SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 25 September 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 26 SEPT 2020

 

Nulis  Crita Rakyat

      A. Rungakna pamacane crita rakyat ”Jaka Bodho” dening kancamu ing ngisor iki!

Jaka Bodho

 


 

 

 

 

 

                                    Nalika semana, ana omah siji sing mencil dhewe. Ing omah iku manggon mbok randha lan anake lanang siji. Anake lanang wis jaka, umur-umurane udakara wis ana rongpuluhan taun. Nanging isih bodho banget. Ora gelem nyambut gawe mbantu wong tuwane, senengane isih dolanan karo bocah cilik-cilik.

                                    Mbok Randha bingung. Anake lanang sing wis jaka mau banjur ditukokake kebo. Karepe Mbok Randha supaya anake gelem angon. Nanging saben anake lanang jaka mau dikongkon angon kebone malah mbantah, ora gelem. Geleme yen kanthi cara dibujuk-bujuk.

                                    Ora, Nang. Kowe ora dakkongkon angon. Lha bocah bagus jare angon. Nanging kebo iki mung tutake wae saka mburinan. Diawat-awati saka kadohan. Yen lunga adoh dipenggak. Cekake kebo iku kancanana yen pinuju nyegud suket ana ing lurung utawa alas.”

                                    Elok. Kanthi tembung sing kaya mengkono mau anake lanang banjur gelem angon kebone. Pancen dhasare bocah bodho dikongkon angon ora gelem nanging yen dikongkon ngetutake lan ngancani kebo, gelem. Ya jalaran saka bodhone anake lanang Mbok Randha mau mula banjur keceluk Jaka Bodho.

                                    Jaka Bodho, nalika lagi angon kebo ana ing tengahe alas, ngerti ana wong wadon nom-noman ayu sumendhe wit gedhe. Wong wadon mau miturut anggepane si Jaka Bodho lagi turu kepati. Mula banjur digugah. Nanging panggah ora gelem tangi. Jalaran sejatine wong wadon mau wis mati.

                                    Grenenge si Jaka Bodho,  Wong wadon ayu-ayu kok turu sak nggon-nggon, lan angel banget digugah”.

                                    Wong wadon isih nom-noman tur ayu mau banjur dibopong dijak bali mulih menyang omahe si Jaka Bodho. Kebone ditinggal glanggang. Tanpa dingerteni dening simboke Jaka Bodho ngglethakake wong wadon mau sing dianggep turu angkler. Diglethakake ana ing paturone si Jaka Bodho dhewe. Banjur si Jaka Bodho arep bali maneh menyang tengah alas ngancani kebone mangan suket. Si Jaka Bodho ninggal wekas, “Wis ya ndhuk cah ayu, aku arep bali ning tengah alas ngancani kebone Simbok. Turua sing kepenak.”

                                    Ing batin si Jaka Bodho rumangsa seneng. Jalaran dheweke rumangsa nemu bojo ayu. Bali saka anggone angon, lawang kamare dibukak.

                                    Batine si Jaka Bodho maneh “Lho, isih turu ta bojoku?” Bengine si Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikak-cekikik dhewe. Rumangsane lagi ngakak guyon marang wong wadon sing dianggep lagi turu kepati mau. Dheweke babar pisan ora ngerti yen sejatine wong wadon mau wis mati.

                                    Kedaden sing kaya mengkono mau dilakoni si Jaka Bodho nganti tekan pirang-pirang bengi. Saben bengi si Jaka Bodho mung tansah cekikikan wae.

                                    Kocapa, wong wadon ayu sing wis mati mau suwe-suwe banjur ngganda bacin. Simboke ora ngerti, jalaran saben si Jaka Bodho metu saka kamar lawange dikunci saka njaba. Nganti sawijining dina si Jaka Bodho kandha marang simboke.

                                    “Mbok … mbok, aku entuk bojo ayu banget, Mbok?”

                                    “Bojo? Entuk bojo sapa?”

                                    “Bojo wong ayu. Olehku nemu ana ing tengah alas.”

                                    “Lho, bojo kok nemu?”

                                    “Tenan kok mbok. Lho kae bojoku lagi turu angkler ana ing kamarku.”

                                    Simboke Jaka Bodho banjur diajak mlebu kamare ditudui bojone. Sakala simboke alok.

                                    “Wadhuh Nang. Iki mono wong wis mati.”

                                    “Lho, simbok iki piye ta? Iki bojoku olehku nemu dhewe ing tengahe alas kok?!”

                                    “Iki mono wong wis mati ya Nang.”

                                    “Kok bisa mbok?”

                                    “Ya, yen ana wong ngganda bacin ngene iki tandhane wis mati. Kudu dikubur! Lha mula pirang-pirang dina aku kok ngganda banger. Dakkira lagi ana bathang ing sacedhake omah kene,” kandhane simboke.

                                    “Wis, Nang,  wong iki kudu dikubur,” prentahe simboke.

                                    Senajan rumangsa gela, wong mati sing dikira turu dening Jaka Bodho mau banjur dikubur dening para warga manut satataning agama.

                                    Ndrawasi banget kahanane si Jaka Bodho. Nalika wektu surub simboke dhewe diglandhang peksan dijak metu. Simboke jerit-jerit. Nanging si Jaka Bodho, sing pancen bodho tenan iku isih meksa ngglandhang simboke. Dijak menyang tengahe alas.

                                    “Ayo, mbok. Kowe kudu manut aku. Kowe bakal dakkubur, jalaran kowe wis mati,” aloke si Jaka Bodho karo tetep ngglandhang simboke.

                                    “Ora, Nang. Aku isih urip!” jerite mbok randha.

                                    “Ora mati piye? Lha genah yen kowe wis mati kok mbok. Kowe wis ngganda bacin nalika kowe ngobos mau.”

                                    Tangane mbok randha bisa uwal saka pangglandhange Jaka Bodho. Banjur mbok randha mlayu jerit-jerit njaluk tulung tangga-tanggane. Senajan rada adoh dununge tangga-tanggane, jalaran saking bantere anggone njerit mbok randha, mula tangga-tanggane banjur pating grudug, padha teka. Tangga-tanggane akeh sing padha gedheg-gedheg, gumun banget. Lan uga akeh sing rumangsa prihatin marang kahanane si mbok randha lan si Jaka Bodho.

                                    Sawetara wektu, mbok randha diungsekake turu ana ing omahe tangga. Kuwatir yen samangsa-mangsa diglandhang maneh dening si Jaka Bodho, dianggep simboke  wis mati. Jaka Bodho ana ing omahe dhewekan.

                                    Esuk umun-umun, si Jaka Bodho wis negori wit gedhang sing durung uwoh. Gedeboge banjur dikethok-kethok, disunduki digawe gethek.

                                    Gethek mau banjur dijegurake ana ing kali sacedhake omahe. Si Jaka Bodho banjur numpak gethek mau. Miturut penemune si Jaka Bodho, dheweke uga wis mati. Jalaran nalika dheweke ngobos, gandane bacin.

                                    Nanging, senajan dheweke rumangsa wis mati, dheweke wegah dikubur. Mula banjur ngentir ana ing kali kanthi numpak gethek. Mripate kala-kala diremake. Nanging, nalika mripate bali melek byar ….. Dheweke weruh wit jambu sing thukul ana ing gampeng kali. Wit jambu mau pating genteyong, jalaran lagi uwoh akeh banget, tur mateng-mateng.

                                    Si Jaka Bodho nggremeng dhewekan : “ Wih, wit jambu mateng-mateng. Eman jambu sing padha menter-menter kae aku ora bisa njupuk, jalaran aku wis mati. Saupama aku isih urip jambu-jambu kau mesthi bakal dakjupuki dakpangan. Mendah manis lan segere.”

                                    Getheke si Jaka Bodho ngentir maneh, adoh banget. Ing gampeng liya ana wit-wit gedhang sing gedhange uga mateng-mateng. Si Jaka Bodho uga nggremeng maneh, “Wah, wetengku wis luwe banget. Ika ya ana gedhang pating genteyong mateng-mateng. Nanging eman, aku wis mati.” Dheweke terus kentir katut ilining banyu lan mati amarga saka bodhone dhewe.

                                                                                                ( Pethikan saka Panjebar Semangat )

 

 

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa padinan lan basa krama!

1.      Yen ngrasakake anake lanang Mbok Randha dadi bingung. Apa sebabe?

      __________________________________________________________________

      __________________________________________________________________

2.      Ngapa anake lanang Mbok Randha diarani Jaka Bodho?

      __________________________________________________________________

      __________________________________________________________________

3.      Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikikan dhewe. Kepriye rumangsane?

      __________________________________________________________________

      __________________________________________________________________

4.      Sebab apa Jaka Bodho ngglandhang Simboke arep dijak menyang tengah alas?

      __________________________________________________________________

      __________________________________________________________________

5.      Ing pungkasane cerita kepriye nasibe Jaka Bodho? Apa sebabe?

      __________________________________________________________________

      __________________________________________________________________

 

C   Critakna isine crita “Jaka Bodho” ing dhuwur kanthi lesan nganggo basa padinan!

D.  Jlentrehna kanthi lesan watake Mbok Randha lan Jaka Bodho!

E. Tulisen piwulang becik kang bisa kapethik saka crita ”Jaka Bodho!”  

F. Nulisa crita rakyat ing dhaerahmu nganggo basa ngoko utawa krama, banjur critakna ing

     ngarepe kanca-kancamu!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar