SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 27 Agustus 2020

MATERI BASA KELAS 8 KE-6, TGL 29 AGUSTUS 2020

 

A. Jinising Tembung

1. Tembung aran (kata benda)

Yaiku jenenge sekabehing apa bae  kang dianggep barang.

Tuladha: pari, Solo, Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp.

2. Tembung kriya (kata kerja)

     Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.

     Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.

3. Tembung kaanan

Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.

Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem,  sesak, resik, reged, lsp.

4.  Tembung katrangan

Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran.

Tuladha:

a.  asune mlayu banter.

b.  mangane alon-alon.

Tembung katrangan liyane: mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.

5.  Tembung sesulih

Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut jenenge barang utawa wong mau.

Tembung sesulih bias kaperang dadi telung werna:

a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)

b.Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)

c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku, mu, lsp.)

6. Tembung wilangan

Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.

7.  Tembung ancer-ancer

Yaiku sakabehing tembung kang dianggo nuduhake utawa ancer-ancer sawijining panggonan utawa karep.

Tuladha:

a.  Bapak tindak menyang Semarang.

b.  Sjita saiki manggon ing Ngadireja.

Tuladha liyane: saka, ing, karo, tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.

8. Tembung panggandheng

Yaiku sakabehing tembung kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara camboran.

Tuladha:

a.  Bapak lagi maos Koran, dene Ibu ndondomi klambi.

b.  Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget.

c.  Sabubare ngaso sapisan, banjur bocah-bocah padha mulih.

Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, malah, lsp.

9.  Tembung panyeru/panguwuh.

Yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.

Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.

10. Tembung panyilah (kata sandhang)

Yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).

Tuladha:

a. Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.

b. Sri Sultan misuwur kabecikane.

Tuladha liyane: raden, sang, Hyang,lsp




B. Coba tembang ing dhuwur iku salinen nganggo aksara latin, ing bukus tugas banjur tembunge golekana sing kalebu tembung kriya!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar