Nulis Crita Rakyat
A. Rungakna pamacane crita rakyat ”Jaka Bodho” dening kancamu ing ngisor iki!
Jaka Bodho
Nalika semana, ana omah siji sing mencil dhewe. Ing omah iku manggon mbok randha lan anake lanang siji. Anake lanang wis jaka, umur-umurane udakara wis ana rongpuluhan taun. Nanging isih bodho banget. Ora gelem nyambut gawe mbantu wong tuwane, senengane isih dolanan karo bocah cilik-cilik.
Mbok Randha bingung. Anake lanang sing wis jaka mau
banjur ditukokake kebo. Karepe Mbok Randha supaya anake gelem angon. Nanging saben anake lanang jaka
mau dikongkon angon kebone malah mbantah, ora gelem. Geleme yen kanthi cara
dibujuk-bujuk.
“Ora, Nang. Kowe ora dakkongkon angon.
Lha bocah bagus jare angon. Nanging kebo iki mung tutake wae saka mburinan.
Diawat-awati saka kadohan. Yen lunga adoh dipenggak. Cekake kebo iku kancanana
yen pinuju nyegud suket ana ing lurung utawa alas.”
Elok. Kanthi tembung sing kaya mengkono mau anake lanang
banjur gelem angon kebone. Pancen dhasare bocah bodho dikongkon angon ora gelem
nanging yen dikongkon ngetutake lan ngancani kebo, gelem. Ya jalaran saka bodhone anake lanang Mbok Randha mau mula
banjur keceluk Jaka Bodho.
Jaka Bodho, nalika lagi angon kebo ana ing tengahe alas,
ngerti ana wong wadon nom-noman ayu sumendhe wit gedhe. Wong wadon mau miturut
anggepane si Jaka Bodho lagi turu kepati. Mula banjur digugah. Nanging panggah
ora gelem tangi. Jalaran sejatine wong wadon mau wis mati.
Grenenge si Jaka Bodho, “Wong wadon ayu-ayu kok turu sak nggon-nggon, lan angel
banget digugah”.
Wong wadon isih nom-noman tur ayu mau banjur dibopong
dijak bali mulih menyang omahe si Jaka Bodho. Kebone ditinggal glanggang. Tanpa dingerteni dening simboke
Jaka Bodho ngglethakake wong wadon mau sing dianggep turu angkler. Diglethakake
ana ing paturone si Jaka Bodho dhewe. Banjur si Jaka Bodho arep bali maneh
menyang tengah alas ngancani kebone mangan suket. Si Jaka Bodho ninggal wekas,
“Wis ya ndhuk cah ayu, aku arep bali ning tengah alas ngancani kebone Simbok. Turua sing kepenak.”
Ing batin si Jaka Bodho rumangsa seneng. Jalaran dheweke
rumangsa nemu bojo ayu. Bali saka anggone angon, lawang kamare dibukak.
Batine si Jaka Bodho maneh “Lho, isih turu ta bojoku?” Bengine si Jaka Bodho
ngguya-ngguyu cekikak-cekikik dhewe. Rumangsane lagi ngakak guyon marang wong
wadon sing dianggep lagi turu kepati mau. Dheweke babar pisan ora ngerti yen
sejatine wong wadon mau wis mati.
Kedaden sing kaya mengkono mau dilakoni si Jaka Bodho
nganti tekan pirang-pirang bengi. Saben bengi si Jaka Bodho mung tansah
cekikikan wae.
Kocapa, wong wadon ayu sing wis mati mau suwe-suwe banjur
ngganda bacin. Simboke ora ngerti, jalaran saben si Jaka Bodho metu saka kamar
lawange dikunci saka njaba. Nganti sawijining dina si Jaka Bodho kandha marang
simboke.
“Mbok … mbok, aku entuk bojo ayu banget, Mbok?”
“Bojo? Entuk bojo sapa?”
“Bojo wong ayu. Olehku nemu ana ing tengah alas.”
“Lho, bojo kok nemu?”
“Tenan kok mbok. Lho kae bojoku lagi turu angkler ana ing
kamarku.”
Simboke Jaka Bodho banjur diajak mlebu kamare ditudui
bojone. Sakala simboke alok.
“Wadhuh Nang. Iki mono wong wis mati.”
“Lho,
simbok iki piye ta? Iki bojoku olehku nemu dhewe ing tengahe alas kok?!”
“Iki
mono wong wis mati ya Nang.”
“Kok
bisa mbok?”
“Ya,
yen ana wong ngganda bacin ngene iki tandhane wis mati. Kudu dikubur! Lha mula
pirang-pirang dina aku kok ngganda banger. Dakkira lagi ana bathang ing
sacedhake omah kene,” kandhane simboke.
“Wis, Nang, wong
iki kudu dikubur,” prentahe
simboke.
Senajan rumangsa gela, wong mati sing dikira turu dening
Jaka Bodho mau banjur dikubur dening para warga manut
satataning agama.
Ndrawasi banget kahanane si Jaka Bodho. Nalika wektu
surub simboke dhewe diglandhang peksan dijak metu. Simboke jerit-jerit. Nanging
si Jaka Bodho, sing pancen bodho tenan iku isih meksa ngglandhang simboke.
Dijak menyang tengahe alas.
“Ayo, mbok. Kowe kudu manut aku. Kowe bakal dakkubur,
jalaran kowe wis mati,” aloke si Jaka Bodho karo tetep ngglandhang simboke.
“Ora, Nang. Aku isih urip!” jerite mbok randha.
“Ora mati piye? Lha genah yen kowe wis mati kok mbok.
Kowe wis ngganda bacin nalika kowe ngobos mau.”
Tangane mbok randha bisa uwal saka pangglandhange Jaka
Bodho. Banjur mbok randha mlayu jerit-jerit njaluk tulung tangga-tanggane.
Senajan rada adoh dununge tangga-tanggane, jalaran saking bantere anggone
njerit mbok randha, mula tangga-tanggane banjur pating grudug, padha teka.
Tangga-tanggane akeh sing padha gedheg-gedheg, gumun banget. Lan uga akeh sing
rumangsa prihatin marang kahanane si mbok randha lan si Jaka Bodho.
Sawetara wektu, mbok randha diungsekake turu ana ing
omahe tangga. Kuwatir yen samangsa-mangsa diglandhang maneh dening si Jaka
Bodho, dianggep simboke wis mati. Jaka
Bodho ana ing omahe dhewekan.
Esuk umun-umun, si Jaka Bodho wis negori wit gedhang sing
durung uwoh. Gedeboge banjur dikethok-kethok, disunduki digawe gethek.
Gethek mau banjur dijegurake ana ing kali sacedhake
omahe. Si Jaka Bodho banjur numpak gethek mau. Miturut penemune si Jaka Bodho,
dheweke uga wis mati. Jalaran nalika dheweke ngobos, gandane bacin.
Nanging, senajan dheweke rumangsa wis mati, dheweke wegah
dikubur. Mula banjur ngentir ana ing kali kanthi numpak gethek. Mripate
kala-kala diremake. Nanging, nalika mripate bali melek byar ….. Dheweke weruh
wit jambu sing thukul ana ing gampeng kali. Wit jambu mau pating genteyong,
jalaran lagi uwoh akeh banget, tur mateng-mateng.
Si Jaka Bodho nggremeng dhewekan : “ Wih, wit jambu
mateng-mateng. Eman jambu sing padha menter-menter kae aku ora bisa njupuk,
jalaran aku wis mati. Saupama aku isih urip jambu-jambu kau mesthi bakal
dakjupuki dakpangan. Mendah manis lan segere.”
Getheke si Jaka Bodho ngentir maneh, adoh banget. Ing
gampeng liya ana wit-wit gedhang sing gedhange uga mateng-mateng. Si Jaka Bodho
uga nggremeng maneh, “Wah, wetengku wis luwe banget. Ika ya ana gedhang pating
genteyong mateng-mateng. Nanging eman, aku wis mati.” Dheweke terus kentir
katut ilining banyu lan mati amarga saka bodhone dhewe.
( Pethikan saka
Panjebar Semangat )
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa padinan lan basa
krama!
1.
Yen ngrasakake anake lanang Mbok Randha dadi bingung. Apa
sebabe?
__________________________________________________________________
__________________________________________________________________
2.
Ngapa anake lanang Mbok Randha diarani Jaka Bodho?
__________________________________________________________________
__________________________________________________________________
3.
Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikikan dhewe. Kepriye rumangsane?
__________________________________________________________________
__________________________________________________________________
4.
Sebab apa Jaka Bodho
ngglandhang Simboke arep dijak menyang tengah alas?
__________________________________________________________________
__________________________________________________________________
5.
Ing pungkasane cerita kepriye nasibe
Jaka Bodho? Apa sebabe?
__________________________________________________________________
__________________________________________________________________
C Critakna isine crita “Jaka Bodho” ing dhuwur
kanthi lesan nganggo basa padinan!
D. Jlentrehna kanthi lesan watake Mbok Randha lan
Jaka Bodho!
E. Tulisen piwulang becik kang bisa kapethik saka crita
”Jaka Bodho!”
F. Nulisa crita rakyat ing
dhaerahmu nganggo basa ngoko utawa krama, banjur critakna ing
ngarepe
kanca-kancamu!