SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 25 September 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 8, SABTU 26 SEPT 2020

 

TEKS BERITA

 

I.  TEKS BERITA KERAJINAN KAYU BLORA

A. Macanen!

KERAJINAN KAYU BLORA

    Kabupaten Blora wis kawentar ing  papan ngendi wae menawa dhaerah iki gudhange gudhange kayu jati. Pranyata bener sebab tlatah iki  ing sadhengah panggonan ana wit jatine, jati alas apadene jti sing ana ing kebonan. Mula ora aneh yen ing Blora wewangunan apa wae migunakake bahan baku saka  kayu jati, wiwit omah, perabotan omah, nganti barang-barang hiasan liyane.

    Kanthi anane kerajinan kayu mangkene iki pranyata bisa kanggo nambah wulu pamentu pendhudhuk. Sasuwene iki kearajinan kayu ing Blora akeh-akehe diayahi dening wong-wong tuwa. Saeba apike menawa manawa sing ngayahi uga wong-wong enom, bocah cilik, lanang wadon kang nduwe keprigelan ing babagan ngolah kayu saengga dadi saya ngrembaka.

    Sasuwene iki kerajinan kayu saka Blora dipasarake ing kutha-kutha sakiwa tengene saengga durung bisa ngundhakake Pendapatan Asli Daerah ( PAD ). Mula saka iku perlu bimbingan saka pemerintah supaya mutune luwih apik lan variasine werna-werna sarta bisa ngambah pasaran nasional apadene internasional. Semono uga perajin yen perlu uga ditambah modhale supaya perusahaane saya gedhe kang tundhone bisa dadi barang-barang ekspor.

    Luwih prayoga yen para perajin gelem merlokake  styudi banding menyang dhaerah liya kaya ta : Jepara, Kudus, Solo, utawa Bali. Kerajinan kayu saka Jepara wis dadi bahan ekspor, mula wargane akeh kang pakaryane sadina-dina ngolah kayu, tuwa enom, gedhe cilik. Mula dhaerahe bisa ngundhuh keuntungan sing gedhe nambah asile dhaerah saengga dadi dhaerah maju. Semono uga Solo senajan adoh alas lan kayu nanging akeh perusahaan kayu, mebel malah kepara sinebut sentral industri mebel kang bisa nyedhot tenaga kerja kang akehe nomer loro sangisore industri tekstil.

    Ing Blora sentra industri  kerajinan tangan ana ing Jepon lan Jiken. Wiwit saka industri rumah tangga nganti perusahaan gedhe. Malah ing dhaerah Jepon sisih wetan  dibangun papan kanggo dodolan maneka warna kerajinan tangan saka Blora.

 

B.   Negesi Tembung

1. diayahi                                    : ditandangi

2. wulu pametu                          : asil, pengasilan

3. sadhengah panggonan          : ing endi-endi enggon

4. ngrembaka                             : dadi akeh, tambah akeh

5. kawentar                                : kondhang, kaloka, terkenal

C.   Gawenen ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki !

1. diayahi           : …………………………………………………………………….....

2. sadhengah panggonan: …………………………………………………………….

3. ngrembaka    : …………………………………………………………………….....

4. wulu pametu : …………………………………………………………………….....

5. kawentar       : …………………………………………………………………….....

 

D.   Wangsulana pitakon ing nisor iki !

   1. Ngapaa Blora sinebut gudhange kayu jati ?

……………………………………………...…………………………………………………………………………………………...............................................................

2.  Kanggo apa wae kayu jati ing Blora ?

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………............................................

   3. Kerajinan kayu Blora durung dikenal ing mancanegara apa sebabe ?

…………………………………………………………………………………………………………………........................................................................................  

    4. Para pengrajin kudu oleh bimbingan  lan tambahan modhal saka sapa ?

………………......................................................................................................

         ………………………………………………………………………………………...

5. Dhaerah Jepara lan Solo luwih maju kerajinan tangane, kepriye larah-larahe ?

...........................................................................................................................    ……………………………………………………………………………………..........


D. Gatekna !

Pepindhan

 Tembung “pepindhan” asale saka tembung “pindha” karangkep purwane lan oleh panambang an.

Pindha ateges  kaya, lir, kadya, pendah.

Sing diarani pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, emper-emperan.

Tuladha :

1. Grana rungih pindha kencana pinatar,

Tegese irung kang cilik bangir meleng-meleng kaya emas(kencana) kang dielus.

2. Tandange kaya jangkrik mambu kili.

 Tegese polah tingkahe usreg kaya jangkrik yen dikileni supaya galak.

Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana supaya dadi pepindhan !

1.  Kulite kuning pindha ………………………………………………………

2. Bocah sakloron iku rupane pindha ………………………………….......

3. Para prajurit ing palagan tandange gegirisi  kaya ……………............

      4. Buta sagunung anakan iku swarane kaya …………………………......

5. Wong iku amarga saking bingunge polahe kaya………………...........

6. Bocah wadon iku sing becik ruruhe kaya ………………………..........

7. Wong jejodhohan iku biasaa kaya…………………………………........

8. Wong iku anggone sesumbar kaya …………………………………......

9. Warna putih kumpul padha putih  kaya …………………………...........

10.Kenya ireng manis iku anggone joged kaya ……………………………


Tidak ada komentar:

Posting Komentar