A. MATERI BASA JAWA
B. HASIL ULANGAN MINGGU WINGI
A.
Gatekna
!
Pepindhan
Tembung
“pepindhan” asale saka tembung “pindha” karangkep purwane lan oleh panambang
an.
Pindha
ateges kaya, lir, kadya, pendah.
Sing
diarani pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban,
emper-emperan.
Tuladha :
1. Grana rungih pindha kencana pinatar,
Tegese irung kang
cilik bangir meleng-meleng kaya emas(kencana) kang dielus.
2. Tandange kaya jangkrik mambu kili.
Tegese polah tingkahe usreg kaya jangkrik yen
dikileni supaya galak.
Ukara-ukara ing ngisor iki
ganepana supaya dadi pepindhan !
1. Kulite kuning pindha ………………………………………………………
2. Bocah sakloron iku
rupane pindha ………………………………….......
3. Para prajurit ing
palagan tandange gegirisi kaya ……………............
4. Buta sagunung anakan iku swarane kaya
…………………………......
5. Wong iku amarga
saking bingunge polahe kaya………………...........
6. Bocah wadon iku
sing becik ruruhe kaya ………………………..........
7. Wong jejodhohan
iku biasaa kaya…………………………………........
8.
Wong iku anggone sesumbar kaya …………………………………......
9.
Warna putih kumpul padha putih kaya
…………………………...........
10.Kenya
ireng manis iku anggone joged kaya ……………………………
III. Micara
- Unggah-ungguh Basa
Matur utawa ngaturake
apa wae marang wong kang luwih tuwa utawa wong kang kudu diajeni becike nganggo
basa krama alus.
Tuladha : Arep matur bapak yen ing Menara mau ketemu Bu Guru.
Mature :
1. Pak kula wau kepanggih Bu Guru nembe tumbas buku teng toko Menara.
2. Pak kula kalawau kepanggih Bu Guru nembe mundhut buku wonten toko Menara.
Ukara nomer
siji nganggo basa krama lugu kurang trep, ukara nomer loro nganggo basa krama
alus. Matur marang wong tuwa sing trep nganggo basa krama alus kaya ukara nome
loro.
- Ukara ing ngisor iki dadekna basa krama alus !
1. Pak Martoyo
diterake anake ana ing terminal, Pak
Martoyo arep lunga menyang Semarang.
..................................................................................................................................................................................................................................................
2. Pak Parjo
tekane paling isuk dhewe amarga arep nglatih upacara ing lapangan sekolahanku.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
3. Aku arep kandha
dhewe karo Bu Guru isin, mula kancaku dakkongkon ngandhakna Bu Guru.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
4. Aku dikongkon
Pak Guru nggawa kayu kanggo gawe pigura gambar presiden ana ing ruangan
kelasku.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
5. Pak Guru nggawa
gambar presiden lan wakil presiden nanging durung ana pigurane.
..........................................................................................................................................................................................................................................
6. Pak Guruku
diundang Pak Presiden ana ing Jakarta arep diwenehi hadiah amarga dadi juara
guru teladhan nasional.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
7. Kandhane bapak
Kepala Sekolah Pak Mintoyo baline sesuk sore, saka Jakarta numpak pesawat tekan
Semarang, saka Semarang tekan Blora numpak bus.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
8. Pak Mintoyo
saka Jakarta nggawa oleh-oleh klambi kanggo bojone.
..........................................................................................................................................................................................................................................
9. Ibu Kepala Dins
Pendidikan Kabupaten Blora uga menehi hadiah marang Pak Mintoyo.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
10. Nalika aku menyang
omahe Pak Mintoyo, aku ngerti Pak Mintoyo duwe perpustakaan dewe ana omahe.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
11. Pak Mintoyo
kerep tuku buku-buku kang anyar, aku seneng yen menyang omahe Pak Mintoyo bisa
nonton buku-buku kang apik-apik.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
12. Bukune Pak
Mintoyo oleh disilih, aku tau nyilih bukune Pak Mintoyo.
.........................................................................................................................................................................................................................................
13. Nalika aku
mbalikake buku sing daksilih ing omahe Pak Mintoyo lagi ditekani Pak Bupati.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
14. Aku disalami
Pak Bupati, Pak Bupati seneng banget yen ana bocah cilik kaya aku seneng maca
buku.
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
15. Pak Bupati
sarombongan mulih, aku lagi bisa ketemu Pak Mintoyo.
..........................................................................................................................................................................................................................................
V.
CERITA SEJARAH
A. Rungokna kancamu kang maca cerita iki, lan golekana
apa piwulang kang ana isine cerita iki!
Naya Gimbal
Nama Naya Gimbal iku sawijining nama karan sawijining
pawongan. Nama kang sabenere yaiku
Sentika. Amarga rambute kang diingu dawa mula akeh kang ngarani gimbal.
Sentika duwe uni “ora motong rambute yen durung bisa nyingkirake kumpeni saka
tanah Jawa”. Dene Naya nama sawijining laskar prajurite Pangeran Diponegoro
nalika lumawan marang Walanda. Kanggo gampangake pangeling-eling marang Sentika
mula karan Naya Gimbal utawa Naya Sentika.
Kacaritake sawise Pangeran Diponegoro kapilut dening
Walanda, akeh para prajurite kang padha mawut golek slamet dhewe-dhewe, suthik ngaku kalah marang walanda, malah saya
ndadra serike marang Walanda. Ing batine tansah mbudidaya kepriye bisane
nyingkirake bangsa Walanda iku saka tanah Jawa. Semono uga Sentika, dheweke
mlayu mangalor nganti tekan ing wewengkon Kabupaten Bengir. Naya Sentika ora
maton mapan dununge, tau ana ing Desa Bangsri, Kembanglan liya-liyane. Kajaba
kanggo pandelikan uga sinambi ngamat-ngamati bangsa Walanda lan uga ngumpulake
kekuatan kanggo perang mungsuh Walanda.
Sawise saka desa Kembang, Sentika pindah ana ing desa
Mrayun. Ana ing Mrayun kene Sentika rumangsa cocok amarga akeh para warga kang
nyengkuyung kanggo lumawan Walanda. Ing kene uga Sentika ketemu jodhone yaiku
Tomiyah. Ing desa Mrayun kene Naya
Sentika dadi wong tani lan ngopeni kebo. Kabeh mau kanggo ngragati anggone
perang besuke.
Ing sawijining wengi Naya Sentika ngimpi ketemu marang Kyai Moro.
Ing ngimpine dheweke diperintah supaya tapa, lan diwenehi sarana kanggo perang
awujud payung , kacu lan genthong kang
minangka tandha kapan peperangan mungsuh Walanda diwiwiti. Yen genthong
guling tandha perang diwiwiti. Sawise tangi saka ngimpi mau, srana kabeh mau ana ing sandhinge. Nanging
apa kang kadaden, sawise rampung tapa genthong durung goling wis digulingake
karo sedulur ipene kang ora seneng karo Naya Sentika. Mula Naya Sentika enggal
ngumpulake wadya balane nggecak perang marang prajurit Walanda. Para pandhereke
Naya sentika ora sethithik cacahe mula akeh para prajurit Walanda kang kasoran
ing yuda. Naya Sentika lan wadya balane asring gawe kapitunane prajurit
Walanda.
Ing sawijing wektu
ing mangsa peperangan Naya Sentika ketemu karo Nyai Moro garwane Kyai
Moro. Dheweke jaluk payung, kacu lan genthong kang wis diparingake ana ing
impen. Naya sentika uga diwenehi ngerti yen sejatine wektu kanggo perang iku during wayahe. Iku kabeh amarga saka pokal
gawene ipene kang ora seneng karo Naya Sentika. Nanging perang wis kebacut
diwiwiti.
Peperangan diwiwiti saka desa Mrayun, lan
sakiwategene. Kalebu Desa Bangsri kang didadekake markase Naya Sentika. Krungu
ana peperangan ing Desa Bangsri Bupati Blora Yaiku Raden Mas Cakranegara
mrentahake supaya peperangan enggal diendhek. RM Cakranegara ngutus adhine kang
asma Pangeran Sumenep nglurug ing Desa Bangsri, ananging Naya Sentika wis
pindah ana ing Desa Nglorok. Ana ing peperangan sabanjure akeh prajurite Naya
sentika kang catu lan ditambani nganggo godhong turi. Mula papan kanggo nambani
mau katelah desa Turi. Semono uga ana prajurite Walanda mati lan kesangkut ing wit mula papan mau karan Desa
Semampir. Wusanane prajurite Pangeran Sumenep kalah ing yuda. Prajurit Naya
Gimbal padha surak-surak lan ngumbulake awak dhuwur-dhuwur. Dene papan kang
kanggo ngumbulake awak mau katelah Desa Tinggil
Krungu kabar yen prajurit P. Sumenep kalah, RM
Cakranegara njaluk bantuan kumpeni ing Semarang. Ora watara suwe prajurit
kumpeni wis tumeka ing Blora. Enggal-enggal nggecak perang mangkat ing Desa
Bangsri. Peperangan ora sebandhing, pasukan Naya Gimbal kalah cacahe, kalah
gegamane, wusanane prajurit Naya gimbal kasoran ing perang. Akeh kang kecekel,
Dene Naya Sentika mundur mlayu arah mangetan ing desa Sambeng (saiki melu
Kasiman Bojonegoro). Wadya bala kumpeni nututi lan nemokake pendelikan Naya
Gimbal. Ana ing sajroning peperangan iki akeh prajurit kang pating blesah. Mula
kanggo pangeling-eling papan mau karan Desa Besah. Naya sentika ngatonake
kasektene. Kabeh mimis saka bedhile walanda ora ana kang tedhas natoni kulite.
Nanging wusanane uga kepilut lan dilebokake ing tong kayu kanthi dibanda sikil
lan tangane. Dening residen Rembang diceburake ing segara. Ana sajrone tong mau
Naya Gimbal ngipat-ipat” Besuk yen ana
benthung plonthang sangisore uwit
uwal-awil ing tegalan getak-getik iku aku bakal males lan nagih janji”.
(Kapethik saking Cerita rakyat Blora lan penelusuran lan pengkajian
cerita rakyat di Kabupaten Blora)
B. Jawaben pitakonan ing ngisor iki!
1. Coba aranana paragane kang ana ing cerita kasebut?
.....................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
2. Sapa
sejatine Naya Gimbal iku?
.......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
3. Ing
desa ngendi markase Naya Sentika kang wiwitan?
....................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
4.
Kapethik saka ing endi wacan kasebut?
...........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
5.
Piwulang becik apa kang bisa kajupuk saka cerita kasebut?
....................................................................................................................................................................................................................................................................
HASIL ULANGAN HARIAN .KLIK ING NGISOR IKI!
https://docs.google.com/spreadsheets/d/1c0D-dwIX4h34p-aoJ2s_Mn5S7pW8eBtkrjcIf9ZvOec/edit#gid=732872137
Tidak ada komentar:
Posting Komentar