SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 08 Oktober 2020

MATERI B JAWA KELAS 7, SABTU 10 OKTO 2020

 A. PELAJARI MATERI

B. TULIS MANEH ING BUKU TUGAS, LAN JAWABEN KANTHI NYOCOKE JAWAN KANG ANA ING NGISORE. BANJUR DISINAONI!

I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b,  c  utawa  d  minangka wangsulan kang bener!

MANGANAN JANJANG

Sedina  sadurunge  sedhekah  bumi  ,desa  Janjang,  bakul-bakul  wis  padha mara

saperlu  nata  panggonan.  Bakul  dolanan  bocah,  bakul  rupa-rupa  panganan,  bakul

sandhangn lan  liya-liyane.  Yen pinuju sedhekah bumi dalan tumuju pasareane Mbah

Janjang kiwa tengen kebak bakul kaya pasar ngalih enggon.

Dene  warga  desa  Janjang  lan  sakiwa  tengene  padha  gawe  jajan  lan  ambeng

kanggo  kaperluan  sedhekah bumi  kang mesthi  tiba  dina  J emuah  Pon  iku.  Ora  keri

Mbah Sakimah,  esuk iku Mbah Sakimah mlaku rungkuk-rungkuk turut dalan pinggir

alas jati tumuju menyang desa Janjang karo nggendhong ambeng kanggo sedhekah

bumi.

Ngelmu titen

Unen-unene  wong  Jawa”  Pinter  iku  jalaran  saka  niteni.”  Critane  kena  kanggo

niteni,  yen anggone ngedum ambeng segane kurang taun ngarep bakal larang pangan,

yen sing kurang godhonge taun ngarep bakal gagal panen mbako,  lha yen sing kurang

banyune pratandha arep tiga dawa.  Yen niteni kaya ngene iki banjur  padha ngati-ati

anggone padha olah tetanen,lan padha ngati-ati anggone nyimpen panenan.

1.  Miturut wacan ing dhuwur,sedhekah bumi ing desa Janjang dianakake ing dina ... .

a.  Jemuah kliwon

b.  Kemis Pon

c.  Kemis kliwon

d.  Jemuah Pon

2.  Unen-unene wong Jawa  ”Pinter iku jalaran saka niteni.”   Critane kena kanggo niteni  yen

anggone ngedum ambeng godhonge kurang iku pratandha ... .

a.   larang pangan

b.   arep ketiga dawa

c.   arep gagal panen mbako

d.   wong-wong padha ngati-ati

3.  Sedhekah bumi iku salah sawijining adat kang wis lumrah dianakake ing ngendi-endi. Ing

desaku sedhekah bumi dianakake ing sasi Sela,  dina  jemuah kliwon. Sadurunge dina

jemuah kliwon  yaiku dina ... .

a.   Kemis legi

b.   Kemis pon

c.   Kemis wage

d.   Setu wage

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VII      2

4.  Pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 75,  tanggal 17 Agustus

2020  dhawah  dinten  Senin  Kliwon.  Gangsal  dinten  sasampunipun  dinten  Senin  Kliwon

inggih menika dinten … .

a.  Jemuah Kliwon

b.  Setu Kliwon

c.  Setu Wage

d.  Setu Pon

5.  Mbak Laras nggawa klenthing ing bangkekan ora nganggo  gendhongan. Nggawa barang

mapan ana bangkekan lan ora nganggo gendhongan jenenge... .

a.  ngindhit

b.  mangkul

c.  mondhong

d.  nggotong

6.  Wayah  sore  pak  tani  mulih  saka  sawah  karo  nyunggi  suket  kanggo  pakan  sapi  lan

wedhuse. Nyunggi tegese nggawa suket ana ing ... .

a.  sirah

b.  bangkekan

c.  geger

d.  pundhak

7.  Pak  tani  sing  lagi  panen  pari  kae  padha  manggul  gabah  menyang  dalan.  Tembung

manggul yen ditulis aksara jawa dadi … .

a.

b.

c.

d.

8.  Nalika upacara mengeti dinten Pramuka wingi, Septiana semaput ana ing lapangan banjur

dipondhong  petugas saka tim kesehatan Puskesmas. Tembung  mondhong  yen ditulis

aksara jawa dadi … .

a.

b.

c.

d.

9.  Mangga panjenengan menawi badhe ... rumiyin, kula … mangke kemawon.

a.   wangsul, wangsul

b.   wangsul, kondur

c.   kondur, wangsul

d.   kondur, kondur

10. Bapak lunga menyang Semarang. Ukara iki yen dikramakake dadi … .

a.   Bapak tindak dhateng Semarang.

b.   Bapak kesah dhateng Semarang.

c.   Bapak lunga dhateng Semarang.

d.   Bapak tindak menyang Semarang.

11. Para siswa-siswi padha susah atine ora bisa sekolah amarga ana virus corona. Tembung

susah kosok balene … .

a.   sedih

b.   seneng

c.   becik

d.   asor

12. Dalan-dalan ing kutha wis amba lan alus nanging emane dalan ing desa-desa isih elek tur

akeh jeglongane. Kosok balene tembung amba yaiku ... .

a.   sumpek

b.   lega

c.   kasar

d.   ciyut

13. Tembung ing ngisor iki oleh seselan -in- kajaba … .

a.   tinulis

b.   peparing

c.   rinangkul

d.   cinathet

14. Gunung iku yen ( sawang ) saka kadohan katon asri.  Tembung sawang yen oleh seselan

-in- dadi ... .

a.   insawang

b.   sawangin

c.   sinawang

d.   disawang

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VII      3

Pangkur

Sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik puniku,

prayoga kawruhana,

adat waton punika dipunkadulu,

miwah ingkang tata krama,

den kaesthi siyang ratri.

15.  Ala lan becik puniku prayoga kawruhana. Tembung  becik  tegese ... .

a.  elek

b.  apik

c.  saru

d.  perlu

16.  Adat waton puniku dipun kadulu miwah ingkang tata krama den kaesthi siyang ratri.

Tembung siyang tegese … .

a.  awan

b.  bengi

c.  sore

d.  esuk

17.  Lomboke  Pak  Marwoto  katon  abang    ngebaki  pategalan  mula  wis  wiwit  diundhuhi.

Tembung saroja kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku … .

a.  tenan

b.  kaya getih

c.  banget

d.  mbranang

18.  Nengahi  mangsa  ketiga  lumrahe  banjur  ngancik  mangsa  bedhidhing.  Ing  mangsa

bedhidhing hawane adhem … .

a.  dhedhet

b.  anyep

c.  panas

d.  njekut

19.  Sekar pangkur kang winarna,  lelabuhan kang kanggo ing wong urip .  Tembung  dwipurwa

sing ana ing ukara iki yaiku … .

a.  kang kanggo

b.  winarna

c.  lelabuhan

d.  wong urip

20.  Sang  temanten  kekalih  anggenipun  lumampah  tansah  kekanthen  asta.  Ukara  iki

minangka sasmitaning tembang ... .

a.  Kinanthi

b.  Gambuh

c.  Pangkur

d.  Dhandhanggula

II.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi permati!

21.  Ganepana ukara ing ngisor iki nganggo tembung saroja kang mathuk!

a.  Sadurunge mangkat sekolah, para siswa kudu nyuwun idi …………….. marang

bapak lan ibune.

b.  Sardi tiba saka sepedha raine nganti babak …………………..

22.  Ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama alus!

a.  Ibu lunga menyang pasar.

b.  Bapak mangan sega pecel

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

23.  Tulisen nganggo aksara Jawa

Parjono nyunggi suket.

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VII      4

24.  Tulisan Jawa ing ngisor iki owahana nganggo aksara latin!

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

25.  Tembung ing ngisor iki wenehana seselan -in- !

TEMBUNG LINGGA  TEMBUNG LINGGA + -INgayuh  ………………..

cathet  ........................

kempit  ........................


JAWABAN PTS

 

                                               Mata pelajaran       :    BahasaJawa

                                               Kelas/Semester     :    VII

                                               TahunPelajaran    :    2020/ 2021

                                               Kurikulum              :   2013

 

 

I.          1.    D                    11.  B                       

2.      C                     12.  D                      

3.      C                     13.  B                       

4.      B                     14.  C                      

5.      A                     15.  B                       

6.      A                     16.  A                       

7.      B                     17.  D                      

8.      D                     18.  D                      

9.      C                     19.  C

10.   A                     20.  A                       

 

II.       21.  a. palilah

b. bundas, belur

22.  a. Ibu tindak dhateng peken.

       b. Bapak dhahar sekul pecel

23.  ?p/[jo[novu=gisuket\.

24.   Pak tani manggul gabah.

25.  

TEMBUNG LINGGA

TEMBUNG LINGGA + -IN-

gayuh

ginayuh

cathet

cinathet

kempit

kinempit

jejer

jinejer


Tidak ada komentar:

Posting Komentar