SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 16 Oktober 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 17 OKTOBER 2020

 KANGGO PERRSIAPAN

BUKAKEN BUKU PEPAK BASA JAWA

     Sesanti

     Sesanti tegese unen-unen utawa tetembungan kang ngemu surasa pitutur tumraping urip bebrayan.

     Tuladha :

-       Rawe-rawe rantas malang-malang putung tegese kabeh sing ngalang-alangi bakal disingkirake

-       Bhinneka Tungal Ika, tan hana dharma mangrua tegese beda-beda suku lan agama nanging tetep manunggal sedya.

 

Golekna tegese sesanti ing ngisor iki!

1. Ajining dhiri dumunung aneng lathi, ajine sarira dumunung aneng busana

     ______________________________________________________________________

     2. Rumangsa handarbeni wajib ngrungkepi

          ______________________________________________________________________

3. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

     ______________________________________________________________________

4. Yen kepingin mulya kudu wani rekasa

     ______________________________________________________________________

5. Jer basuki mawa beya

     ______________________________________________________________________

6. Alon-alon waton kelakon

     ______________________________________________________________________

7. Ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa tut wuri handayani

     ______________________________________________________________________

8. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah

     ______________________________________________________________________

9. Sedumuk bathuk sanyari bumi

     ______________________________________________________________________

10. Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake

          ______________________________________________________________________

            

a.       Candrane solah bawa lan liya – liyane

1)      Antenge kaya penganten ditemokake

2)      Ulate ndamar kanginan

3)      Ulate ruruh jatmika

4)      Kulite kuning kaya mas sinangling

5)      Lambehane mblarak sempal

6)      Jogede merak kasimpir (sengkleh)

7)      Jogede mucang kanginan

8)      Sisigane ngelar kombang

9)      Sisigane kekejere kaya manuk branjangan

10)  Lakune lengkeh-lengkeh (lengket-lengket) kaya macan luwe

11)  Lakune lingak-linguk kaya kethek ditulup

12)  Lakune repepeh-repepeh (mendheg-mendheg) pindha sata manggih krama (jago ketemu babon); utawa pindha sata matarangan

13)  Kagyating manah (dheg-dhegan) lir (pindha) tinubruk mong tuna, sinambering gelap lepat

14)  Kagyating kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang

15)  Surake mbata rubuh

16)  Playune lonjong botor

17)  Playune lonjong mimis

18)  Suguhane mbanyu mili

19)  Wangsulane saur manuk

20)  Rukune kaya mimi lan mintuna

21 NGANTI 30

GOLEKA CANDRANE SOLAH BAWA ING PEPAK BASA JAWA,

DITULIS ING BUKU TUGAS.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar