SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 11 September 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 12 SEPT 2020

 

Sengkalan

            Sengkalan yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan utawa gambar.

           

Miturut dhasar petungane taun, sengkalan dibedakake dadi 2 :

1)      Sengkalan candra sengkala

Sengkalan candra sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune rembulan.

2)      Sengkalan surya sengkala

Sengkalan surya sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune srengenge.

            Miturut wujude sengkalan iku ana loro:

            a. Sengkalan lamba yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan

            b. Sengkalan memet yaiku pengetan angkaning taun kang arupa gambar utawa pepethan.

 

            Kang dirembug ing kene mung mligi sengkalan lamba, yaiku angkaning taun kang dipengeti nganggo tetembungan, kang lumrahe digunakake dening wong-wong Jawa  ing jaman biyen. Ing jaman saiki arang banget kang migunakake.

            Tuladha:

            Trus Kawarna Sabdaning Aji  =  taun 1749 (madege kabupaten Blora)

               9         4              7          1

            Song-song gora candra  =  1799 Jawa (Serat Cemporet ; R.Ng. Ranggawarsita)

               9       9      7         1

            Putri Tata Trus Manunggil  =  taun 1953

                           3     5       9          1

           

            Katerangan :

            Carane nemtokake angka taun iku saka tengen mangiwa.

            Perlune pengetan taun nganggo tetembungan (sengkalan) kayata:

            a. Bisa kasalarasake karo prastawa utawa lelakon kang dipengeti

            b. Gampang dieling-eling lan angel laline.

 

            Dene tembung-tembung kang kanggo sengkalan iku mung tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan, kayata:

            1. watak siji       : barang kang cacahe siji, barang kang awangun bunder: bawana, bumi,

                                        srengenge, rembulan, jagad, Gusti Allah lan dasanamane,  janma

                                        manungsa.

            2. watak loro     : barang kang cacahe loro (mripat, tangan, kuping, lsp)

            3. watak telu     : geni, barang-barang kang mawa geni (panas)

            4. watak papat   : banyu, tembung-tembung kang ateges gawe

            5. watak lima     : buta, panah, angin

            6. watak enem   : araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa obah, tembung-tembung kang ateges kayu, araning sadpada (kewan sikile 6)

            7. watak pitu     : pandhita, gunung , pitu, nunggang, jaran

            8. watak wolu   : gajah, kewan rumangkang (reptil)

            9. watak sanga  : dewa, barang-barang kang dianggep bolong (gapura), terus, lsp.

          10. watak das (nol): tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, ilang, langit, utawa dhuwur

 

            Dene pandhapuke tembung-tembung kang ana ing sengkalan iku nganggo paugeran cacahe 8, yaiku:

            1. Paugeran Dasanama

                Tembung-tembung kang tegese padha (nunggal misah) kaanggep padha watak wilangane, kayata :

                 Pretiwi = kisma = pratala – 1

                 Angkasa = langit = dirgantara – 0

            2. Paugeran Sastra (tulisan)

                 Tembung-tembung kang padha panulise,  kaanggep padha watak wilangane, kayata :

                Esti (gajah) = esthi (sedya) – 8

            3. Paugeran wanda

                 Tembung-tembung kang duweni wanda padha,  kaanggep padha watak wilangane, kayata :

                 Dadi = waudadi (segara) – 4

            4. Paugeran warga

                 Kang nunggal warga (golongan) dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Ula = baya – 8

            5. Paugeran karya (pakarti)

                 Baran karo pakartine  dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Mripat = mandeng – 2

            6. Paugeran sarana (piranti)

                 Piranti lan gunane dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Ilat = rasa = pait – 6

            7. Paugeran sipat

                 Barang karo sipate dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Geni = panas – 3

            8. Paugeran jarwa (teges)

                 Tembung lan tegese dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Retu = oreg = geger = obah – 6

 

 

 

1.Ukara Ora Ganep (Elip)

            Ukara ora ganep (Elip) yaiku ukara kang mung duwe jejer bae, mung duwe wasesa bae, mung duwe lesan bae, utawa ora duwe telu-telune.

            Tuladha:

            1. Duwe jejer tanpa wasesa

                 Bocah wadon sing pinter nembang Jawa iku.

            2. Duwe wasesa nanging tanpa jejer

                 Balia saiki!

            3. Duwe lesan tanpa jejer lan wasesa

                             Layang ulem (upamane kanggo mangsuli pitakon, ”Bulik Siti nulis apa?”)

            4. Ora duwe wasesa,  apa dene lesan (mung duwe katrangan)

                             Ing bale desa.(kanggo mangsuli pitakon, ”Perangkat Desa padha rapat ing endi?”)

 

      B.  Ukara-ukara elip iki klebu sing endi?

            1. Saben dinten Senen lan Kemis.       = …………………………..

            2. Mangkata saiki bae!                                                = …………………………..

            3. Bocah lanang sing pinter dhewe ing kelasku                      = …………………………..

            4. Sholata ing mesjid kene!                             = …………………………..

            5. Pak Guru Basa Jawa sing daleme Sesa, Jepon.                   = ..........................................

2. Ukara Ganep

            Ukara genep yaiku ukara kang saora-saorane duwe jejer lan wasesa

            Tuladha:

            1. Novita ndedonga.

            2. Fitria nggoreng peyek.

            3. Handayani maca Al Qur’an ing mesjid.

           

            Tuladha pangracuting ukara ganep:

            Novita  ndedonga

                   J          W                                                                                   

            Fitria nggoreng peyek

                  J      W          L

            Handayani maca Al Qur’an ing mesjid

               J                   W      L                K papan

 

    B.    Gawea ukara kang ayahane tembung-tembunge kaya kasebut ing ngisor iki!

            1.    JW

                   _____________________________________________________________

            2.    JWL

                   _____________________________________________________________

            3.    JWLK

                   _____________________________________________________________

            4.    KJWL

                   _____________________________________________________________

            5.    KJW

                   _____________________________________________________________

 

    C.    Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen!

            1.    Prasetyo lungguh ing kursi.

                   _____________________________________________________________

            2.    Maca tulisan Jawa Yuliana

                   _____________________________________________________________

            3.    Nembang macapat, Yoga ing kelas

                   _____________________________________________________________

            4.    Rendhengan iki nggarap sawahe, Pak Tani

                   _____________________________________________________________

            5.    Susilo esuk mau  sarapan pecel.

                        __________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar