PUPUH IV
P A N G K U R
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
6
01
Kang sekar pangkur winarna,
lelabuhan kang kanggo ing wong urip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipun kadulu,
miwah ta ing tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
Tegese
Temang pangkur iki nyeritake, kewajibane kanggo wong urip. Elek
lan apik iku kudu dingerteni, adat tata krama iku kok weruhi, lan unggah ungguh
tansah disinaoni rina wengi.
02
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng myang nendra,
duga-duga aja kari.
Tegese
Eling lan ati ati, sarta lan pangeling-eling aja kok lalekke, iku
alat kang paling bener, ora kena ditinggal sanadyan lagi tangi, lungguh,
ngadeg, mlaku, ngomong, meneng bae, lan turu. Eling aling iku aja nganti keri.
03
Miwah ta sabarang karya,
ing prakara gedhe kalawan cilik,
papat iku datan kentun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi neng praja miwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambekan,
papat iku aja lali.
Tegese
Lan sakabehing pagaweyan, mboh perkara gedhe apa perkara cilik,
kabeh mau ora oleh keri utawa lali, kanggo sedina-dina rina wengi, mbouh iku
neng kutha apa neng dhusun, lan kabeh sing duwe nyawa, papat mau ora oleh lali
04
Kalamun ana manungsa,
tan anganggo ing duga lan prayogi,
iku watake tan atut,
awor lawan wong kathah,
degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak pedhak,
nora wurung neniwasi.
Tegese
Tidak ada komentar:
Posting Komentar