SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Selasa, 19 Januari 2021

MATERI BASA KELAS 9 SEM 2, RABU 20 JANUARI 2021

 

WULANGAN 5

 

GEGURITAN

 

Kompetensi Dasar

3.1. Memahami isi teks geguritan

Indikator

·           Mendengarkan pembacaan teks geguritan

·           Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata sulit dalam geguritan

·           Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi geguritan

·           Menuliskan isi /amanat geguritan

 

I. A. Wacanen kanthi kedal lan intonasi kang trep geguritan iki!

    

Pamulangan

 

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

 

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

 

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

 

Nanging
prakanca,

 

coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadhang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dhokter
Jalaran dhuwite bapak boten wonten sakoper

 

Rama,
Nyadhong duka
Kula boten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

 

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

                                       (Sumber: http://alwib.net/geguritan-bahasa-jawa/)

 

Geguritan ing dhuwur kalebu geguritan gagrag anyar (geguritan modern).       Geguritan asale saka tembung gurit tegese tulisan, kidung (Baoesatra Jawa 1939). Geguritan tegese tulisan (karangan) kang awujud tembang (basa pinathok) utawa syair.

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) lan geguritan gagrag anyar (geguritan modern).

Beda karo geguritan gagrag lawas, geguritan gagrag anyar luwih bebas, ora kaiket paugeran kaya geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar duwe titikan kayata:

  • Basane kalebu basa endah, dudu basa padinan.
  • Swara pungkasan saben gatra bebas /mardika.
  • Isine mentes /cekak ora ngambra-ambra.

B. Ayo, negesi tembung

 

No

Tembung

Tegese

1.

 

2.

3.

 

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

pamulangan

 

kareben

genah mrenah

 

nggladrah

kesrakat

mlarat

tinuju

tumata

tuladha

suba sita, trapsila

lurung

...

...

...

...

pendidikan, pembelajaran

 

supaya

manut aturan, ndalan, ora neka-neka, ora aneh-aneh

ora manut, sakarepe dhewe

kekurangan

ora duwe banget; miskin

sing dituju, siseja, dikarepake

mapan, kepenak

conto

sopan santun, tata krama

dalan

             

 

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

       1. Ngendikane Simbah ngapa “aku” kudu sekolah?

            ________________________________________________________________

       2. Apa tegese kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah?

            ________________________________________________________________

       3. Ngendikane bapak ibu guru, ngapa “aku” kudu sregep sinau?

           ________________________________________________________________

       4. Ngapa aku nyuwun pangapura marang Simbah?

            _______________________________________________________________

       5. Ngapa “aku” ora kepilut drajat lan pangkat?

           ________________________________________________________________

           

D. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi kedal lan lagu kang trep!

            Sun gegurit

            Kaanan jaman saiki

            Sipat pemudha-pemudhi

            Srawunge saya ndadi

            Raket wewekane sepi

            Tan kadi duk jaman nguni

            Srawung sarwa ngati-ati

 

            Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

            Gampang ketaman panggodha

            Nerak ing laku susila

            Temah darbe jeneng ala

            Wusanane tibeng papa

            (Kapethik saka : Ngengrengan Kasusastran Jawa, S. Padma Soekaca)

Geguritan ing dhuwur klebu geguritan gagrag lawas. Titikane/tandha-tandhane geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku kayata:

  • Cacahe gatra/larik saben pada ora ajeg, nanging sethithike ana patang larik.
  • Cacahe wanda (suku kata) saben gatra ajeg, lumrahe ana wolung wanda.
  • Dhong-dhinge (swara pungkasane gatra) nganggo purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe diwiwiti nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
  • Geguritan gagrak lawas lumrahe isi piwulang, upamane bab tatakrama.
  • Isine mentes /cekak ora ngambra-ambra.

 

B. Ayo, negesi tembung

 

No

Tembung

Tegese

1.

 

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

sun

 

gegurit

srawunge

raket

wewekane

tan kadi

nguni

wasiteng (wasita+ing

kauripanira

.... lsp

 

ingsun, aku

 

gawe gurit (tembang, kidung

kekancan, bergaul

cedhak, kenthel, akrab

pangati-atine

ora kaya

biyen

pitutur, piwulang, nasihat

uripmu, panguripanmu

....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar