibadahe jasad tegese nglatih awak supaya rasa kang ora becik(ala) ora manggon
ing awak. Ora kena ngresula, sudi, lan jail marang liyan. Ngibadahe budi iku
ngibadahe budi pekerti nyingkiri lan nolak tumindak kang nistha, mula kudu tumindak jujur. Dene ngibadahe nepsu iku kudu
pinter ngendaleni hawa nepsu. Dadi kudu mbuwang sipat-sipat angkara murka utawa
hawa nepsu kang nistha. Mula kudu tansah nyucekake ati, welas asih, gedhe
pangapurane lan akhire tansah mituhu (taat) marang Allah Swt.
Sawise telung sasi Ki Ageng
ndhawuhi Jaka Tingkir supaya bali menyang Demak suwita (ngabdi) marang Sultan
Trenggana. Kebeneran Sri Sultan lagi masanggrah ing Gunung Prawata. Ki Ageng
maringi srana awujud ramu-ramuan kanggo sangune Jaka Tingkir anggone arep suwita.
Lumakune gethek alon-alon ngliwati kali nganti tekan Kedhung Srengenge
yaiku perangane Kali Serang. Kancane telu pisan yaiku Mas Manca, Mas Wila, lan
Mas Wuragil gumun dene getheke ora bisa mlaku malah mung muter-muter bae. Ora
let suwe getheke wis dikupengi baya kang puluhan akehe. Baya-baya iku banjur
nrajang gethek kang ditumpaki Jaka Tingkir sabalane. Baya akeh kang mati saka
tumandange Jaka Tingkir sakancane. Dheweke saya gumun dene baya-baya mau saya
akeh kang nyerang. Ratune baya Baureksa lan Patihe Jalumampang ngamuk sawise
weruh anak buahe padha mati. Akhire Jaka Tingkir kasil ngalahake lelorone lan
prasetya bakal sabiyantu marang Jaka Tingkir anggere ora dipateni. Baureksa
nglumpukake anak buahe kang cacah patang puluh supaya nyurung lang ngiring
rakitan nganti tekan ngisore Gunung Prawata. Kanthi lelakone Jaka Tingkir iku
mau banjur ana tembung Megatruh kang cakepane mangkene :
Sigra milir, sang gethek sinangga bajul
kawan
dasa kang njageni
ing
ngarsa miwah ing pungkar
tanapi
ing kanan kering
sang
gethek lampahnya alon
Jaka Tingkir sabalane kasil
nyekel Kebodanu. Kebo dadi ngamuk sawise kupinge dileboni rempah-rempah. Kebo
nyruduk-nyruduk ngrusak apa bae kang diliwati lan terus lumayu tekan sacedhake
pasanggrahane Sultan Trenggana ing puncaking Gunung Prawata.
Sultan mirsani gladhen
kaprajuritan ing lapangan kang bawera saka ndhuwur panggung. Ing kono uga ana
Patih Wanasalam, Ki Ganjur lan Lurah Tamtama Daruni. Prameswari lan para putri
uga lenggah sacedhake Sultan. Nalika padha ngematake anggone padha nonton
gladhen kaprajuritan dumadakan ana kebo edan kang ngamuk ing papan gladhen.
Para prajurit mbudidaya nyekel lan nanggulangi pangamuke kebo, nanging ora ana
sing bisa kasil. Korban pangamuke kebo saya akeh. Wong-wong padha bubar
nylametake awake dhewe-dhewe. Sultan saka dhuwur panggung pirsa yen Jaka
Tingkir uga melu nonton gladhen. Mula banjur ngutus Daruni supaya Jaka Tingkir
nyekel kebo edan kang ngamuk. Sawise Sultan ngapura sakabehe kaluputane, Jaka
Tingkir tumandang nyekel lan kasil nyirnakake kebo.
Sri Sultan rena penggalihe
amarga bebaya wis sirna dening Jaka Tingkir. Semono uga Putri Pembayun rumangsa
bagya penggalihe amarga wong kang dadi
katresnane wis bali lan kaparingan kanugrahan minangka Senapati Prajurit
Suranata. Nanging anggone dadi Senapati ora suwe amarga Sultan banjur ngangkat
dheweke dadi Adipati Pajang kang laladane uga tilase Kadipaten Pengging duk ing
nguni. Putri Pembayun minangka dadi prameswarine.
Kawula Pajang utawa Pengging
padha seneng atine nampa tumekane pemimpine kang anyar kang ora liya tedhak
turune Ki Ageng Kebo Kenanga. Minangka Adipati kang anyar, Jaka Tingkir banjur
enggal ambangun Pajang dadi kutha kang maju. Para among tani padha oleh
kawigaten mirunggan (khusus). Para kawula padha urip ayem tentrem lan makmur.
Sawise Sultan Trenggana surud (seda), Jaka Tingkir dadi penerus panguwasa
Kasultanan Demak kanthi dadi Sultan ing Pajang kanthi sesebutan Sultan
Hadiwijaya.
( Besutan saka : Jaka
Tingkir, dening Yuliadi Soekardi lan U. Syahbudin )
B. Wangsulana pitakon-pitakon
ngisor iki nganggo basa padinan lan basa krama!
1. Sapa Ki Ageng Pengging iku?
___________________________________________________________________
2. Sapa Ki Ageng Tingkir iku?
___________________________________________________________________
3. Apa kersane Sultan Demak ngutus Sunan Kudus
menyang Pengging?
___________________________________________________________________
4. Ngapa Jaka Tingkir diutus suwita menyang
Demak?
___________________________________________________________________
5. Apa sebabe Jaka Tingkir ditundhung saka Demak?
___________________________________________________________________
C. Critakna
kanthi lesan isine wacan “Jaka Tingkir” nganggo basa krama kang trep unggah-ungguhe!
D. Nulisa crita rakyat ing dhaerahmu nganggo basa ngoko utawa krama, banjur
critakna ing
ngarepe kanca-kancamu!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar