SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 23 Juli 2020

MATERI BASA JAWA PERTEMUAN KE- 2, KELAS VIII

LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN
1. PAHAMI MATERI YANG ADA, PERSIAPKAN  PEPAK BASA JAWA
2. MENGERJAKAN TAGIHAN SEBAGAI ABSENSI KEHADIRAN SISWA DAN PENGUASAAN MATERI, DENGAN CARA KLICK LINK DIBAWAH SOAL TAGIHAN.

1.MATERI


A. Dasanama
Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos
Gatekna :      weruh ing kono duwe teges ngerti, ngertos, priksa,pana, paham.
                     Tuture tegese ngomonge, kandhane, ngendikane.
Tembung kang duwe teges luwih saka saka siji iku diarani dasanama
Dasanama asale saka tembung dasa = sepuluh, lan nama = jeneng.
Dasanama tegese jeneng pirang-pirang kang tegese padha utawa meh padha (jenenge liya).
Tuladha :
1)            Akal                   =    budi, utek, budaya, nalar, reka, pikir, angen-angen
2)            Anak                  =    atmaja, suta, sunu, siwi, tanaya, weka, putra, yoga
3)            Alas                    =    wana, bana, wanadri, wana wasa, janggala, jenggala, wanantara, walusan
4)            Angin                 =    bajra, bayu, samirana, pawana, maruta, sindhung riwut, pancawara.
5)            Bocah                 =    rare, lare, rarya, larya, walaka.
6)            Awak                 =  angga, lingga, badan, diha, dhiri, sarira, salira, raga, tubuh, wanda.
7)            Buta                   =   wil, ditya, diyu, raseksa, danawa.
8)            Cahya                 =    senen, sunu, sunar, praba, ujwala, sorot.
9)            Dewa                  =    jawata, dewata, apsara, amara, bathara, hyang, sura, widadara, dorandara.
10)        Dalan                  =    marga, margi, delanggung, gili, enu, lebuh, lurung, sopana, hawan.
11)        Geni                   =    dahana, api, apyu, agni, brama, pawata, latu.
12)        Gajah                  =    dipa, denta, dirada, dwipangga, esthi, liman.
13)        Idu                     =    kecoh, ledaka.
14)        Iwak                   =    mina, buron toya, matswa (maswa), ulam.
15)        Ilat                      =    lidhah, jihwa.
16)        Endhas               =    pathak, thothok, sirah, mustaka, murda, kepala, kumba, ulu, utamangga.
17)        Rambut              =    rema, weni, kesa, roma, sinom, jatha, (uga ateges siyung).
18)        Kembang            =    padma, sekar, puspita, sari.
19)        Kethek               =    wre, kapi, munyuk, jpris, rewanda, wanara, palwaga, kapila, pragosa.
20)        Jaran                   =    aswa, wajik, kuda, undhakan, titihan, kapal, turangga.
21)        Kebo                  =    andanu, mundhing, maesa.
22)        Kidang               =    arina, saraba, wariga, cemuru.
23)        Macan                =    mong, arimong, arima, singa, sardula, sima, pragalba.
24)        Bantheng            =    andaka, angun-angun, nandaka, jawi.
25)        Kaya                   =    pindha, kadya, lir, pendah, kadi, yayah.
26)        Ibu (embok)       =    umi, rena, wibi, biyung.
27)        Karep                 =    karsa, kapti, kayun, sedya, niyat, maksud, esthi, cipta, praya, parasdya.
28)        Langit                 =    tawang, akasa, jumantara, gegana, wiyati, boma, bomantara, awiyat, widik-widik, dirgantara, byoma, antariksa, ambara.
29)        Mati                    =    lalis, antaka, layon, palastra, pralaya, sirna marga layu, murud ing kasidan jati ,kondur dhateng tepet suci, mancal donya, tilar donya.
30)        Ula                     =    taksaka, sarpa, naga, ardawalika, sawer.

Coba saiki golekana dasanamane tembung ing ngisor iki!

1. Ati          : .....................................................................................................................
2. lanang     : ........................................................................................................................
3. Lemah     : .........................................................................................................................
4. Banyu     : .........................................................................................................................
5. Gunung   : .........................................................................................................................
6. Kembang: .....................................................................................................................
7. Omah      : .........................................................................................................................
8. Mergawe : .........................................................................................................................
9. Segara     : .........................................................................................................................
10. Srengenge: .....................................................................................................................

B.  Ngudali Ukara

Ukara yaiku kumpulane saka tembung cacahĆ© siji utawa luwih  kang mawa teges. Duwe teges jalaran tembung-tembung ing ukara mau duweni perangane dhewe-dhewe,  dene peranganing ukara kang baku iku ana 4 jinis, yaiku:
1. Jejer (J) yaiku: samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
a. Apa sing ...?
b. Sapa sing...?
2. WasƩsa (W) yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalanƩ. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
a. kepriyƩ...?
b. ngapa...?
3. LĆ©san (L) yaiku: samubarang kang dadi watesaning utawa sasarane wasesa,  Lesan, bisa kapilah ana 2, yaiku:
a. lesan panindak
b. lesan panandang
4. Katrangan (K) yaiku: yaiku kang dadi andharaning  wasesa.

Tuladha perangane ukara ing ngisor gatekna!
1. Pak Guru  nyerat  tembang gambuh  wonten papan tulis
         J             W               L                       K

2. Adhiku  sarapan  sega pecel   
         J           W           L

3. Wingi sore  simbahku  rawuh  saka Magetan
          K               J            W             K

C. Ukara ing ngisor iki udhalen manut perangan ukara utawa kalungguhane gatra! ing buku tugas.
1. Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV nganggit Serat wulang Reh taun 1808 M
……………………………………………………………………………………
2. Kidang ngendelake lumpate
……………………………………………………..
3. Ula ngendelake mandine upas
……………………………………………….
4. Gagak rimang iku mlayune banter banget
…………………………………………………..
5. Bupati Wilatikta ngasta bupati Blora kang kapisan
………………………………………………………..
6. Murid iku sinaune kudu saben dina
…………………………………………………..
7. Yen musim ketiga aja dolanan geni
…………………………………………………………
8. Anoman mlumpat saka gunung maliawan
……………………………………………………..
9. Dewi sinta mireng rengeng-rengenge Anoman
………………………………………………………..
10. Prabu Ramawijaya bisa mboyong Dewi Sinta maneh.
…………………………………………………………………

D.  Panulisan tembung Dwipurwa ing aksara Jawa
      Gatekna tuladha ing ngisor iki!
      Tetuku       = tutuku ,                          Jejagongan          = jj[g=ozn\
      Tetanen     =  tt[nn\ ,                    jejuluk                 = jujuluk\
Tulisen nganggo aksara Jawa. ing buku tugas.
1. Bebukane carita ing wayang.
      ……………………………………………………………………………………................
2. Pak Hadi paring sesorah.
      ………………………………………………………………………………………............
3. Gegodhongan kang ijo mupus.
      ………………………………………………………………………………………............
4.  Gegandhengan runtung-runtung.
      ………………………………………………………………………………………............
5. Yen memangan apa bae aja kesusu.
      ………………………………………………………………………………………............
6. Sesawahan kae katon bawera.
      ………………………………………………………………………………………............
7. Apa-apa iku nganggo tetimbangan.
      ………………………………………………………………………………………............
8.  Tetangisan ora karuan.
      ………………………………………………………………………………………............
Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan, lan saloka. 
1.      Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. 
Tuladhane : 
(1)  Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. 
(2)  Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna.
(3)  Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.
2.      Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane :
(1)  Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya.
(2)  Cebol nggayuh lintang, tegese  wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. 
(3)  Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.  
3.      Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane : 
(1)  Ketiban ndaru, tegese beja banget.
(2)  Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake.
(3)  Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun. 
4.      Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane: 
(1)  Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. 
(2)  Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane. 
(3)  adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.


2. TAGIHAN SOAL .
jawaben kanthi klik ing ngisor iki!
https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSe0JLmW2ohiLsN88ERxYujVhkKZ1JuynHpY1enabr9Ogj4ZwA/viewform

Tidak ada komentar:

Posting Komentar