SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 08 Oktober 2020

MATERI B JAWA KELAS 8, SABTU 10 OKTO 2020

 A. MATERI IKI SINAONI

B. SOAL-SOAL TULIS MANEH ING BUKU TUGAS, BANJUR JWABEN KAYA JAWABAN KANG WIS DISIAPAKE.


MATERI


Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c lan d minangka wangsulan kang bener!

ASAL-USULE BLORA

Miturut  critane  rakyat  Blora  iku  dumadi  saka  tembung  belor.  Tegese  endhut

(Lumpur). Tembung  belor saya suwe dadi  mbeloran lan akhire nganti saiki katelah

kanthi sebutan Blora. Yen dirunut kanthi cara etimologi (asal usule tembung) Blora

asale saka tembung wai lan lorah. Wai tegese banyu lan lorah tegese jurang utawa

lemah endhek (ledhok).  Ing basa Jawa aksara w bisa lira liru   karo akasara b tanpa

ngowahi tegese, saengga jumbuh karo kemajuane jaman mula tembung  wailorah

dadi  bailorah. Saka  bailorah  dadi balora lan akhire dadi  Blora.  Cethane, jeneng Blora

iku tegese lemah endhek mbanyu. Bab iki jumbuh karo lemah  ngendhut.

1.  Yen dirunut kanthi cara etimologi (asal-usule tembung) Blora asale saka tembung wai

lan lorah. Tembung lorah tegese ... .

a.  lumpur

b.  banyu

c.  jurang

d.  lemah

Blora wiwit owah setatus dadi daerah kabupaten nalika  dina Kemis Kliwon tanggal 2

Sura  tahun  Alib  1675  utawa  11  Desember  1749  Masehi  kang  nganti  saiki  sinebut

minangka HARI JADI KABUPATEN BLORA.

2.  Yen kaetung nganti 11 Desember 2020 umure Kabupaten Blora ... tahun

a.  270

b.  271

c.  272

d.  273

Wekasane padha mangerteni sapa kang ana ing ngarepe kuwi yaiku Gusti Bupatine

dhewe. Nalika Harya Penangsang ndangu sapa kang kagungan jaran iki, sanalika

dijawab  bebarengan    Punika  Turangganipun  Riman”.   Krungu  jawaban   kaya

mengkono iku Sang Adipati kalegan atine. Mula jaran kang saiki dadi titihane iku

diwenehi  jeneng  “GAGAK  RIMAN”.  Amarga  jaran  kasebut  duwe  ules  ireng  kaya

manuk gagak lan sing duwe Riman. Ana ing sabanjure nyebut gagak riman kuwi

rada kangelan wekasane akeh kang nyebut “GAGAK RIMANG”.

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VIII      2

3.  Jaran  kang  dadi  titihane  Sang  Adipati  Haryo  Penangsang  diwenehi  jeneng  Gagak

Rimang amarga ... .

a.  Jaran kasebut duwe ules putih kaya manuk gagak lan sing duwe Riman

b.  Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Siman

c.  Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Haryo Penangsang

d.  Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Riman

4.  Para  siswa  padha  (resik)  kelase  dhewe-dhewe.  Tembung  resik  yen  didadekake

tembung tanduk dadi ... .

a.  resikan

b.  ngresiki

c.  ngresikake

d.  diresiki

5.  Wong  tuwa  kuwi  bisane  mung  (kandha)  marang  wong  kang  luwih  enom.  Tembung

kandha yen didadekake tembung tanduk dadi ... .

a.  ngandhani

b.  ngandhakake

c.  dikandhani

d.  dikandhakake

6.  Gawea tembang Gambuh sapada wae! Tembung gawea yen ditulis aksara Jawa ... .

a.

b.

c.

d.

7.    yen ditulis aksara latin ... .

a.  rapete

b.  repote

c.  rapote

d.  rapotte

8.  Sapine Pak Warso sing didol ing pasar  Pon wingi kae  awake kuru semangka. Awake

kuru semangka kalebu sanepa kang tegese ... .

a.  awake kuru banget

b.  awake lemu banget

c.  awake cilik banget

d.  awake gedhe banget

9.  Simbah saben esuk lan sore ngunjuk jamu kang rasane legi bratawali.  Legi bratawali

tegese ...

a.  legi banget

b.  legi kaya bratawali

c.  pait banget

d.  ora pait

10. Bagyo  matur  marang  Pak  Johan,  “Pak  Johan  sampeyan  dikengken  kajatan  wonten

griyane Pak Lik Santoso.” Mature Bagyo marang Pak Johan iku luput. Sing bener ... .

a.  Pak Johan panjenengan dipunaturi kajatan wonten dalemipun Pak Lik Santosa

b.  Pak Johan sampeyan dipunaturi kajatan wonten dalemipun Pak Lik Santosa

c.  Pak Johan panjenengan dipunkengken kajatan wonten dalemipun Pak Lik Santosa

d.  Pak Johan panjenengan dipunaturi kajatan wonten griyanipun Pak Lik Santosa

dadia tirakaktmu ya anak-anakku

dadia pambukaning nalarmu

dadia margining kamulyanmu mbesuk

cingkrang lan kasangsarane

wong tuwamu kang tumpuk-tumpuk

….

11. Tembung cingkrang ing geguritan kasebut nduweni teges ...

a.  sarwa kurang

b.  cendhek

c.  ora sedheng

d.  endhek

Gambuh

Sekar gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kelantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.    

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VIII      3

12. Tembung kelantur tegese ... .

a.  ngawur

b.  mbebayani

c.  kewanen

d.  kebacut

Gambuh

Pitutur bener iku,

Sayektine apantes tiniru,

Nadyan metu sa

ing wong sudrapapeki,

Lamun becik nggone wuruk,

iku pantes sira anggo.

13. Manut tembang ing dhuwur pitutur kang becik/bener iku kudu ditiru nadyan pitutur iku

metu saka wong ... .

a.  pinter

b.  sugih

c.  ora duwe / sengsara

d.  pangkat dhuwur

14. Tembung kriya yaiku tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe, kaya

ta : mlaku, turu, nggawa. Tuladha tembung kriya liyane ... .

a.  nulis

b.  buku

c.  siji

d.  kowe

15. Tembung aran yaiku jenenging sakabehing apa wae kang dianggep barang. Tuladha

tembung aran ... .

a.  banter, alon-alon

b.  meja, sapi

c.  tindak, rawuh

d.  adhuh, lho

16. Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget. Kang kalebu tembung panggandheng

ing ukara iki yaiku ... .

a.  pinter

b.  nanging

c.  kangmase

d.  banget

17. Susana nyirami kembang ing latar. Tembung nyirami  yen katulis Jawa ... .

a.

b.

c.

d.

Resi Gotama kagungan putra telu yaiku Subali, Sugriwa lan Dewi Anjani. Bocah telu

iku rebutan Cupu Manik Astagina, sebab sapa wae yen bisa duweni cupu iku mau

pepinginan  apa  wae  bisa  kaleksananan.  Sang  Resi  duka,  cupu  kacandhak  banjur

kabuwang,  cupu  iku  mau  ngleyang  ing  angkasa  banjur   cumemplung  ing  telaga,

tetelune nututi cupu iku mau, bareng mangerteni manawa cupu iku cumemplung ing

telaga, tanpa dipikir dawa, Subali lan Sugriwa banjur njegur telaga ananging Dewi

Anjani ora wani njegur mung wijik lan raup ing pinggir telaga. Wusanane mbareng

mentas saka telaga bocah telu malih rupa dadi kethek.

18. Cupu Manik astagina dadi rebutan para putrane Resi Gotama amarga ... .

a.  Sapa wae sing bisa nduweni cupu iku bakal nduweni pepenginan apa wae

b.  Sapa wae sing bisa nduweni cupu iku pepenginan apa wae ora bisa kaleksanan

c.  Sapa wae sing bisa nduweni cupu iku pepenginan apa wae bisa kaleksanan

d.  Sapa wae sing ora bisa nduweni cupu iku pepenginan apa wae ora bisa kaleksanan

Kacarita bala kethek kang dipandhegani dening Sugriwa banjur sabiyantu marang Prabu

Rama  Wijaya  ing  perang  ngadhepi  Rahwana  Raja.  Ing  bab  iku  Anoman  pinercaya

dening Prabu Rama Wijaya dadi duta lan prajurit telik sandi kanggo nggoleki ing ngendi

papan  dudunge  Dewi  Sinta  kang  cinidra  dening  Prabu  Dasamuka  utawa  Rahwana.

Anoman nyedhaki Ngalengka kanthi mapan ing Gunung Maliawan

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa VIII      4

19. Manut crita kasebut sapa kang nyolong Dewi Sinta?

a.  Dasamuka

b.  Anoman

c.  Sugriwa

d.  Prabu Rama Wijaya

Bambang  : “ Fik, tugase Basa Jawa wingi apa?”

Taufik   : “ Alah kuwi lho,  dikongkon  Bu Guru piye carane  kandha    nalika awake

dhewe liwat ing dalan, ing kono ana wong tuwa akeh sing lagi kumpul.

20. Tembung dikongkon  lan  kandha  ing pacelathone Taufik iku luput, sing bener ... .

a.  didhawuhi, sanjang

b.  dikengken, matur

c.  dikengken, sanjang

d.  didhawuhi, matur

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

21. Tembung-tembung kang ana ing njero kurung iki dadekna rimbag tanduk kang bener !

Ibu (utus) Mita (sapu) latar, (bubut) suket lan (tandur) kembang.

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

22. Tulisen nganggo aksara Jawa !

a.  majua

b.  nulisi

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

___

23. Tulisen kepriye mature yen kowe diutus Pak Bayu undang-undang kajatan mengko

bengi bubar ngisak marang Pak Yusup.

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

24.   Gambuh

Sekar gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kelantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

Tulisen wewaton /pathokan saka tembang Gambuh ing dhuwur!

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

____________________________________________________________________________

25. Roni tuku buku loro banjur dheweke nggarap tugas.

Ukara iki yen diudhal/diudhari manut ayahan jinising tembunge dadi:

Jinising Tembung  Tembung

a.  Tembung aran  Roni, buku

b.  Tembung kriya   ................................................

c.  Tembung wilangan  ................................................

d.  Tembung panggandheng  ................................................

e.


JAWABAN IKI PINDAHEN ING SOAL.

I.  PILIHAN GANDA

 

1.    C                     11.  A

2.      B                     12.  D                      

3.      D                     13.  C                      

4.      B                     14.  A                       

5.      A                     15.  B

6.      D                     16.  B

7.      C                     17.  D                      

8.      B                     18.  C                      

9.      C                     19.  A                       

10.   A                     20.  D

 

 

II.URAIAN

 

21.   Utus = ngutus, sapu = nyapu, bubut = mbubuti, tandur = nandur

22.   a. mjuw

b. nulisSi

23.   Pak Yusuf panjenengan dipunaturi kajatan wonten dalemipun Pak Bayu mangke dalu bibar ngisak.

24.   Wewaton / pathokan tembang Gambuh :

a.         Guru gatra : 5

b.         Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8

c.         Guru lagu : u, u, i, u, o

 

25.   Jinising tembung :

 

Jinising Tembung

Tembung

a.      Tembung aran

Roni, buku

b.     Tembung kriya

Tuku, nggarap

c.     Tembung wilangan

loro

d.     Tembung panggandheng

banjur

e.     Tembung sesulih

dheweke

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar