SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Jumat, 23 Oktober 2020

MATERI BASA JAWA KELAS 7, SABTU 24 OKTO 2020

 AYO LATIHAN NGGARAP TUGAS.

GARAPEN ING BUKU TUGAS!

SOAL LATIAN ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL

I.  Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d kang bener !

 

Wacan kanggo nomer 1-2.

         Kang sinebut Mbah Janjang sejatine Pangeran Jati Kusuma lan Jati Suwara kekarone isih sedulur karo Pangeran Benawa Adipati Jipang Panolan. Pangeran Benawa entuk warisan Wulu Dumba Pancal Panggung, yaiku kumpulan pusaka Pajang. Pusaka-pusaka iku kasimpen ana ing genthong gawean cina. Genthong iku dicolong kadipaten Rajekwesi, saiki Bojonegoro. Pangeran Jati Kusuma lan Jati Suwara kautus Pangeran Benawa nggoleki. Pangeran sakloron banjur tekan desa Janjang ing kono banjur mulang warga sakiwa tengene babagan agama Islam lan ngelmu kawruh liyane. Pangeran sakloron uga gawe wayang krucil nganti saiki dikepyakna nalika sedhekah bumi Janjang kanthi lakon “Mbedhah Negari Makadam”. Lakon iki nyritakake padudon antarane agama Nasrani lan agama Islam sing akhire dadi rukun urip bebarengan.

1.    Kang sinebut Mbah Janjang  yaiku... .

a.    Pangeran Benawa Adipati Jipang Panolan

b.    Pangeran Jati Kusuma lan Pangeran Jati Suwara

c.    Pangeran Jati Kusuma lan Pangeran Benawa

d.    Pangeran Jati Suwara lan Pangeran Benawa


2.    Mula bukane Mbah Janjang bisa teka lan manggon ana ing desa Janjang... .

a.    mlayu saka omah amarga lagi ana perang

b.    kautus Adipati Jipang Panolan mulang warga desa Janjang babagan agama islam

c.    kautus Adipati Jipang Panolan nggoleki pusaka kang dicolong kadipaten Rajekwesi

d.    kautus Adipati Jipang Panolan masrahake pusaka marang kadipaten Rajekwesi

 

3.    Sedhekah bumi ing desa Janjang tiba dina Jemuah Pon. Dina sawise Jemuah Pon yaiku... .

a.    Setu Paing

b.    Setu Kliwon

c.    Setu Legi

d.    Setu Wage

 

4.    Saben dina Kemis Legi Lik Sumi dodolan ing  pasar Jepon. Sedina sadurunge Lik Sumi kulakan ing pasar Blora, yaiku dina... .

a.    Jemuah Kliwon

b.    Jemuah Paing

c.    Rebo Kliwon

d.    Rebo Paing

 

5.    Mbak Laras nggawa klenthing ing bangkekan ora nggawa gendhongan. Nggawa barang mapan ana bangkekan ora nggawa gendhongan jenenge... .

a.   ngindhit

b.   mangkul

c.   mondhong

d.   nggotong

 

6.    Mas Agus nyunggi suket sakranjang. Tembung nyunggi tegese nggawa barang mapan ing... .

a.   sagurine gulu

b.   sadhuwure sirah

c.   sangarepe dhadha

d.   sadhuwure pundhak

 

7.    Aku diwenehi dhuwit simbah. Ukara iki yen didadekake basa krama alus... .

a.   Kula dipunsukani arta simbah

b.   Kula dipuncaosi arta simbah

c.   Kula dipunparingi arta simbah

d.   Kula dipunwenehi arta simbah

 

8.    Bapak nonton TV karo mangan serabi. Ukara iki yen didadekake basa krama alus... .

a.   Bapak ningali TV kaliyan nedha serabi

b.   Bapak ningali TV kaliyan dhahar serabi

c.   Bapak mriksani TV kaliyan nedha serabi

d.   Bapak mriksani TV kaliyan dhahar serabi

 

9.    Sapine Pak Joko lemu-lemu amarga saben dina dipakani ampas tahu. Tembung lemu-lemu kosok baline... .

a.   cilik-cilik

b.   kuru-kuru

c.   garing-garing

d.   gering-gering

 

10.  Bocah-bocah padha seneng atine nalika nonton wayang ing Blok T. Tembung seneng kosok baline... .

a.   susah

b.   nelangsa

c.   melas

d.   keranta-ranta

 

11.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang oleh seselan –in- yaiku... .

a.   pinter

b.   inceng

c.   rina wengi

d.   sinambung

12.  Kabeh lelakone (tulis) ing buku harian. Tembung tulis yen diseseli –in- dadi ... .

a.      tinulis

b.      intulis

c.      tulisen

d.      ditulis

 

Tembang kanggo nomer 13-14

 

Pangkur

 

Sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik puniku,

prayoga kawruhana,

adat waton punika dipunkadulu,

miwah ingkang tata krama,

den kaesthi siyang ratri.

13.  Ala lan becik puniku prayoga kawruhana. Tembung  prayoga  tegese ...  .

a.    becik

b.    bener

c.    kudu

d.    perlu

14.  Miwah ta ing tatakrama, den kaesthi siyang ratri, tegese ... .

a.    tatakrama iku perlu

b.    awan bengi ora perlu nganggo tatakrama

c.    tatakrama kudu tansah dienggo awan apa dene bengi

d.    tatakrama perlu mungguhe wong urip

15.  Linggar arep budhal sekolah. Sadurunge budhal dheweke pamitan marang bapak lan ibune. Pamitane Linggar kang trep yaiku ...  .

a.    Pak, Bu,  aku pamit arep budha sekolah

b.    Pak, Bu, kula pamit badhe bidhal sekolah

c.    Pak, Bu, kula badhe bidhal sekolah

d.    Pak, Bu kula nyuwun pangestu badhe bidhal sekolah

16.  Wengi iki hawane adhem ... amarga lagi wae bubar udan sedina muput. Ganepe tembung adhem supaya dadi tembung saroja ... .

a.    nyenyet

b.    njekut

c.    njejet

d.    dhedhet

 

17.  Bocah sing seneng  colong ... mesthi digethingi kanca-kancane. Ganenepe tembung colong supaya dadi tembung saroja ...  .

a.    jaluk

b.    jupuk

c.    maling

d.    ngapusi

 

18.  Deduga lawan prayoga, myang watara sreringa awya lali. Kang kalebu tembung dwipurwa ing ukara iki ...  .

a.    deduga, prayoga

b.    prayoga, watara

c.    watara, reringa

d.    deduga, reringa

 

19.  Urip bebrayan iku kudu tansah (tulung) marang sapadha-padha. Tembung tulung yen didadekake tembung dwipurwa dadi ... .

a.    tinulung

b.    tulung-tulung

c.    tetulung

d.    nulung

 

20.  Jumbuh karo kahanan kang nyenengake ayo padha tetembangan. Ukara iki nuduhake sasmitane tembang ...  .

a.    Gambuh

b.    Pangkur

c.    Durma

d.    Megatruh

 

21.  Rama Semar wis mungkur , ayo padha tetembangan. Tetembungan utawa unen-unen iku minangka sasmitane  tembang ... .

a.                           Gambuh

b.                           Pangkur

c.                           Dhandhanggula

d.                           Kinanthi

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar