SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 20 November 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 21 NOP 2020

 AYO DIWACA KANGGO NAMBAH WAWASAN



1.   BASA KRAMA ALUS 

a. Paugeran krama lugu    
    Basa Krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan, nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe ora dikramakake.

b. Dene gunane tembung basa krama alus iku yaiku:
   a. anak marang wong tuwa
   b. murid marang guru
   c. wong enom marang wong tuwa
   d. wong kang lagi tetepungan

c. Dhasar Wewatone Basa Krama Alus

a)     Tembung-tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus,sing mung ana kramalugune diganti tembung krama lugu, dene sing ngoko tetep tembung ngoko wae.

Tuladhane :

Ngoko  :

Calon bojone Pak Tarji tuku gedhang, pelem, karo apel.

Krama alus:  

Calon garwanipun Pak Tarji mundhut pisang , pelem kaliyan apel.

b)     Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus, ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko.

Tuladhane :

Ngoko           : 

Nalika anake Bu Lurah lara, anakku durung mulih

Krama alus :

Wekdal putranipun bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul

c)     Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu; yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembunge ngoko.

Tuladhane :

Ngoko  : 

Pak Broto pikirane rada kuwatir, sapine sing lara ora gelem mangan karo ngombe, tandurane pari akeh sing rusak.

Krama alus :

Pak Brata manahipun radi kuwatos, lembunipun ingkang sakit boten purun nedha, tanemanipun pantun risak.



Nyemak Teks Pidhato

Gatekna tuladha pidhato ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas !

 

PIDHATO PERPISAHAN KELAS

 

Nuwun

Assalamualaikum wr.wb

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdhal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani, sakedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan SMP … punika. Pramila, mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten.

Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenegan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Adhik-adhik, kula ndherek paring pepenget dhumateng panjenengan sedaya, sakmedhal kula saking pawiyatan punika, pangajab kula adhik-adhik sageda dados siswa-siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu guru, lan dados murid ingkang pinter saha kreatif.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.

Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencang-rencag kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami.

Nuwun

Wassalammuallaikum wr.wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar