SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Kamis, 08 Oktober 2020

MATERI B JAWA KELAS 9, SABTU 10 OKTO 2020

 A. MATERI IKI TULIS MANEH /SALINEN ING BUKU TUGAS

B. JAWABEN KANTHI NYOCOKE KARO JAWABEN KANG ANA ING NGISORE.

MATERI

I.  WenehanaTandha ping (X) ing aksara a, b, c lan d minangka wangsulan kang bener!

Wacan kanggo nomer 1- 4

RAMA LAN SINTA

Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana,

kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreg merak  ati. Kidang rukmi nunten

wira-wiri  sacelaking  papan  dunungipun  tiyang  tetiga.  Sinta  sumerep  kabregasaning  kidang.

Piyambakipun  gawok,  tuwuh  prentuling  manah  kepingin  ngingah  kidang  rukmi.  Rama  kasuwun

nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.

“Dhuh Raden, pangayoming jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang kencana ingkang

elok  ing  warni.  Inggih  nembe  sapisan  punika  kula  sumerep  wujuding  kidang  ingkang  ulesipun

kencana. Mendah senenging manah kula menawi saged ngingah kidang punika minangka panglipuring

manah ing salebeting wana ingkang bawera punika,” aturipun Putri Manthili.

“Yayi,  salumahing  bumi  sakureping  langit  tan  ana  kang  ngembari.  Tresnane  pun  kakang  marang

sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu,  saiki uga bakal dakwujudi pepenginanmu.

Kidang  kang  kokarepake  bakal  dakcekel.  Mula  lilanana  pun  kakang  linggar  saka  pakuwon,”

ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang garwa.

(Kapethik saka: http://gootoez.blogspot.co.id/2012/02/cerita-pewayangan.html, ing Piwulang Basa Jawa Klas 9: 3)

1.  Sejatine kang dadi kidang kencana yaiku … .

a.  Dhandhaka

b.  Kala Marica

c.  Raseksa

d.  Putri Manthili

2.  Paraga kang kepencut lan kepengin ngingu kidang kencana ing wacan “Rama lan Sinta” yaiku ….

a.  Sinta

b.   Rama

c.   Jatayu

d.   Raseksa

3.  Papan padununge kidang kencana yaiku ana ing … .

a.  tengah alas

b.  alas roban

c.  alas Dhandaka

d.  alas Alengka

4.  Ing ngisor iki kalebu wewatekane Prabu Rama Wijaya yaiku  ... .

a.  degsiya

b.  angkara

c.  jirih/wedi

d.  labuh tresna

5.  Bareng  Dewi  Sinta  mirsani  ana  kidang  kencana  kang  elok  ing  warni  mula  dheweke  banjur

kepencut ing njero ati. Tembung kencana dasanamane ... .

a.  coklat

b.  ireng

c.  emas

d.  putih

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa IX      2

6.  Prabu Dasamuka iku raja ing Alengka dirja. Tembung prabu duweni dasanama kaya kasebut ing

ngisor iki, kajaba ... .

a.  narendra, narpati

b.  nata, jenggala

c.  raja, katong

d.  nata, nareswara

7.  Ing  wusana  Dewi  Sinta  kadhusta  dening  Prabu  Dasamuka,  kaboyong  menyang  Alengka.

Tembung kadhusta dasanamane ... .

a.  kaculik

b.  kaboyong

c.  kagawa

d.  katarik

8.  Kowe ora usah kuwatir, kabeh polah tingkahmu bakal nampa ganjaran, tumindak apik ya nampa

ganjaran, yen ala ya nampa akibate. Iki padha karo paribasan “becik ketitik ala ketara,”  tegese….

a.  sing sapa nindakake kaluputan ora bakal konangan

b.  sapa sing ngati-ati bakal slamet, sapa sing sembrana bakal cilaka

c.  ora narima ing pepesthene Kang Maha Kuwasa

d.  tumindak bener utawa salah tembe buri mesthi bakal ana undhuh-undhuhane

9.  Pak Danu dadi repot lan susah atine amarga putrane sing lulus SMK ora gelem nerusake kuliah,

malah kenceng tekade arep dadi TKI neng luar negeri. Iki padha karo paribasan “didhadhunga

medhot dipalangana mlumpat,” tegese ... .

a.  kekarepane kendho kenceng, ora ajeg

b.  tansah gawe susahe wong tuwa

c.  anak sing gawe senenge wong tuwane amarga duweni gegayuhan sing dhuwur

d.  wis ora kena diendhakake (dipenggak) kekakarepane.

10.  Barang sepele wae kok dadi uring-uringan gedhe. Malah kepara nganti wong tuwa lorone padha

padudon sakarepe dhewe. Pratelan iki cocog karo paribasan ... .

a.  criwis cawis

b.  kriwikan dadi grojogan

c.  dhemit ora ndulit, setan ora doyan

d.  ciri wanci lelai ginawa mati

11.  Adhiku tuku buku tulis kabehe lima. Ukara iki nganggo gatra katrangan ... .

a.  sebab

b.  akibat

c.  cacah

d.  sarana

12.  Ukara-ukara ing ngisor iki kalebu ukara kang nganggo gatra katrangan sedya/maksud yaiku ... .

a.  Adhiku sinau saben dina kareben pinter sekolahe.

b.  Wahyudi ngonceki pelem nganggo peso.

c.  Darno ora mlebu sekolah jalaran lara panas.

d.  Saben dina aku tangi jam papat esuk.

13.    Bayu       : Nembe menapa Eyang Darma ?

Eyang Darma    : Lagi ngresiki kurungan manuk kutut

Bayu      : Peksi saking pundi menika ?

Eyang Darma  : Saka anaku mbarep Darma Usada

Bayu      : Pak dhe Usada samenika …….wonten pundi ?

Eyang Darma    : Dadi dhokter ing rumah sakit ing Purwokerto.

Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara basa krama alus ing dhuwur … .

a.  nyambut gawe

b.  nyambut damel

c.  ngasta damel

d.  nambut kardi

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa IX      3

14.  Dhandhanggula

Sasmitaning ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Mapan ewuh yen ora weruha. Tembung ewuh duweni teges … .

a.  bener

b.  angel utawa repot

c.  salah

d.  luput

15.  Piwulang becik kang bisa kapethik saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku…

a.  seneng  ngaku-aku yen wis paham marang pralambange urip, nanging sejatine durung

paham amarga durung nduweni rasa pangrasa kang nyata. Mulane aja padha

nggoleka/ikhtiara rasane rasa pangrasa supaya uripe sampurna.

b.  aja seneng  ngaku-aku yen wis paham marang pralambange urip, nanging sejatine durung

paham amarga durung nduweni rasa pangrasa kang nyata. Mulane padha  nggoleka/ikhtiara

rasane rasa pangrasa supaya uripe sampurna.

c.  aja seneng  ngaku-aku yen durung paham marang pralambange urip, Mulane padha

nggoleka/ikhtiara rasane rasa pangrasa supaya uripe ora sampurna.

d.  seneng  ngaku-aku yen wis paham marang pralambange urip, nanging sejatine durung

paham amarga durung nduweni rasa pangrasa kang nyata. Mulane padha  nggoleka/ikhtiara

rasane rasa pangrasa supaya uripe ora bisa sampurna.

16.  Saben dina Bu Maemunah tansah ndremimil anggone nuturi putrane kareben sinau sing sregep,

ewosemana  putrane  tansah  ora  nggugu  lan  dolanan  handphone  terus.  Pratelan  iki  cocog  karo

bebasan … .

a.  diwenehi ati grogoh rempela

b.  emban cindhe emban siladan

c.  lambe satumang kari samerang

d.  Mbalung usus

17.  Merga Subari ora nggarap PR Basa Jawa, mula atine  tansah ora jenak bareng dicedhaki dening

Pak Guru. Pratelan iki cocog karo bebasan … .

a.  kerot ora duwe untu

b.  sandhing kirik gudhigen

c.  nabok nyilih tangan

d.  kumrisik tanpa kanginan

18.  1.  Nurul maca geguritan.

2.    Dina dolan ing omahe Novi!

3. Bu Guru ngajari nembang macapat.

4.  Bocah wadon sing juara lomba qiraah iku.

Ukara ing dhuwur kang kalebu ukara ganep yaiku ... .

a.  1,2,3

b.  1,3

c.  2,4

d.  4

19.  Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara ora ganep yaiku … .

a.  Bu Nana maos koran

b.  Adhiku njajan ing kantin sekolahan.

c.  Pak guru kang daleme Blora kae

d.  Sinaua sing sregep supaya lulus kanthi biji apik.

20.  Sengkalan resi suci trus samadi iku nuduhake taun … .

a.  1974

b.  1947

c.  1747

d.  1774

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 – B.Jawa IX      4

II.  Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

21.  a.  Gawea tuladhane ukara kang nggunakake gatra katrangan sarana/alat!

b.  Gawea tuladhane ukara kang nggunakake gatra katrangan sebab!

_____________________________________________________________________________

22.  DHANDHANGGULA

Ingkang lumrah ing mangsa puniki,

mapan guru ingkang golek sabat,

tuhu kuwalik karepe,

kang wus lumrah karuhun,

jaman kuna mapan si murid,

ingkang padha ngupaya,

kudu anggeguru,

ing mengko iki ta nora,

Kyai Guru naruthuk ngupaya murid,

dadia kanthinira

Tulisen pathokane/paugerane tembang Dhandhanggula ing dhuwur!

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

23.  a. Gawea tuladhane ukara elip perangan gatra wasesa!

b. Gawea tuladhane ukara ganep!

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

24.  Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen manut kalungguhane (J-W-L-K)

a. Adhiku tuku sega goreng akehe limang bungkus.

b. Bapak ngunjuk kopi ing wayah esuk

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

25.  Sengkalan-sengkalan ing ngisor iki nuduhake taun pira?

a. Sirna ilang kertaning bumi

b. Tri naga manjing bantala

_____________________________________________________________________________

_____________________________________________________________________________

_________________________________________________________________ ____________

_____________________________________________________________________________

JAWABAN SING BENER

I. PILIHAN GANDA

1.    B                     11.  C

2.      A                     12.  A                       

3.      C                     13.  C                      

4.      D                     14.  B                       

5.      C                     15.  B

6.      B                     16.  C

7.      A                     17.  D                      

8.      D                     18.  A                       

9.      D                     19.  C                      

10.   B                     20.  B

II.URAIAN

21. Mung adhapur tuladha:

       a. Bapak mbabati suket nganggo arit.

       b. Aku ora njajan amarga ora sangu.

22. Paugerane tembang Dhandhanggula:

       a. Saben sapada ana 10 gatra

       b. guru wilangan lan guru lagune: 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a

23. Mung adhapur tuladha

       a. Mangan

       b. Adhiku mangan sega goring

24. a. Adhiku tuku sega goreng akehe limang bungkus.

       Adhiku      : J

       tuku          : W

       sega goreng: L

       akehe limang bungkus: Katrangan cacah

       b. Ba[pak ngunjuk kopi ing wayah esuk.

            Bapak       : J

            Ngunjuk    : W

            Kopi          : L

            Ing wayah esuk    : Katrangan wayah

25. a. Taun 1400

      b. Taun 1983

Tidak ada komentar:

Posting Komentar