SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Selasa, 23 Februari 2021

Materi basa Jawa kelas 9, 24 Febr 2021

 Ayoo nggarap soal UTS

JAKA TARUB

KIDANG KENCANA

I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan kang bener!

Kanthi nyocoke JAWABANE  ING NGISORE. SOAL

Wacan kanggo nomer 1 lan 2

Pangkur

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng myang nendra

Duga-duga aja kari

1.  Angucap meneng myang nendra.

Tembung nendra tegese ... .

a.  mangan

b.  kira-kira

c.  pangati-ati

d.  turu

2.  Sapada tembang Pangkur ing dhuwur isine... .

a.  Pangira-ira utawa pangati-ati  aja padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing ora 

kena ditinggalna nalikane lagi tangi,  lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong,  meneng apa dene 

lunga

b.  Pangira-ira utawa pangati-ati  aja padha  dilalekna. Iku  kabeh pirantine wong urip sing ora 

kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg,  mlaku, ngomong, meneng apa dene 

turu

c.  Pangira-ira utawa pangati-ati  padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong  urip sing ora kena 

ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa dene lunga

d.  Pangira-ira utawa pangati-ati aja padha dilalekna. Iku  kabeh pirantine wong urip sing kena 

ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa dene lunga

Wacan kanggo nomer 3

……………………………………………………………………………….

Jaka Tarub saya kepengin ngerti  kepriye carane adang nalika  Nawangwulan meling 

marang  dheweke  supaya  aja  pisan-pisan  mbukak  kekep  dangdangan  ana  pawon. 

Kadereng  saka  anggone  kepengin  ngerti,  Jaka  Tarub  mbukak  kekep  dangdangan. 

Saeba kagete  nalika  nyawang  ing  jero kukusan mung  ana  pari  sawuli.  Kepriye  carane 

kok bisa dadi sega akeh?

3.  Saka pethikan crita ing dhuwur aweh piweling/nasihat/amanat yen wong iku ... .

a.  kudu mblenjanji janji

b.  kudu nuhoni (netepi) janji 

c.  ora perlu janji

d.  ora nampa janji

Wacan kanggo nomer 4

Dewi  Sinta  gumun  mirsani  sesawangan  sing  endah  edi  peni.  Dheweke  pirsa

kidang  kang  merak  ati,  werna  kuning  kaya  mas,  solahe  trengginas.  Dewi  Sinta 

kepencut,  pengin  kagungan  kidang  iku.  Sinta  banjur  nyuwun  marang  Rama  supaya 

nyekel  kidang  kencana  iku  kanggo  dheweke.  Rama  tresna  banget  marang  garwane, 

mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanani panyuwune Sinta.

4.  Ngapa Raden Rama kersa ngleksanani panyuwune Dewi Sinta nyekel kidang kencana?

a.  Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.

b.  Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.

c.  Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.

d.  Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.

5.  Uripe bocah wadon sing ditinggal ninggal bapake iku tansah katula-tula katali. 

Tembung  kang  kagaris  ngisore  klebu  purwakanthi  guru  sastra.  Dene  jinis ing  purwakanthi 

liyane yaiku guru swara lan guru basa/lumaksita.

Eyang kerep paring pitutur “Sapa jujur bakal kojur lan uripe makmur.” 

Iki kalebu purwakanthi ...  .

a.  guru sastra

b.  guru basa

c.  guru swara

d.  lumaksita

6.  Ririn iku bocah wadon  ayu  sing meneng,  nanging bareng diunen-uneni bulike,  pingget atine.

Dheweke nganti suwi ora gelem menyang daleme bulike.

Tembung entar pingget atine tegese… .

a.  seneng

b.  gampang muring-muring

c.  sabar banget

d.  serik, mangkel

7.  Bocah  lanang  iku  becike  aja  kalungan,  mundhak  ora  apik.  Panambang  -an  ing  tembung 

kalungan tegese … .

a.  nganggo

b.  saben

c.  memper

d.  piranti (alat) kanggo

8.  ‘Shella nyirami kembang mawar.’.  

Tembung  kembang  mawar  minangka  lesan  panandhang.  Dene  ukara  ing  ngisor  iki  kang  isi 

lesan panindak yaiku  ... .

a.  Rahmawati ngedusi adhine

b.  Safi’i makani pitik jagone.

c.  Banyu ing sendhang diangsu Anisa.

d.  Romdoni mangan sega pecel.

Gambuh

Aja nganti kebanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kebanjur kojur sayekti tan becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos

9.  Isine tembang Gambuh ing dhuwur ... .

a.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik, luwih 

apik golek pitutur kang ora bener

b.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik, luwih 

apik golek pitutur kang bener

c.  Aja  nganti  kebablasen  marang  tumindak  kang  ora  jujur/ora  bener.  Sebab  iku  apik,  luwih 

apik golek pitutur kang bener 

GAGAK RIMANG

d.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang jujur/ bener. Sebab iku ora apik, luwih apik 

golek pitutur kang bener

Wacan kanggo nomer 10

ASAL USULE GAGAK RIMANG

…………………………………………………………………………….

Nalika  Sang  Adipati  tindak  nggoleki  sapa  sejatine  kang  duwe  jaran  kang  ulese 

ireng,  dumadakan  kepethuk  wong  papat  kang  padha  meneng  amarga  mikirake 

kedadean  kang  lagi  klakon.  Wong  papat  iku  Ki  Gedhe  Snori,  Soreng  Pati,  Soreng 

Rangkut,  lan  Soreng  Rana.  Katelune  Soreng  mau  lagi  ditinggal  mati  putrane  dhewedhewe..  Nalika  weruh  Jarane  Sang  Adipati,  Soreng  Pati  muntab  lan  langsung  nrajang 

Sang Adipati  kang dikira  ngrampog jarane putrane. Sanajan dibantu sadulure sapaguron 

nanging ora bisa ngalahake Sang  Adipati. Kanthi ngobahake astane, wong telu  padha 

kontal kabeh.

10.  Piwulang kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur … .

a.  Aja gampang ndakwa ngarani salah marang  wong,  nanging  kudune  dilarah(ditlesih) luwih 

dhisik

b.  Gampang  ndakwa ngarani  salah marang  wong  iku  luwih  becik  lan  ora  perlu  nlesih  luwih 

dhisik

c.  Gampang ndakwa ngarani salah marang wong,  nanging luwih becik dilarah(ditlesih) luwih 

dhisik

d.  Aja gampang ndakwa  ngarani salah marang wong,  nanging uga ora usah dilarah(ditlesih) 

luwih dhisik

Wacan kanggo nomer 11

“Punika turangganipun Riman.” Midhanget  wangsulan  kaya mangkono iku Sang 

Adipati Arya Penangsang kalegan atine. Mula jaran kang  dadi titihane  iku dijenengake 

“Gagak  Rimang.”  Amarga jaran  iku  duwe  ules  ireng  kaya manuk gagak  lan sing  duwe 

Riman. 

11.  Isine wacan ing dhuwur ... .

a.  Adipati Arya Penangsang sing kagungan jaran Gagak Rimang sadurunge Riman

b.  Adipati  Arya  Penangsang  sing  maringi  jeneng  Gagak  Rimang  amarga  ulese  ireng  kaya 

manuk gagak duweke Riman

c.  Adipati Arya Penangsang ora maringi jeneng jaran Gagak Rimang

d.  Adipati Arya Penangsang maringi jeneng Gagak Rimang amarga rupane kaya Gagak

12.  Ing  tengahing  paprangan  Resi  Bisma  dikrocok  panah  dening mungsuh  tatune  nganti  arang 

kranjang. 

Tembung sanepa arang kranjang tegese ... .

a.  arang-arang

b.  kerep

c.  kerep banget

d.  arang banget

13.  Wanita loro ayu-ayu rupane iku kulite kuning pindha mas sinangling. Bareng ditamatake jebule 

kembar, kaya-kaya ora ana bedane. Bocah sing kembar mangkono iku rupane pindha ... .

a.  mucang kanginan 

b.  jambe sinigar

c.  merak kasimpir

d.  mimi lan mintuna

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi 

Pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling

14.  Pathokane tembang kinanthi ing dhuwur, sapada ana ... .

a.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 8i

c.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 7i

d.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 8i

15.  Sawise  prapteng  alas  Dhandhaka  Raden  Rama,  Dewi  Sinta,  lan  Raden  Lesmana  lerem 

sawetara.  Aneng  alas  akeh  sesawangan  kang  endah  edi  peni.  Tembung  garba  prapteng 

asale saka tembung ... .

a.  prapteng + eng; ana + eng

b.  prapta + ing

c.  prapta + eng

d.  prap+ teng; ane + ing

16.  Eka Purwantoro iku putrane Pakdhe sing nomer siji. Eka tegese siji. Putrane sing nomer loro 

jenenge Dwi  Astuti. Dwi tegese loro.  Lha, yen putrane Pakdhe sing angka papat dijenengake 

... .

a.  Mas Catur Priambada 

b.  Mas Tri Priambada 

c.  Mas Panca Priambada 

d.  Mas Sapta Priambada

17.  1. Nurjanah maca Alquran.

2. Nabila nulis aksara Jawa.

3. Alfina diboncengke Ida.

4. Segane digoreng Eka Nurul. 

Kang kalebu ukara tanggap yaiku ... .

a.  Ukara 1, 2

b.  Ukara 2, 3

c.  Ukara 3, 4

d.  Ukara 2, 4

18.  Resi  Subali  salah  sawijining  wanara(kethek)  kang  masanggrah  ana  ing  pertapan  Wukir 

Sonyapringga madeg dadi pandhita. Resi Subali iku putrane Resi Gotama. Dasanamane putra

yaiku … .

a.  atmaja, sunu, siwi, priya

b.  atmaja, sunu, siwi, surya

c.  atmaja, sunu, siwi, candra

d.  atmaja, sunu, siwi, yoga

Handika  : “Gus, Bagus, kowe ana apa kok mlakumu cepet-cepet?”

Bagus   :  “Aku mau saka kantor guru arep ngaturi Bu Guru mulang, nanging    malah 

diutus nggoleki Bapak Kepala Sekolah.”

Handika  : “Diutus apa?”

Bagus    : “ … “

19.  Ukarane Bagus kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur ... . 

a.  Aku dikongkon nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

b.  Aku diutus ngaturi pirsa Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

c.  Aku dikengken ngandhani Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

d.  Aku dikengken nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

20.  Aku weruh Pak Guru tuku buku ing toko buku karo anake. 

Ukara ing dhuwur manawa diowahi nganggo basa krama alus dadi ... .

a.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putranipun.

b.  Kula sumerep Pak Guru tumbas buku ing toko buku kaliyan putranipun.

c.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putrane.

d.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan anake.

ISENANA KANTHI JAWABAN KANG PENER!

21. . Terangna tegese homonim ing ngisor iki!

1.  Kajeng kula kepengin nglajengaken sekolah ing SMA 1 Blora.

Tembung kajeng tegese ... .

2.  Perusahaan mebel mbetahaken kajeng jati kathah.

Tembung kajeng  tegese ... .

22.. Terangna tegese homograf ing ngisor iki!

1.  Bulik Azaqiyah wingi mundhut sepedha motor ing dealer mbayare kenceng.

Tembung kenceng tegese ... .

2.  Rizal dakboncengke sepedha gondhelan kenceng amarga wedi yen tiba.

Tembung kenceng tegese ... .

23. Benerna panulise ukara-ukara ing ngisor iki!

a.  Poro wargo deso padha sengkot gumregot mbangon deso.

b.  Bulek Linda buwoh menyang dhulure karo tonggo-tonggone. 

IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.

pilihan Ganda

NO  JAWABAN  NO  JAWABAN

1  D  11  B

2  B  12  C

3  B  13  B

4  C  14  A

5  C  15  B

6  D  16  A

7  A  17  C

8  C  18  D

9  B  19  B 

10  A  20  A

II. ISIAN 

21. 1. Karep,  2. kayu

22. 1. Kontan / tunai. (ora nyicil)

23. 

c.  Para warga desa padha sengkut gumregut mbangun desa.

d.  Bulik Linda buwuh menyang dulure karo tangga-tanggane. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar