WULANGAN 5
PERISTIWA
BUDAYA
KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami Isi Teks Deskriftif tentang Peristiwa
Budaya
4.1 Menanggapi
isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya dengan ragam krama.
I.
Ngrungokna
A.
Simaken
kancamu kang lagi maca!
ZIARAH SUNAN POJOK
Saderengipun pengetan Hari Jadi Kabupaten Blora ingkang
kaping 268 tanggal 11 Desember 2017 Pemkab
Blora ngawontenaken kegiatan ziarah wonten pesarean Bupati Blora
ingkang rumiyin-rumiyin kalebet tokoh pendiri Blora.
Ziarah dipunpimpin langsung Bupati Djoko Nugroho, kadherekaken Wakil Bupati H.Arief
Rohman M.Si, Ketua DPRD Ir. H. Bambang Susilo, Dandim 0721/Blora Letkol Inf.
Susilo S.Sos, Wakapolres Kompol Indriyanto Dian Purnomo SH, Kepala Kemenag
Blora Nuril Anwar, Sekda Drs. Bondan Sukarno MM, lan sedaya Kepala OPD (Organisasi
Pemerintah Daerah). Kegiatan ziarah inggih menika maos tahlil sesarengan. Sedaya
pandherek ziarah ngagem ageman
Jawi
Solo, inggih menika beskap landung tanpa keris.
Bupati Djoko Nugroho ngendika bilih kegiatan ziarah menika minangka kegiatan rutin kangge caos
pakurmatan dhumateng priyagung ingkang
kala rumiyin sampun mbudidaya amrih Blora saged kuncara. Wosing kegiatan ngaturaken
pandonga mugi-mugi para sesepuh Blora ingkang sampun sumare kaparingan panggenan ingkang
sae lan ingapura sedaya kalepatanipun.
Sunan
Pojok salah setunggalipun priyagung ingkang dipunziarahi.
Sunan Pojok waliyullah ingkang nggiyaraken agami Islam wonten ing tlatah Blora. Sunan Pojok ugi kasebat Pangeran Pojok, Pangeran Surabaya, Pangeran
Surabahu, Pangeran Sedah, Syaikh Amirullah Abdurrochim, Wali Pojok Blora. Ugi kasebat Mbah
Benun. Sunan Pojok
menika saking Mataram (Yogyakarta), panjenenganipun Panglima perang lan
Adipati ing Tuban. Panjenenganipun kaparingan tugas dening Sultan
Agung Hanyokrokusumo :
1. Perang lumawan VOC wonten Batavia, mimpang tanggal 20 November 1626.
2. Nelukaken dhaerah Pati, Tuban, Pasuruan sarta Surabaya.
Sasampunipun kasil nindakaken tugas menika Sunan Pojok caos palapuran dhumateng Sultan
Agung Hanyokrokusumo wonten
Mataram. Sakonduripun saking Mataram nandhang gerah, wusana seda
kasarekaken wonten Dusun Pojok, Karangnangka, Kecamatan
Banjarejo, Kabupaten Blora.
Dening RM.
Somadito (Tumenggung Wilatikta) putra angka kalih
saking Sunan Pojok ingkang dados Bupati Blora sepisan pasareanipun kapindhah wonten Pasarean
Gedhong Blora Jl Mr.Iskandar I/1 Blora, sakidulipun alun-alun kitha Blora.
Sunan Pojok kagungan putra tiga (1)
Pangeran Kleco, dipunsarekaken wonten Komplek Pemakaman Sunan Kudus, (2)
Pangeran Joyo Dipo / RM. Somadito / Tumenggung Wilatikta Bupati Blora kapisan,
(3) Pangeran Dipoyuda, kasarekaken
wonten Tambaksari, Blora.
Sabibaripun ziarah,
kalajengaken Jamasan Pusaka lan Kirab Pusaka.
Dene minangka gongipun kegiatan inggih menika Kirab Budaya tanggal 11 Desember 2017.
Sumber : harianblora.com
B.
Tembung-tembung angel
NO |
Tembung-tembung angel |
Tegese |
1 |
Pengetan |
Saka tembung enget
(eling)
(ingat
dalam bahasa Indonesia dadi Peringatan)
yen basa Jawa padha karo pahargyan. (Eling kramane enget) |
2 |
Pesarean |
Asale saka (pa + sare +
an) tegese papan kanggo nyareake layon (mayit) padha karo kuburan. |
3 |
Rumiyin |
Ndhisik, mbiyen yen
dikramakake dadi rumiyin. |
4 |
Kalebet |
Kalebu (kramane dadi kalebet) |
5 |
Kadherekaken |
Dieloki, dietutake
(kramane dadi kadherekaken) |
6 |
Maos |
Maca ( saka undha
usuking basa maca-maos) |
7 |
Pandherek |
Sing melu saka undha
usuking basa (melu – tumut – ndherek) |
8 |
Ngagem |
Nganggo (saka
undha-usuking basa Nganggo –ngangge – ngagem ) |
9 |
Ageman |
Penganggo, sandhangan
(kramane ageman) |
10 |
Beskap Landhung |
Jinising busana Jawa
(kaya gambar ) |
11 |
Caos pakurmatan |
Atur pakurmatan, atur
kurmat. |
12 |
Priyagung |
Saka tembung priyayi lan agung = piyayi gedhe |
13 |
Mbudidaya |
Ngupaya, usaha |
14 |
Amrih |
Supaya |
15 |
Kuncara |
Kondhang, misuwur,
terkenal |
16 |
Wosing |
Intine, bakune. |
17 |
Sumare |
Sakat tembung sare+
seselan UM = sUMare. Tegese wis disarekake/dikubur (seda) |
18 |
Ingapura |
Saka tembung apura + IN = INapura dadi ingapura
tegese dingapura. |
19 |
Walillah |
Waline Gusti Allah. |
20 |
Nggiyaraken |
Nggiyarake, nyiyarake,
nyebarake. |
21 |
Tlatah |
Laladan, wilayah,
dhaerah. |
22 |
Kasebat |
Kasebut dikramakake
dadi kasebat. |
23 |
Lumawan |
Saka tembung lawan + UM dadi lUMawan= lumawan tegese nglawan, musuh, memungsuhan. |
24 |
Mimpang |
Menang dikramakake dadi
mimpang. |
25 |
Nandhang gerah |
Nandhan lara. (Urutan undha-usuking basa Lara - sakit – gerah) |
26 |
Wusana |
Pungkasane, akhire |
27 |
Seda |
Mati (saka
undha-usuking basa mati, pejah, seda) |
28 |
Jamasan pusaka |
Adicara ngumbah pusaka
/gaman |
29 |
Kirab pusaka |
Adicara ngirab pusaka /
gaman |
30 |
Kirab budaya |
Adicara kirab
saben tanggal 11 Desember ing
Kabupaten Blora |
C. Wangsulana
pitakon ing ngisor iki nganggo basa
krama !
1.
Kapan
dianakake ziarah ing pesareane Sunan Pojok? ...................................................................................................................................
2.
Kapan Pemda
Blora nganakake ziarah ing pesareane Sunan Pojok ? ...................................................................................................................................
3.
Saliyane
Bupati Blora sapa wae kang ndherekake ziarah ing pesareane Sunan Pojok ?
...................................................................................................................................
4.
Tujuane apa
dianakake ziarah ing pesareane Sunan Pojok ? ...................................................................................................................................
5.
Pesareane
Sunan Pojok sakduruge kapindhah ing Jl. Iskandar I/1 ana ing endi ? ...................................................................................................................................
6.
Sapa sing
mindhah pesareane Sunan Pojok ing Jl. Iskandar I/1? ...................................................................................................................................
7.
Sunan Pojok
kagungan sebutan utawa asma liyane yaiku ...................................................................................................................................
8. Sunan Pojok kaparingan tugas apa dening Sultan
agung Hanyokrokusumo ing Metaram?
..................................................................................................................................
9.
Sapa Bupati
Blora kapisan ? ...................................................................................................................................
10. Sapa wae putrane Sunan Pojok ?
..................................................................................................................................
D. Gladhen Unggah
Ungguh Basa
Tulisen Basa Ngokone !
1.
Pengetan = peringatan.
a.
Tanggal 2 Mei
menika pengetan dinten pendhidhikan.
Tanggal 2 Mei iku peringatan dina pendhidhikan.
b.
Saben tanggal
2 Mei bangsa Indonesia mengeti dinten
pendhidhikan.
............................................................................................................................
2.
Pesarean =
kuburan
a.
Saben dinten
malem Jumat simbah nyekar dhateng pesarean.
............................................................................................................................
b.
Pesarean menika panggenan ingkang medeni.
.............................................................................................................................
3.
Rumiyin =
dhisik
a.
Kula wangsul rumiyin.
............................................................................................................................
b.
Mangga menawi
panjenengan badhe kondur rumiyin.
..........................................................................................................................
Cathetan :
Undha-usuke basa (mulih
– wangsul – kondur). Mula yen kanggo awake dhewe : Kula wangsul
rumiyin. (Ora kena nganggo tembung kondur). Lha yen kanggo wong sing
diajeni dadi : Mangga menawi panjenengan kondur rumiyin. (Ora kena nganggo
tembung wangsul sebab kurang ngajeni)
4.
Kadherekaken
= diterake, dibarengi
Ka +dherek + aken = kadherekaken. Tembung linggane dherek, ngokone elu.
Dherek bisa dadi tembung : ndherek, ndherekaken, midherek, dipun dhereki,
pandherek.
a.
Kula ndherek
Bapak dhateng Surabaya.
.............................................................................................................................
b.
Kula
ndherekaken ibu kondur.
.............................................................................................................................
c.
Ingkang
dipundhereki Pak Dhe menika simbah kula.
.............................................................................................................................
d.
Midherek
pangandikanipun Bu Guru kula kedah mlebet piket dinten Selasa.
.............................................................................................................................
e.
Pandherek
pengaten kakung sampun sami rawuh.
.............................................................................................................................
5.
Maos = maca
a.
Bapak maos
Jaya Baya wonten teras.
.............................................................................................................................
b.
Kula maca
cerkak kaliyan ningali TV.
.............................................................................................................................
6.
Ngagem
(Undha-usuking basa : nganggo – ngangge – ngagem)
Ngagem saka tembung lingga agem. Bisa dadi tembung : ngagem,
dipunagem, kagem.
a.
Bapak tindak jagong ngagem batik cemeng.
.............................................................................................................................
b.
Sandhal kula dipunagem
ibu.
.............................................................................................................................
c.
Layang menika
kagem
simbah.
.............................................................................................................................
Cathetan :
Yen awake dhewe ora kena nganggo ngagem, utawa kagem.
Kula ngagem klambi abrit. (Salah) kudune Kula
ngangg klambi abrit.
Ageman menika kagem kula.(Salah) Rasukan menika kangge kula.
7.
Ageman
(Undha-usuking basa : klambi – rasukan – ageman)
a.
Menika
agemanipun simbah.
.............................................................................................................................
b.
Menika
rasukan kula.
.............................................................................................................................
8.
Beskap
landhung = rasukan Jawi
Beskap Beskap
landhung
9.
Caos
pakurmatan = atur pakurmatan (ngurmati)
a.
Maos tahlil
caos pakurmatan dhumateng para leluhur.
.............................................................................................................................
b.
Sungkem
dhateng rama lan ibu minangka tandha bukti caos pakurmatan.
.............................................................................................................................
10. Sumare = seda (Undhu-usukipun : mati-pejah-seda)
a.
Bapak Bung
Karno sedanipun boten wonten ing paperangan.
.............................................................................................................................
b.
Simbah sampun
seda.
.............................................................................................................................
11. Ingapura = dingapura
a.
Dinten riyaya sami
ngapura-ingapuran.
b.
Mugi-mugi
ingapura sedaya dosa kalepatanipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar