SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 14 Agustus 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 7 PERTEMUAN KE-3 DARING

 Assalamu'alaikum Wr Wb

sugeng enjing.

Gateke ya langka-langkah pembelajarane.

1. Sinaoni materi basa jawa ing ngisor iki

2. Garapen latihan soal kanthi klik lingk kang wis disiapake. Nggarape nganti entuk 80, yen durung oleh 80 mbaleni nggarap maneh.


1. MATERI BASA JAWA

UNGGAH UNGGUH BASA

Unggah ungguh basa, bisa diarani tingkatan basa, utawa sopan santu,

Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa.

Supaya bisa lan ngerti unggah ungguh mula kudu apal lan ngerti tembung-tembung (kata-kata) basa Jawa.

Tembung basa jawa kuwi kaperang dadi 3, yaiku:

1.      Tembung ngoko

2.      Tembung krama (krama madya)

3.      Tembung krama inggil

Conto:

no

Tembung ngoko

Tembung krama madya

Krama inggil

1

mangan

Madhang / nedha

dhahar

2.

lunga

kesah

tindak

3

turu

tilem

sare

 

Kajaba iku uga ana tembung ngoko kang ora duwe tembung krama inggil, duwene mung tembung krama madya. Amarga ora duwe iku mula tembung krama inggile dipadhakke karo tembung krama madya.

Conto

no

Tembung ngoko

Tembung krama madya

Krama inggil

1

sawah

sabin

sabin

2.

ula

sawer

sawer

3

lima

gangsal

gangsal

 

Tugas.

Ayo saiki jawaben apa basa kramane tembung-tembung ngoko ing ngisor iki, kanthi klik link ing ngisor iki!  Yen durung entuk biji 80, kudu mbaleni maneh!

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSevRHHOuoROcVnE4MDkvdazeK5vh7H3rWVfSHk5Xdy5MRaBVQ/viewform

Tidak ada komentar:

Posting Komentar