SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 07 Agustus 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 8 PERTEMUAN KE-4

Assalamu alaikum wr wb
Langkah-langkah pembelajaran
A. Pahami materi
B. Garapen tagihan

A. MATERI


 Unggah-Ungguh Basa

        Bab- bab kang perlu digatekake kanggo ngetrapake unggah-umgguhing basa, supaya ora salang-surup yen arep ngurmati marang sapa kang arep diajak  wawan pangandikan.

  1. Umur.

Wong kang umure luwih enom lumrahe kudu ngurmati wong umure luwih tuwa. Umur iku ora bisa digawe apadene dijaluk iki mono wis kodrate Gusti kang Maha Wikan

  1. Paprenahan.

Wong kang awune luwih enom kudu ngurmati sedulur kang awune luwih  tuwa. Prapenahan uga ora bisa dijaluk lan diselaki uga wis dadi kodrate Gusti Kang Maha Agung

Tuladhane : adhi ngurmati  kakang, mbakyu. Anak ngurmati bapak ibu, putu ngurmati embah, keponakan ngurmati paman, bibi.lsp.

  1. Drajad Pangkat. Tuladhane murid ngurmati guru, pegawe ngurmati pangarsane, warga pakumpulan ngurmati ketuane, lsp.
  2. Drajat-Semat. Tuladhane wong lumrah ngurmati marang kang sugih bandhane.
  3. Luhuring Pribadi, Tuladhane para  wong pinter, pahlawan, kyai, Seniman, lsp kudu dihurmati.
  4. Tetepangan, tuladhane wong kang durung tepung, durung pati tepung, lsp ya kudu dihurmati.

Tuladha pacelathon bocah enom marang wong sing luwih tuwa ing ngisor iki tindakna ing ngarep kelas

A. Takon Marang Wong Tuwa

Takon marang wong tuwa utawa wong kang dituwakake utawa wong kang kudune diajeni kudu nganggo basa krama alus .

Tuladha :

Upama ketemu wong tuwa banjur takon :

1. Ajeng teng pundi Pak ?

2. Badhe dhateng pundi Pak ?

3. Badhe tindak pundi Pak ?

Ukara pitakon kang nomer siji iku basane kurang trep jalaran nganggo basa krama lugu, sing trep kudune nganggo basa krama alus kaya ukara nomer loro utawa telu.

 

TEPANG KAJAT

 

BAGYO                 :  Kula nuwun“ !

PAK SANTOSO   :  Mangga ! Sinten, nggih? mlebet!“

BAGYO                 :   Kula, Bagyo, Pak“

PAK SANTOSO   :   O, kowe ta, Bag. Kene-kene lungguh kene cah bagus. Ana apa,  kadingaren?“

BAGYO               :   Inggih Pak anggen kula ngriki, dipundhawuhi Lik Sarno“

PAK SANTOSO :    Lhoh didhawuhi apa?“

BAGYO               :   Pak Santoso dipunaturi kajatan wonten dalemipun Lik Sarno!

PAK SANTOSO  :  Ing daleme Lik Sarno, ana perlu apa?”

BAGYO               :   Wilujengan badhe kagungan kersa netakaken putranipun,      Anindhiya.

PAK SANTOSO  :  “Nyunatake Anindhiya, putrane sing ragil kae?”

BAGYO               :  “Inggih leres Pak.”

PAK SANTOSO  :   Lha kajatane mengko jam pira?”

BAGYO               :   Mangke sabibaripun Maghrib, Pak.

PAK SANTOSO  :   O, Ya.., ya, Bag.

BAGYO               :  Sampun Pak Santoso, kepareng nyuwun pamit.

PAK SANTOSO  :  “Ya..sing ngati-ati!”   

   

            B.Tugas Praktek.

Kanggo siswa lanang : Gawea kelompok kanthi anggota bocah 2. Terus gawea pacelathon kaya ing dhuwur, isine yen kowe diutus Bapakmu ngaturi kenduren karo tanggamu. Bapakmu kagungan kajat selametan 1000 dinane eyang. Yen wis rampung praktekna ana ing ngarep kelas!

Kanggo siswa putri : Gawea kelompok kanthi anggota bocah 2. Gawea pacelathon kaya ing dhuwur, isine yen kowe diutus Ibumu ngaturi kenduren karo tanggamu. Ibumu kagungan kajat selametan  rayahan (brokohan) mbakyumu kang lagi babaran. Yen wis rampung praktekna ing ngarep kelas!


 Geguritan

Wacanen geguritan iki kanthi becik !

 

DADIA TIRAKATMU ANAKKU

                                                Dening : ST Ismaniasita

 

Dadia tirakatmu anak-anakku

Yen dina iki ora ana upa

Kowe ora pdha mangan sega

Kajaba gegelan tela

Tamba ngelih panyuwarane wetengmu

 

Dadia tirakatmu anak-anakku

Sawengi ngrungu udan kumricih

Padha ndhekep weteng ngelih

Kemul amoh gombalane biyungmu

Ing gubug trocoh gubuge bapakmu

Kliwat saking ketesing kringete

Sengkude gawe luluh dina-dina

Sengkude bapakmu ngusungi bata

Nggarap gedhong-gedhong ana kutha

Nembok gedhong susun sundhul angkasa

Wis kliwat saking olehe ngaya bapakmu

Olehe melu mbangun negara

olehe labuh dadi luluhing bangsa

ngranggeh tukoning tela

 

dadia tirakaktmu ya anak-anakku

dadia pambukaning nalarmu

dadia margining kamulyanmu mbesuk

cingkrang lan kasangsarane

wong tuwamu kang tumpuk-tumpuk

            (Kapethik saka Seni Baca Geguritan angitanipun Sendhang Mulyana kaca 52-53)

 

      Negesi Tembung

1. Tirakat                     : ngengurangi, sesirik, leklekan

2. Nalar                       : panggagas, angen-angen, budi, benering pamikir

3. Luluh                       : udhegan pasir lan semen

4. Cingkrang               : sarwa kurang

5.  Kasangsarane        : rekasane

 

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !

1.    Geguritan ing dhuwur sing nganggit sapa ?

...............................................................................................................

2.    Bapak ing geguritan iki pegaweane apa ? .......................................................................................................................

3.    Kepriye kahanane uripe bapak sakeluargane ?

..................................................................................................................................................................................................................................................

4.    Kepriye welinge bapak marang anake ?

.........................................................................................................................................................................................................................................

5.    Piwulang becik apa kang kinandhut ing geguritan iki ?

..................................................................................................................................................................................................................................................

B. TAGIHAN. GARAPEN SOAL-SOAL KANG ANA ING MATERI ING BUKU TUGAS, BANJUR DIKUMPULKE NALIKA MLEBU PIKET!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar