AYO SINAU SUPAYA TAMBAH PINTER
1.
Andharan
ing ngisor iki semaken!
a.
Swara
Jejeg lan Swara Miring
”Gunung
Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi”
Ing ukara dhuwur tembung-tembunge ngemot
swara jejeg lan swara miring. Tuladha: gunung [gunUng]. Swara /u/ ing
wanda [gu] swarane jejeg, dene /u/ ing
wanda [nUng] swarane miring.
Pepeling Swara
jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durung owah saka asale. Swara
/a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung
mata, wana, rasa, lan liya-liyane. Swara /a/ miring iku manawa lafale padha karo
tembung wani, garu, sate, wedang, nanas, lan sapanunggalane. Swara
/i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/ kaya ing tembung bali,
sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani
swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib,
lan sapanunggalane.
Swara
(vokal) |
Jejeg |
Miring |
a |
widada |
dumadi |
Tumata |
palupi |
|
Lara |
dadi |
|
i |
Wadi |
manis |
Wirama |
guling |
|
Gati |
jarit |
|
u |
lunga |
sarung |
madu |
marmut |
|
palupi |
alus |
|
e |
Sate |
golek |
Wedang |
mewek |
|
Suwe |
kopen |
|
e
pepet |
sega, sepet, lega, lepet, merem, lan
sapanunggalane |
|
o |
Soto |
bolong |
Loro |
dados |
|
Obat |
Klobot |
b.
Jinise
Tembung
Sawise
njingglengi teks tanggapan dheskriptif ”Gunung Bromo” tinemu panganggone
tembung aran, tembung kahanan, tembung panggandheng, lan jinis tembung liyane.
Tuladha:
”Gunung
Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing
banget nengsemake tumrap para
wisatawan dhomestik lan wisatawan
saka manca negara”
Kanggo
nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa Jawa.
Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku:
1) Tembung
Aran (Kata Benda)
Tembung aran yaiku tembung sing nerangake
sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang.
Tembung aran diperang dadi loro, yaiku:
a) Tembung
aran sing kasat mata
Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah,
dalan, segara, wedhi, lan sapanunggalane.
b) Tembung
aran sing ora kasat mata
Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata,
lan sapanunggalane
2) Tembung
Kriya (Kata Kerja)
Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean.
Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis,
numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.
3) Tembung
Kahanan (Kata Sifat)
Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake
watak, sipat, lan kahanane samubarang.
Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih,
kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
4) Tembung
Katrangan (Kata Keterangan)
Tembung katrangan yaiku tembung sing
nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan.
Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu
ngarep, lan sapanunggalane.
5) Tembung Wilangan (Kata
Bilangan)
Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake
cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.
Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selawe,
seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo,
seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane.
6) Tembung
Sesulih (Kata Ganti)
Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa
gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang.
Tuladha:
aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane.
7) Tembung
Ancer-Ancer (Kata Depan)
Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing
dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.
Tuladha: ing, saka, menyang, lan
sapanunggalane.
8) Tembung
Panggandheng (Kata Sambung)
Tembung panggandheng yaiku tembung sing
dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih.
Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen,
manawa, sebab, lan sapanunggalane.
9) Tembung
Panyilah (Kata Sandang)
Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi
sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah.
Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggalane.
10) Tembung
Panguwuh (Kata Seru)
Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake
rasa pangrasa.
Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, lho!, haa!,
lan sapanunggalane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar