SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 23 Oktober 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 9, SABTU 24 OKTO 2020

 AYO NGGAWE PURWAKANTHI.

Purwakanthi


Guru Swårå

01. Ånå awan, ånå pangan.
02. Ngalah, nanging olèh.
03. Sing salah, kudu sèlèh
04. Becík, ketitik, ålå ketårå
05. Síng wèwèh, bakal pikolèh.
06. Adigang, adigúng, adiguna.
07. Inggah-inggih, ora kêpanggih.
08. Ciri wanci, lêlai ginåwå mati.
09. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
10. Witíng tresnå, jalaran såkå kulinå.
11. Giri lungsi, jalmå tan kenåa inginå.
12. Yèn mênang, åjåa njur sewenang-wenang.
13. Ånå bungah, ånå susah iku wis lumrah.
14. Síng gêlêm ngalah, bakal luhur wêkasané.
15. Yèn kråså énak, åjå njur lali anak, lali bojo,
      lali tånggå, lali kåncå.


Guru Sastrå

01. Tåtå titi tútúg tatag, tanggúng têrtib.
02. Åjå dhêmen mêmada, dhatêeng sapadhaning dumadi.
03. Tabêri nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi.
04. Wóng jejodhohan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot, bêbêt.
05. Rurúh, rèrèh, ririh ing wewarihipún, mrih rêsêpíng
      pårå muyarsi.
06. Ing ngarså sung tulådhå, ing madyå mangun karyå,
      tutwuri handayani
07. Tarti tåtå-tåtå, até mêtu turút ratan, diutus tuku tahu
      témpé dhuwít kertas telúng atús.
08. Tindak tandúk lan tutúr kang kalantúr, katulå tulå katali,
      bakal kacatúr, katutúh, kapatúh pan dadi awón.
09. Sluman slumun slamet, Salamún nyemplúng kali plung
      slulúp slêlêp slêlêp olèh slêpèn isi klóbót, njumbúl bul
      klambine têlês blês.
10. Kålå kulå kêlas kalih, kulå kulak kalo kalih kuli-kuli kulå, kalo kulå
      kèli kilèn kulå, kalo kula kompal kampul, kulå kelap-kelip kålå-kålå
      kêlang kêling.


TEMBANG JAWA

 

Tembang Jawa yaiku karngan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake. Anggone nglagokake tembang bisa diiringi swarane gamelan utawa tanpa gamelan. Tembang Jawa bisa diperang dadi 4 warna, yaiku :

1.      Tembang Dolanan

2.      Tembang Macapat

3.      Tembang Tengahan

4.      Tembang Gedhe

 

1.      Tembang Dolanan

Tembang dolanan yaiku tembang kang lumrahe ditembangake kanggo dolanan bocah cilik-cilik. Tembang dolanan uga bisa diiringi nganggo wiramaning gendhing.

 

Tembang dolanan kuna upamane :

a.       Jamuran

b.      Sluku-sluku bathok

c.       Buta galak

d.      Cublak-cublak suweng

e.       Ilir-ilir

f.       Jaratu

g.      Ya, ya, ya

h.      Gula ganti

i.        Kupu-kupu

 

Tembang dolanan gagrag anyar, kayata :

  1. Lesung jumengglung
  2. Sapa ngira
  3. Glopa-glape
  4. Galo bemone
  5. Motor cilik
  6. Numpak prau layar
  7. Warung pojok
  8. Simpang lima indah
  9. Sapu tangan
  10. Ngundha layangan

 

2.      Oval: wawaTembang Macapat

Tembang macapat yaiku tembang kang mawa paugeran gumathok, kayata guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

Basa ing tembang macapat migunakake basa Jawa anyar. Tembang macapat bisa ditembangake tanpa nganggo dibarengi swaraning gamelan.

 

Gunane tembang macapat :

a.       Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing

Upamane Dhandhanggula Sida Asih kanggo mbawani gendhing/langgam Setyatuhu.

b.      Kanggo lelagon ing kethoprak utawa wayang wong.

Upamane nalika tantang-tantangan arep perang nggunakake Pangkur palaran, Durma, lan sapanunggalane.

 

Wataking tembang macapat

Wataking tembang yaiku kalumrahane tembang kanggo nyritakake crita kang warna-warna isine.

1)      Pocung watake kendho tanpa greget, sakpenake, gloyam-glayem. Kanggo medhar sembranan, geguyon lan cangkriman.

2)      Gambuh watake kulina, rumaket (gulet), wanuh wani. Kanggo mituturi kang rada sereng marga wis rumaket.

3)      Durma watake galak, nantang, nesu, muntab, lan sereng.

Kanggo nelakake kanepson utawa crita perang.

4)      Mijil watake asih, tresna.

Kanggo medharake bukaning crita utawa mangayubagya, mituturi, crita asmara.

5)      Sinom watake renyah, grapyak, lan sumanak.

Kanggo mituturi, sesorah.

6)      Pangkur watake sereng, kejem, lan nantang.

Kanggo crita kang nel.

7)      Kinanthi watake seneng, tresna, lan asih.

Kanggo crita kang ngemu tresna.

8)      Asmaradana watake sedhih, sengsem, prihatin.

Kanggo crita kang nelakake rasa asmara (kasmaran).

9)      Dhandhanggula watake kewes, lan ngresepake.

Kanggo medharake piwulang, nelakake rasa asmara (gandrung).

10)  Maskumambang watake nelangsa, sedhih, keranta-ranta.

Kanggo crita kang ngeres, nelangsa, karanta-ranta.

11)  Megatruh watake sedhih, memelas, getun, nglokro (putus asa)

Kanggo nelakake rasa pangrasa kang ngeres (susah banget)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar