SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Senin, 11 Januari 2021

MATERI BASA JAWA KELAS 8 SEM 2, RABU 13 JANUARI 2021

 WULANGAN  5

 Rounded Rectangle: KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami Isi Teks Cerita Ramayana (Resi Jatayu)
  4.1 Menanggapi Isi Teks Cerita Ramayana (Resi Jatayu)

 

 

 

 

 

 

I. MACA

 

A. Wacanen kang setiti crita wayang Ramayana lakon “Peksi Jatayu Sang Garudha Wicaksana” ing ngisor iki!

 

 

PEKSI JATAYU SANG GARUDHA WICAKSANA

 

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka panyekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung goleki Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Durung rampung anggone matur ngucapake Alengka, banjur Resi Jatayu tumekaning pralaya.

 

 

B. Tegese Tembung

Resi                        : pendhita tapa

Paraga         : tokoh

Jejuluk        : jeneng, peparab, aran

Uwal           : pethal, ucul

Gogrog       : tiba, ceblok

Luru            : golek

Seda           : mati

Pralaya        : mati

 

C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

  1. Coba sebutna para paraga ing wacan kasebut?
  2. Sedulure peksi Jatayu iku sapa wae?
  3. Kepiye wewatekane Rahwana, Dewi Sinta, lan Peksi Jatayu iku?
  4. Apa kang dikandhakake Jatayu marang Rama sadurunge nemahi pati?
  5. Piwilang becik apa kang bisa kapethik saka wacan “Resi Jatayu Sang Garudha Wicaksana”?

      Wangsulan :

  1. ……………………………………………………………………………………….
  2. ……………………………………………………………………………………….
  3. ……………………………………………………………………………………….
  4. …………………………………………………………………………………….
  5. ……………………………………………………………………………………….

 

II.  NULIS

      A. Nggoleki gagasan baku utawa pokok isining crita

 

Ayo padha dijingglengi maneh crita “Peksi Jatayu Sang Garudha Wicaksana”, sabanjure sebutna gagasan baku utawa pokok isining crita ing saben paragraf!

 

Paragraf 1:

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Gagasan bakune:

………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Tidak ada komentar:

Posting Komentar