SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 20 November 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 8, SABTU 21 NOP 2020

 AYO SINAU NAMBAH WAWASAN



1.  Basa Krama Lugu

a.Paugeran krama lugu  
    
Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman.

b. Dene gunane tembung basa krama lugu iku dienggo guneman  dening:
   a. wong enom marang wong tuwa
   b. wong sing lagi tetepungan anyar
   c. murid marang gurune
   d. abdi marang bendarane

c.Dhasar Wewatone Basa Krama Lugu

a)  Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko.

Tuladhane:

Basa ngoko: 

Aku arep tuku woh-wohan, kayata: pelem, nanas, gedhang,        lan anggur .

Basa krama lugu:

Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas,  pisang, kaliyan anggur.

b)     Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake.

Tuladhane :

Basa ngoko:

Kowe apa wis weruh omahku, saiki bojoku wis mulih

Basa krama lugu:

Sampeyan punapa sampun sumerep griya-kula, sapunika  semah kula sampun wangsul.

c)      Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake.

Tuladhane  :

Basa ngoko:

Tanggaku nganti saiki isih lara durung bisa mlaku.

Basa krama lugu:

 Tanggi kula ngantos sapunika taksih sakit dereng saged    mlampah.


BASA RINENGGA

Basa Rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan lan saloka.

1.      Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake/dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

Tuladhane :

Ø  Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake.

Ø  Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna.

Ø  Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

2.      Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake/dibandhingake wonge. Tuladhane :

Ø  Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya.

Ø  Cebol nggayuh lintang, tegese  wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan.

Ø  Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.       

3.      Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan/irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane;

Ø  Ketiban ndaru, tegese beja banget.

Ø  Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake.

Ø  Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun.

4.      Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane;

Ø  Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake.

Ø  Anak polah bapa kepradah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungJawabe wong tuwane.

adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane lan kepinterane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar