SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 27 Agustus 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9 KE-6, TGL 29 AGUSTUS 2020

 

1. materi

PANYANDRA

PANYANDRA  iku tegese nggambarake utawa nerangake sawijining bab utawa barang utawa kahanan kanthi diluwih-luwihake, kadangkala uga nganggo perbandingan sing kebacut.

Gatekna candra ing ngisor iki .

a.      Candrane solah bawa lan liya – liyane

1)      Antenge kaya penganten ditemokake

2)      Ulate ndamar kanginan

3)      Ulate ruruh jatmika

4)      Kulite kuning kaya mas sinangling

5)      Lambehane mblarak sempal

6)      Jogede merak kasimpir (sengkleh)

7)      Jogede mucang kanginan

8)      Sisigane ngelar kombang

9)      Sisigane kekejere kaya manuk branjangan

10)  Lakune lengkeh-lengkeh (lengket-lengket) kaya macan luwe

11)  Lakune lingak-linguk kaya kethek ditulup

12)  Lakune repepeh-repepeh (mendheg-mendheg) pindha sata manggih krama (jago ketemu babon); utawa pindha sata matarangan

13)  Kagyating manah (dheg-dhegan) lir (pindha) tinubruk mong tuna, sinambering gelap lepat

14)  Kagyating kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang

15)  Surake mbata rubuh

16)  Playune lonjong botor

17)  Playune lonjong mimis

18)  Suguhane mbanyu mili

19)  Wangsulane saur manuk

20)  Rukune kaya mimi lan mintuna

21)  Rupane jambe sinigar

22)  Bungahe (oleh kabegjan) kaya ketiban daru; kaya nemu cepaka sawakul

23)  Tentrem atine kaya ketetesan banyu wayu sawindu

24)  Bungahe atine kaya karoban ing segara madu

25)  Swarane ngombak banyu

26)  Swarane kaya mbelahna bumi

27)  Parine lagi gumadhung

28)  Parine lagi gumadhing

29)  Parine lagi kumemping

30)  Tandurane lagi gumadhung

31)  Tulisane mbata sarimbag

32)  Panase gumatel

33)  Baguse kaya Kamajaya; kaya Arjuna

34)  Ayune kaya widadari (Kama Ratih); Sembadra

35)  Praupane mbranyak kaya Raden Samba

36)  Polatane ruruh kaya Sembadra

37)  Dondomane nutus kajang

38)  Jarite (sarunge) suwek nyamkem kodhok

39)  Abote kaya watu item

40)  Dhengkule Gathutkaca atos kaya paron

41)  Tangane Gathutkaca landhep kaya gunting

42)  Cukate kaya manuk branjangan; kaya sikatan nyamberlawang

43)  Eseme pait madu pinasthika (disaring)

44)  Ramene kaya prahara nempuh wukir (parang)

45)  Anjenger pindha tugu sinukarta (diklambeni)

46)  Padhange kaya rina

47)  Paite kaya butrawali

48)  Ambune kaya bathang

49)  Polahe kaya kitiran

50)  Rosane kaya janget kinatelon

51)  Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen; kaya wani-wania ndilat wesi abang

52)  Mungsuh bubar resik kaya disaponi

53)  Kopat-kapita kaya ula tapak angin, kekejera kaya manuk branjangan.

 

b.      Candrane perangane awak kang ala (cacat)

1)      Sirahe nggandhen

2)      Bathuke nonong

3)      Bathuke manyul

4)      Bathuke lengar

5)      Bathuke pusak

6)      Irunge pesek

7)      Irunge gruwung

8)      Lambene ndomble

9)      Lambene ndower

10)  Lambene nggandhul

11)  Lambene gugut

12)  Lambene dongos

13)  Lambene guwing

14)  Sikile thekor

15)  Sikile impur

16)  Tangane kwaga

17)  Tangane ceko (thekle)

18)  Gegere wusu

19)  Gulune panggel

20)  Gulune bengkek

21)  Kupinge perung

22)  Kupinge dawir

23)  Wetenge bekel

24)  Untune gingsul

25)  Untune ompong (guguh)

26)  Pipine klungsur

27)  Pipine kempot

28)  Rambute brintik

29)  Drijine kithing

30)  Mripate kera

31)  Mripate pendul

32)  Mripate mlolo kebo

33)  Janggute gugut

34)  Pundhake brojol

35)  Udele bodong

36)  Bokonge tepos

37)  Lakune ekar

38)  Lakune pincang; dhingklang

39)  Polatane pendirangan

2.  Tugas

Tulisen panyandra liyane kang ana ing pepak basa jawa, cacahe 25 iji. Ing buku tugas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar