SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 14 Agustus 2020

MATERI BASA JAWA KELAS IX PERTEMUAN KE-5

Assalamu'ALAIKUM wR wB

A. MATERI BASA JAWA


A. Paribasan

            Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (tulisane/unen-unene) mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan.

            Tuladha : Ana catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake (mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.

TULADHA MANEH

    1. Adhang-adhang tètèsé êmbún.

    Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.

2. Adigang, adigúng, adigunå
    Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
3. Aji gódhóng garíng.
    Wis ora ånå ajiné/asór banget
4. Ånå catúr mungkúr.
    Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
5. Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
    Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
6. Ånå gulå ånå sêmut.
    Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
7. Anak polah båpå kêpradah.
    Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
8. Anggênthóng umós.
    Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
9. Angón mångså.
    Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10. Angón ulat ngumbar tangan.
      Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.

   B. TUGAS 

GOLEKANA TEGESE PARIBASAN IKI KANTHI MBUKAK PEPAK BASA JAWA!

DIGARAP ING BUKU TUGAS.      

     B.   Paribasan-paribasan iki golekana tegese !

1)      Undhaking pawarta sudaning kiriman

2)      Sepi ing pamrih, rame ing gawe       :

3)      Kriwikan dadi grojogan                   :       

4)      Blilu tau pinter durung nglakoni     

5)      Busuk ketekuk, wong pinter keblinger    

6)      Ciri wanci lelai ginawa mati

7)      Criwis cawis                                    

8)      Dahwen ati open

9)      Dhemit ora ndulit, setan ora doyan

10)  Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

  

a. prekara cilik dadi prekara gedhe ngambra-ambra.

            b. wong liya nanging yen nganti nandhang ora kepenak mesthi dibelani.

            c. tansah slamet, ora ana pangganggu gawe sing bisa tumama (ngenani).       

           d. nacad barang darbeking liyan nanging sejatine duwe melik marang barang sing dicacad.

            e. diprentah, laire sajak wegah nanging batine sumadya lan nindakake tenan.

           f.  tanpa duwe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kamempengan.

           g. wong sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilakane.

         h. sanajan kurang kepinteran/bodho nanging wis kerep nindakake, asile luwih apik tinimbang sing pinter nanging durung tau nindakake.

           i. kabar iku lumrahe saya ngambra-ambra(mundhak saka nyatane, nanging yen kiriman lumrahe suda/kalong).

           j. duwe cacad/ pakulinan ala ora bisa mari/ilang nganti tumakaning pati

     C.   Tulisen apa paribasane kang tegese kaya kasebut ing ngisor iki! kanthi milih ing ngisore soal iki.

1)      ................................................          

Gelem melu ngrasakake senenge nanging ora melu ngetokake wragad (emoh kelangan ragat).

2)      ...................................................

Dipadhakake bocah cilik ( isih nganggo pipisan pupuk lempuyang ing embun-embunane).

3)      .................................................

Wis ora kena diendhakake (dipenggak) kekakarepane.

4)      .................................................

Nembung golek utangan marang wong liya, jebul wong sing ditembungi uga lagi arep ikhtiyar golek utangan.

5)      ....................................................

Saka puji pandongane wong akeh, muga-muga bisa klakon temenan.

6). ..................................................................................

Aweh tetulung nanging wusanane malah gawe rekasane wong kang ditulungi.

7)......................................................................................

Samubarang apa bae bisa nindakake lan orane  sawise dicoba, mulane aja kandha ora bisa sadurunge dicoba luwih dhisik.

8)...................................................................................

Tumindak bener utawa salah tembe buri mesthi bakal ana undhuh-undhuhane

           

            9).................................................................................

            Sapa sing ngati-ati bakal slamet. Sapa sing sembrana bakal cilaka.

                

10) ...................................................................................

Welas marang wong wusanane malah gawe cilakane wong sing diwelasi. (amarga saka rasa welase temahan nandhang kapitunan dhewe).

                

.        a. Durung ilang pupuk lempuyange

         b. Welas temahan lalis

          c. Golek-golek ketanggor wong luru-luru

         d. Becik ketitik ala ketara

         e. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat

         f. Keplok ora tombok

         g. Sembur-sembur adas siram-siram bayem

         h. Tulung menthung

         i. Yitna yuwana lena kena

         j. kalah cacak menang cacak     


Tidak ada komentar:

Posting Komentar