SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 25 September 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 7, SABTU 26 SEPT 2020

 

TEKS CERITA PENGALAMAN

 

A.   Nonton Wayang Wong

 

                                                    RATU BEL GEDUEL BEH

 

         Nalika lagi wae lulus kelas VI aku lan kanca-kancaku nonton acara perpisahan ana ing SMP cedhak sekolahanku. Tekan SMP acarane lagi wae wiwit, tari gambyong wis tekan tengah-tengahan mula ora suwe tari gambyong mau rampung. Aku lan kanca-kancaku kepingin banget nonton pentas wayang wong nanging isih kudu sabar dhisik amarga isih ana acara-acara sing kudu diliwati. Acara siji mbaka siji diliwati nanging aku ora pati ngerti jalaran aku seneng nyawang bocah-bocah sing arep pentas wayang wong kang lagi siap-siap arep pentas. Ana sing bocahe gendhut didadekake Semar, sing kuru didadekake Gareng lan sing liya-liyane aku ora paham.

       Atiku seneng nalika pambyawara nggiyarake yen pentas wayang wong arep kawiwitan kanthi Lakon Ratu Bel Geduel Beh. Pambyawara banjur nepungake paraga wayang wong mau siji-siji, aku ora kelingan jenenge siji-siji nanging aku kelingan sing dadi Semar bocahe lemu lan gawe ger-geran nalika lagi wae metu. Lan sing ora kalah lucune nalika bocah sing dadi anake Petruk metu, para tamu undhangan ngguyu kepingkel-pingkel.

       Aku ora ngerti babar pisan sapa ta Ratu Bel Geduel Beh iku. Aku nggatekna tenanan kepriye mengko ceritane. Sing metu pisanan jebul Petruk. Petruk pingget atine nyawang negara Ngamarta saya suwe ora dadi apik nanging malah saya rusak. Para kawula saya nandhang sengsara. Petruk kepengin banget labuh negara Ngamarta supaya enggal-enggal dadi apik. Petruk banjur nenepi ana alas. Sajroning nenepi dirawuhi Bathara Narada. Bathara Narada paring srana arupa pusaka lan busana ratu supaya Petruk bisa  ngowahi negara Ngamarta dadi apik.

       Petruk banjur nganggo busana paringane Bathara Narada mau lan ganti jeneng Ratu Bel Geduel Beh. Lha aku lagi paham yen Ratu Bel Geduel Beh iku sejatine Petruk sing lagi nyamar laku. Ratu Bel Geduel Beh banjur ngrebut negara Ngamarta. Werkudara, Janaka, Nangkula lan Sadewa sing sekti mandraguna ora bisa ngalahake Ratu Bel Geduel Beh amarga pinaringan pusaka sekti saka Bathara Narada. Mula Bel Geduel Beh dadi ratu ing Ngamarta. Dasar pancen sejatine Petruk kok dadi ratu  mula bebasan ‘kere munggah bale’,  banjur ngaji mumpung, sapa sira sapa ingsun, njaluk apa-apa lan kabeh kudu diladeni, lan apa-apa kudu dituruti.

        Lha Dewi Ambarawati bingung atine amarga nggoleki Petruk sing ora bali-bali. Dheweke takon marang Gareng lan Bagong nanging Gareng lan Bagong uga ora weruh menyang endi lungane Petruk. Nalika isih padha bingung jebul Semar teka banjur ditakokna menyang endi lungane Petruk. Semar banjur migunakake aji-aji penerawangan, Semar pirsa dununge Petruk, nanging ora dicethakake.

       Gareng lan Bagong diprentah Semar supaya nglarapake Dewi Ambarawti lan anak-anake menyang negara Ngamarta. Gareng diparingi pusaka kanggo srana baline Petruk. Tekan Ngamarta Gareng, Bagong, Dewi Ambarawati lan anak-anake klakon ketemu Ratu Bel Geduel Beh. Gareng, Bagong lan Dewi Ambarawati ora pangling yen Ratu Bel Geduel Beh iku sejatine Petruk, nanging Petruk ora gelem ngaku. Ratu Bel Geduel Beh ditamani pusaka paringane Semar sanalika malih dadi Petruk.

       Semar rawuh ora tega marang anak-anake: “Lae lae, mbregegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel. Thole, Gareng lan kowe Bagong aku ora negakake kowe, atiku melang-melang bebasan ninggal bayi ana sapinggiring blumbang, mula kowe daktututi tekan kene.”  Ngerti Semar teka Werkudara banjur protes, “Semar!, Petruk, anakmu, pancen kurang ajar!. Banjur diarih-arih Putadewa, “Wis, Dhi sing uwis ya wis. Semar rumangsa luput banjur nyuwun pangapura kanggo Petruk, “Ndara Punta, kula nyuwun aksama dene anak kula pun Petruk kumawantun nglengser kalenggahan paduka. Puntadewa kang kagungan watak sabar banjur ngendika, “Kakang Semar, Petruk sampun ingsun paringi aksama, lajeng wonten kahanan kados mekaten menika saenipun kedah kados pundi, Kakang Semar?” Semar banjur paring wejangan kaya mangkene : “Saenipun tiyang menika kedah mangertos jejibahanipun piyambak-piyambak, sampun ngantos kemeren kaliyan liyan. Menawi jatahipun Bagong inggih Mbagonga ingkang sae, yen jatahipun Petruk inggih Metruka ingkang sae, sampun kemeren kepingin dadi ratu malah mbubrahake kahanan. Menawi sedaya sampun nindakaken jejibahanipun piyambak-piyambak kanthi sae insya Allah Negari sukerta Negara Ngamarta enggal badhe  ical lan dados negari ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja. Sawise semar paring wejangan pentas wayang wong dipungkasi. Aku lan kanca-kancaku mulih, sajroning batinku yen mbesuk ditampa sekolah ing kene arep melu dadi wayang wong.

 

B.   Negesi tembung kang angel

 

1.    Busana                      = klambi

2.    Pusaka                      = gaman

3.    Kere munggal bale   = wong asor entuk palungguhan

4.    Ngaji mumpung        = mumpung bisa

5.    Sapa sira sapa ingsun= gumedhe, ngatonake panguwasane

6.    Nglarapake               = ngeterake

7.    Mbregegeg               = meneng

8.    Ugeg-ugeg                = obah

9.    Sadulita                     = sithik

10. Hemel-hemel            = mangan

11. Melang-melang         = kuwatir

12. Kaya ninggal bayi ana sapingggiring blumbang= kuwatir banget

13. Nyuwun aksama      = njaluk pangapura

14. Jejibahan                  = kewajiban

15. Gemah ripah loh jinawi = negara kang subur murah pangan murah sandhang

16. Tata tentrem kerta haharja = tertib, aman, damai

17. Wejangan                  = wewarah

A.   Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama kang mathuk!

 

1.    Sapa sing nyritakake pengalamane sing nyenengake mau ? .............................................. .............................................................................................................................................

2.    Pengalaman sing dicritakake iku kapan ditindakake ? ....................................................... ...............................................................................................................................................

3.    Pengalaman iku mau ditindakake ana ngendi ? ................................................................... ...............................................................................................................................................

4.    Pengalaman apa kang ditindakake ? .................................................................................... ...............................................................................................................................................

5.    Kena apa Petruk nyamar dadi Ratu Bel Geduel Beh ? ......................................................... ...............................................................................................................................................

6.    Pandhawa iku sapa wae ? .................................................................................................... ...............................................................................................................................................

7.    Punakawan iku sapa wae .....................................................................................................

 

8.    Dewi Ambarawati iku sapa ? ................................................................................................

9.    Kepriye wejangane Semar marang Pandhawa lan anak-anake ? ........................................ .............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................


Tidak ada komentar:

Posting Komentar