A. MATERI BASA JAWA
B. HASIL ULANGAN HARIAN
A.
1. Dina
Lan Pasaran
Coba setitekna !
Dene warga desa Janjang lan sakiwa
tengene padha nggawe jajan lan ambeng kanggo kaperluan sedhekah bumi kang
mesthi tiba dina Jemuah Pon iku. Dina Jemuah Pon tegese Dina Jemuah lan pasrane
Pon. Dene carane nggathukake dina lan pasaran kaya ing ngisor iki :
NO |
JENENGE
DINA |
NO |
JENENGE
PASARAN |
CARANE
NGANGGO |
1 |
Senen |
1 |
Pon |
Jemuah
Pon |
2 |
Selasa |
2 |
Wage |
Setu
Wage |
3 |
Rebo |
3 |
Kliwon |
Ngaat
Kliwon |
4 |
Kemis |
4 |
Legi |
Senen
Legi |
5 |
Jemuah |
5 |
Paing |
Selasa
Paing |
6 |
Setu |
|
|
Rebo
Pon |
7 |
Ngaat
/Akat |
|
|
Kemis
Wage |
|
|
|
|
Jemuah
Kliwon |
|
|
|
|
Setu
Legi |
|
|
|
|
Lan
sapiturute |
Gladhen!
1.
Semenika
dinten Selasa Wage benjing dinten .....................................
2.
Samenika
dinten Rebo Pon benjing dinten ..........................................
3.
Samenika
dinten Kemis Kliwon benjing dinten ....................................
4.
Samenika
dinten Setu Legi benjing dinten ...........................................
5.
Samenika
dinten Akat Pahing benjing dinten .......................................
2. Kawruh
Basa
·
Solahe wong nggawa
Mbah Sakimah esuk iku mlaku rungkuk-rungkuk turut dalan pinggir alas
jati tumuju menyang desa Janjang karo nggendhong ambeng kanggo sedhekah
bumi.
Tegese Mbah Sukimah nggawa
ambeng kanthi cara digendhong.
Digendhong ana digendhong ngarep (weteng), digendhong ing bangkean (iringan),
digendhong mburi (geger).
Ing ngisor iki nggawa
barang sing kepriye? Wangsulana nganggo basa krama kang mathuk!
1.
Digotong =
..........................................................................
2.
Dicengkiwing =
..........................................................................
3.
Diindhit =
..........................................................................
4.
Dipondhong =
..........................................................................
5.
Dibopong =
..........................................................................
6.
Ditundheng =
..........................................................................
7.
Dipikul =
..........................................................................
8.
Dipangkul =
..........................................................................
9.
Disunggi =
..........................................................................
10. Dikempit = ..........................................................................
11. Dicangking = ..........................................................................
Gawea ukara nganggo tembung-tembung
ing ngisor iki nganggo basa krama kang mathuk!
1.
Digotong =
..........................................................................
2.
Dicengkiwing =
..........................................................................
3.
Diindhit =
..........................................................................
4.
Dipondhong = ..........................................................................
5.
Dibopong =
..........................................................................
6.
Ditundheng =
..........................................................................
7.
Dipikul = ..........................................................................
8.
Dipangkul =
..........................................................................
9.
Disunggi =
..........................................................................
10. Dikempit = ..........................................................................
11. Dicangking = ..........................................................................
TEKS CERITA RAKYAT
A.
Rungokna !
BALADA KLETING
KUNING
dening
Suripan Sadi
Hutomo
Sapa ta sing ra bakal ngruntuhake iki waspa
Yen si kleting tansah dipilara mbok randha
Yen si kleting tansah dipilara sedulur
tuwa?
Kleting kuning ! Kleting kuning!
Kenya ayu anak angkate mbok randha sambega
Kenya ayu kasihane para jawata
Wau ta si kleting kuning
Kinongkon ngumbah dandang tembaga
Nganti mencorong kaya teja
Wau ta si kleting kuning
Nyangking dandang ngener menyang kali
bening
Nyangking dandang kambi nangis
andrenginging
Endi dandangmu, nini
Aku bangu thonthong kang bakal ngumbah ana
kali!
Cinandhak dandang kinempit swiwine sang
sekti
Kinumbah dandang mencorong kaya nalika lagi
jinedhi
Iki dandangmu lan iki sada lanang wasiat
wesi aji
Tampanana nini lan den enggal kowe bali
Awit sedulurmu padha budhal nggah-unggahi
Andhe-andhe lumut ing dhukuh wuluhan desa
pasirapan peni
Wau ta si bangu thonthong
Ilang musna malih dadi dewa suralaya
Bali makayangan ing swarga loka
Angin semribit angganda cendhana
Kagyat mbok randha dhadhapan mbok randha
sambega
Dene si kuning ngempit dandang mencorong
teja
Iki apa dandang saka swarga
Kang kok tuku nganggo ngorbanake salira?
Sang dyah ayu meneng ra suwala
Atine remuk kaya binanting ing Sela
Wau ta sang dyah ayu kleting kuning
Monthah anyuwun palilahe mbok randha
sambega
Arep nggah-unggahi sang bagus teruna
Kaya kleting biru, dhadhu, ungu sedulur
tuwa
We la bocah ora kaprah
Rupamu elek kaya silit tampah
Ambumu banger kaya kembang bangah
Kowe arep nggah-unggahi jejaka bagus
Anake mbok randha wuluhan kang kumenthus?
Cinandhak sang dyah ayu kleting kuning
Pinupur telek pitik tinapih klaras gedhang
Setagen tampar memehan kinembang eri
bandhotan
O, langit biru cakrawala
Apa bener tindake iki mbok randha sambega?
Budhala kowe nek arep lunga
Nanging poma aja bali ing omahku sigra
Jumangkah sang dyah ayu kleting kuning
Teka ing bengawan silugangga
Bengawan banjir prahu tambang ora ana
Bingung si kuning arep nyabrang sigra
Eeee, minggat kowe si kere budhugen
Aku yuyukangkang tukang tambang bengawan
Eeee, si buron banyu aja ngadhang lakuku
Aku dudu wanita tuna susila adol salira
Aku dudu bangsane buron kang kena kok
mangsa
Wau ta sang dyah ayu kleting kuning
Angunus sada lanang saka kayangan
Sinabet banyu bengawan ilang banjir
bandhang
Yuyukangkang mati njrekakang
Bangke ilang bali makayangan
Wau ta sang dyah ayu anak sambega
Teka ing wuluhan pinapak jodheg lan santa
Mitra rewange sang pekik andhe-andhe lumut
sulistya
Ginojek parikena
Wau ta mbok randha wuluhan desa pasirapan
Mapagake si kuning irung tinupup kembang
amrik angganda
Eeee, gendhuk kowe njaluk apa
Sega karak apa sega ketela?
Adhuh nyai kula nyuwun pangaksama
Kula badhe nggah-unggahi kang putra
Kaged mbok randha wuluhan desa pasirapan
krungu swara
Amandeng pucuking netra
Rupamu elek ambumu kelek kethek
Apa kowe bisa bakal katrima?
Wis ping pira para kenya
Kenya ayu dharah mbok randha dhadhapan mbok
randha sambega
Tinampik ring sang pekik
We la yen kowe ameksa
Dak jalukke palilah sang jejaka
Angin sumribit angganda cendhana
Sumriwing ing kuping
Manuk ngoceh ing pakebonan
Apa kang bakal linakonan?
“Putraku ngger si andhe-andhe lumut
Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi
Putrine kang elek rupane
Kleting kuning itu kang dadi asmane”
Kaged mbok randha wuluhan mbok randha
pasirapan
Si kleting rinangkul siniram banyu sendhang
kencana
Badhar si kuning dadi dewi sekartaji dewi
galuh candrakirana
Badhar si bagus dadi raden panji inu
kertapati putra jenggala
Wau ta mbok randha dhadhapan mbok randha
sambega
Kaged asemu gela dene wis milara sang dyah
ayu kusuma
Ah, apa kang bakal tinampa
Keris apa pedhang anigas jangga?
B. Tembung-tembung
kang angel
1.
ngruntuhake = netesake
2.
waspa = eluh
3.
kenya = prawan
4.
jawata = dewa
5.
kinongkong
= (saka tembung kongkon + -n
dadi kinongkon) tegese dikongkon
6.
teja = cahya,
sorot, sinar
7.
ngener = mlaku ngenceng
8.
cinadhak = (saka tembung candak + -in dadi
cinandhak ) tegese dicandhak
9.
kinempit = (sakat tembung kempit + -in
dadi kinempit ) tegese dikempit
10. kinumbah = (saka tembung kumbah + -in dadi kinumbah) tegese
dikumbah
11. jinedhi = (saka tembung jedhi + -in dadi jinedhi) tegese
cithak
12. sada lanang = jenenge pusaka
13. wasiat wesi aji = pusaka
14. nini =
sebutan kanggo bocah wadon
15. nggah-unggahi = nglamar
16. wuluhan = jenenge padhukuhan
17. pasirapan peni = jenenge desa
18. musna =
ilang
19. suralaya = jenenge kayangan
20. makayangan = mapan ana kayangan
21. angganda = mambu
22. swarga loka = panggonan swarga
23. cendhana = kayu sing ambune wangi
24. salira =
awak
25. ra suwala = nurut
26. binanting = (saka tembung banting + -in dadine banting) tegese
dibanting
27. monthah = brontak
28. palilah = ijin
29. teruna =
enom, nom-noman, pemudha
30. kumenthus = sombong
31. pinupur = (saka tembung pupur +-in dadi pinupur) tegese
diwedhaki
32. tinapih = (saka tembung tapih + -in dadi tinapih) tegese
ditapihi, dianggoni jarit
33. kinembang = (saka tembung kembang + -in dadi kinembang) tegese
dianggoni kembang.
34. setagen = udhet
35. poma =
eling
36. sigra =
cepet
37. cakrawala = langit
38. jodheg lan santa = jenenge bature Andhe-Andhe Lumut
39. sulistya = ayu utawa bagus
40. amrik =
arum, wangi
41. pangaksama = pangapura
42. netra =
mripat
43. tinampik = ditolak
44. pekik =
bagus
45. kencana = emas
46. badhar =
malih rupa dadi
47. kusuma =
kembang, putri kang endah
48. jangga =
gulu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar