SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 06 November 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 7 NOPEMBER 2020

 

Tembang Dhandhanggula Laras Slendro Pathet Sanga ing ngisor iki wacanen jumbuh karo titilarase (notasine)!

 

 

            2     5     6     6     6     1’    2    2    2    2

     1.    Pa- me-dhar- e    wa- si-   ta-  ning  a-    ti     

            2    2      1     1    1 1   1     1    1   1  6

            Cu-man-  tha- ka    a- ni- ru      pu-jang-ga

            5     6     6     6    6    6    6     1     6     5

            dha-hat  mu- dha   ing ba-    ti-          ne

            6     1      2  1   6     1    6     5     6

            na- nging ke-dah gi-    nung-        gung

            6     6    1    6     5     2      2    2     2    2  3  2     1. 6

            da- tan       wruh        yen   a-    keh  nge-   se-        mi

            6       1    1   1    1      1     1  

            A-   mek-sa  a-  ngrum-pa-  ka

            1     6    1     2     3     1     6     5

            Ba-  sa  kang ka-        lan-  tur 

            2     2       2     2   2    2     2     2

            Tu-tur     kang ka-tu- la-    tu-   la

            5     3     2     1 6   6    6     6     6    6    1       2       2

            Ti-  na-  la-   ten   ri-   nu- ruh   ka-  la-  wan   ri-     rih

            1       1     1     6       2     1  6 5        6  1

            Mrih pa- dhanging sas-  mi-      ta

           

1.      Sasmitaning ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

2.      Jroning Kur’an nggoning rasa yekti,

nanging ta pilih ingkang uninga,

kajaba lawan tuduhe,

nora kena den awur,

ing satemah nora pinanggih,

mundhak katalanjukan,

temah sasar susur,

yen sira ayun waskitha,

sampurnane sajroning badanireki,

sira anggegurua

3.      Nanging yen sira nggeguru kaki,

amiliha manungsa kang nyata,

ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang ngirangi,

sokur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing lyan,

iku pantes sira guronana kaki,

sartane kawruhana.

4.      Lamun ana wong micara kaki,

tan mupakat ing patang prakara,

aja sira age-age,

anganggep nyatanipun,

saringana dipun baresih,

limbangen lan kang patang,

prakara rumuhun,

dalil kadis lan ijemak,

lan kiyase papat iku salah siji,

anaa kang mupakat.

5.      Ana uga kang sira antepi,

yen ucul saka patang prakara,

nora enak legetane,

tan wurung tinggal wektu,

panganggepe wus angengkoki,

aja kudu sembahyang,

wus salat katengsun,

banjure mbuwang sarengat,

batal haram nora nganggo den rawati,

bubrah sakehing tata.

6.      Angel temen ing jaman samangkin,

ingkang pantes kena ginuronan,

akeh wong njaja ngelmune,

lan arang ingkang manut,

yen wong ngelmu ingkang netepi,

ing panggawening sarak,

den arani luput,

nanging ta asesenengan,

nora kena den wor kakarepaneki,

pepancene priyangga.

7.      Ingkang lumrah ing mangsa puniki,

mapan guru ingkang golek sabat,

tuhu kuwalik karepe,

kang wus lumrah karuhun,

jaman kuna mapan si murid,

ingkang padha ngupaya,

kudu anggeguru,

ing mengko iki ta nora,

Kyai Guru naruthuk ngupaya murid,

dadia kanthinira

Tegese tembang ing dhuwur

a.      Pada 1

Anggone kepengin nglairake isen-isene ati nganti direwangi kumawani tumindak niru-niru kaya pujangga. Kamangka isih enom lan bodho banget, mula atine perlu dibombong/digedhekake nganti ora rumangsa yen akeh sing nyemoni/ngece. Kapeksa nggawe/ngrakit ukara, nanging basane nglantur/ora cetha. Pitutur kang wis ora digape/dianggep  mau ditindakake kanthi sabar lan telaten supaya dadi cetha apa sing arep dikandhakake.

b.      Pada 2

Tandha utawa pralambange urip iki ora bisa dingerteni  menawa awakmu ora ngerti pralambange urip. Wong kang kaya mangkono uripe ora bakal kuwat/tentrem. Akeh wong sing ngaku-aku yen wis paham marang pralambange urip, nanging satenane durung paham amarga durung nduweni rasa pangrasa kang nyata. Mulane nggoleka/ikhtiara rasane rasa pangrasa supaya uripe sampurna.

c.       Pada 3

Rasa sing bener iku anane ing sajroning Alquran, nanging ora kabeh wong paham isine, kajaba wong sing wis oleh pituduhe Pangeran/Gusti Allah.

Ora kena diawur, ora ketemu malah kesasar. Mula yen kepengin ngerteni sampurnane uripmu kudu nggoleka ngelmune/megurua.

 

d.      Pada 4

Yen awakmu kepengin nggolek ilmu miliha guru kang bener lan apik martabate, ngerti hukum, sregep ngibadah, nahan nepsu. Sokur yen oleh wong sing seneng ngurang-ngurangi kasenengane.Wis ora mentingke kadonyan lan ora ngarep-arep pawewehe wong. Wong sing mengkene iku pantes ko-guroni lan ko-tiru.

 

e.      Pada 5

Nalika ana wong ngrembug ilmu ora sepaham/cocok babagan patang prakara yaiku dalil, kadis, ijemak, lan kiyas aja gampang dianggep bener, nanging pilah-pilah lan pilihen salah siji ngelmu sing bener lan migunani.

 

f.Pada 6

Menawa ilmu kang dienut ora cocok karo patang perkara, ora usah dilakoni. Sebab malah ndadekake ora kepenak. Apa maneh yen nganti lali manembah marang Gusti, mbuwang syareat ora eling kalal lan karam. Yen wong wis ninggalake hukum (syareat, kalal, lan karam) akhire bakal ngrusak sakabehe aturan/tatanan.

g.      Pada 7

Ing jaman saiki angel golek wong sing pantes ditiru lan diguroni. Akeh wong kang ngiderake/ nawakake ngelmune nanging arang kang ngenut/nganggokake. Ana wong kang nglakoni ngelmu kang bener cocok karo aturan agama nanging malah dianggep salah. Saben wong duwe penganggep

/panemu dhewe-dhewe , ora kena dianggep padha wong siji lan sijine.

h.      Pada 8

Umume jaman saiki guru sing ngoleki murid, beda karo jaman biyen murid kang nggoleki guru. Pancen ing wolak-walike jaman saiki wis lumrah yen guru lunga mrana-mrana nggolek murid minangka kanggo kanca/bature.


RUNGOKNA! KANTHI KLIK ING NGISOR IKI.





 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar