SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Selasa, 23 Februari 2021

Materi basa jawa kelas 8, 24 februari 2021

 Ayo nggarap soal UTS

I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C utawa D kang bener !

PACELATHON

Nunut Ngiyub

............................................

Bu  Susi  :  “Wah  ndhuk  sajake  udane  wis  ora  dere s,  rimis-rimis.  Piye  arep  ngenteni 

terang  apa  ndang  mulih?”  (Pitakone  Bu  Susi  karo  nyawang  njaba  sing 

pancen  udane  rada  terang.  Mimin   banjur  ngadeg  karepe  pamit,  njur 

ngathungake tangane. Salaman)

Mimin  : “Amargi sampun terang kula badhe nyuwun pamit Bu.    Nyuwun    sewu, ibu 

... Sinten?”

1.  Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon kasebut  kanthi  basa krama alus 

kanggone Mimin yaiku tembung ... 

A.  Namanipun

B.  Naminipun

C.  Asmanipun

D.  Asmane

2.  1. Mas Bakri ditimbali bapak.

2. Mbak Retno nyirami kembang.

3. Ibu maringi roti marang adhiku.

4. Mas Nardi dakkandhani yen simbah wis rawuh.

Ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanduk yaiku ....

A.  1 lan 2

B.  2 lan 3

C.  3 lan 4

D.  4 lan 1

3.  Mas Farhan lagi ndandani sepedha motor.

Ukara tanduk ing dhuwur manawa diowahi dadi ukara tanggap yaiku ....

A.  Sepedha motor lagi didandani mas Farhan.

B.  Mas Farhan lagi ndandani sepedha motor.

C.  Mas Farhan didandani sepedha motor.

D.  Sepedha motor lagi mas Farhan didandani.

4. 

Latine

A.  Wondene adicaranipun

B.  Wonten adicara kang baku

C.  Wonten adicaranipun

D.  Wondene adicaranipun kang baku

5.  Daleme kabeh ana 7

Manawa katulis ing aksara Jawa

A.  

B. 

C. 

D. 

6.  CERKAK 

Pinggir Alas

............................................

“Jan luwak dipakani tales, nasib awak yen lagi apes.” Gepeng lan Karto Senggrek 

mung nyawang Jarwo karo kepengin ngerti bacute crita iku, nanging Gepeng karo 

Karto Senggrek wis bisa mbedhek yen Jarwa mesthi kena perkara sing ora 

nyenengake. Gepeng banjur takon 

“Kowe iku kena apa? Teka-teka wis ngersula.”

Saka pethikan cerkak ing dhuwur kepriye watak wantune Jarwa.

A.  Tansah was sumelang

B.  Gampang ngersula

C.  Seneng weweh marang liyan

D.  Kerep muring-muring

7.  Pethikan cerkak  ‘Pinggir Alas’ bisa dadi tuladha tumprap uripe manungsa, sejatine urip

iku ....

A. Ora gampang ngersula lan tansah ngucap sokur

B. Gampang ngersula lan ora tau ngucap sokur 

C. Tansah ngucap sokur lan gampang muring-muring

D. Ora gampang ngersula lan tansah muring-muring

8.  Ria  : “ Pak, apa bener kowe ngundang aku?”

Bapak  : “ Iya, kae lho tilikana sajake ana pekaten teka mrene!”

Ria  : “Inggih, leres, Pak. Menika wonten paketan saking Paklik ing Bandung.”

Manut unggah ungguhing basa. Basane Ria kang pisanan iku kurang pener. Kudune ... 

A.  “ Pak, apa bener panjenengan nimbali kula ?”

B.  “ Pak, apa  leres sampeyan  nimbali kula ?”

C.  “ Pak, iki bener pora panjenengan nimbali kula ?”

D.  “ Pak, menapa leres panjenengan nimbali kula ?”

9. Pidhato Ketua OSIS

.............................................

Saderengipun  kula  matur,  sumangga  langkung  rumiyin  tansah  muji  sokur 

dhumateng  Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring sih kawelasanipun, 

pramila  kita  saged  makempal  manunggal  wonten  ing  mriki  kanthi  kawotenan  sehat 

walfaiat boten wonten  rubeda menapa.

.......................................

Perangane pidhato ing dhuwur kasebut diarani .... 

A.  Pambuka

B.  Sabdatama

C.  Isi

D.  Panutup

10.   ....................................

Bapak/Ibu  tuwin  kanca-kanca  siswa-siswi  sedaya,  kula  ngrumaosi  bilih  dados 

ketua OSIS punika pancen awrat. Tembung awrat nduweni teges ....

A.  Entheng 

B.  Abot

C.  Gampang

D.  Susah

11. Mapan manggone  aneng  kutha Solo, tembung aneng wujude tembung garba  ana+ing, 

dene tuladha liyane tembung garba yaiku ....

A.  Yaiku

B.  Sarwaendah

C.  Tumeka ing

D.  Sitinggil

12.  Panatacara  kudu  ngerti  kanthi  gamblang  acara  apa  kang  arep  dilantarake  lan  sapa 

Paragane  supaya  acara  bisa lumaku  kanthi  becik  lan  lancar,  dadi cethane  panatacara 

iku paraga kang tinanggenah .... 

A.  Nata cara utawa acara

B.  Nata upacara

C.  Nata pidhato

D.  Nata paraga/wong

13. Cengkorongane adicara kang baku yaiku ....

1. ....

2. Sabdatama-sabdatama 

3. ....

4. Pandonga

5. Panutup

Kanggo njangkepi cengkorongan adicara ing dhuwur nomer 1 lan 3 yaiku ....

A.  Pambuka lan adicara

B.  Sabdatama-sabdatama lan underaning acara

C.  Pambuka lan underaning acara

D.  Underaning acara lan pambuka

14. 

Aksara Jawa ing dhuwur manawa katulis latin 

A.  Paspati manis

B.  Ra pati manis

C.  Pespati manis

D.  Respati manis

15. 

Akasara Jawa ing dhuwur yen katulis latin

A.  Ngamari wesi

B.  Lemari wesi

C.  Le marine wesi 

D.  Ngemari wesi

16. Andhe- andhe Lumut

...................................

Mbok  Randha      :   ”Putraku    si  Andhe-andhe  Lumut,  tumuruna  ana  putri  kang 

ngunggah-unggahi, putrine kang ala rupane Klenting Kuning 

iku kang dadi arane.” 

Andhe-andhe  Lumut:  ”Mbok  simbok  kula  sampun  purun,  Mbok  simbok  kula  badhe 

mudhun, nadyan ala niku ingkang idhaman kula.”

..................................

Crita  Andhe-andhe Lumut mujudake crita kang becik. Sapa sejatine paraga utama ing 

crita kasebut?

A.  Klenting Kuning

B.  Dewi Sekartaji

C.  Andhe-andhe Lumut/ Panji Asmara Bangun

D.  Klana Mudha Asmara

17. Mbok Randha  :”Aku kok bingung, jenenge lungguh aneng panggungan seprana 

seprene, saka etungku meh ndungkap 40 dina. Kok ora ngerti sing

dikarepke Andhe-andhe Lumut.”

Klenting Kuning  : ”Kula nuwun!”

Mbok Randha    :  ”Mangga!”

Klenting  Aban  :  “Mbok  menapa  leres  mriki  desa  Dhadhapan  panggenanipun 

Baguse Andhe-andhe Lumut.”

Mbok Randha    :  ”Nggih leres kula mboke! Kersane napa?” 

Saka crita Andhe-andhe Lumut, ana ing ngendi papan dununge mbok Randha?

A.  Desa Dhadhapan

B.  Desa Panggungan

C.  Kraton Jenggala

D.  Desa Tambak Baya

18. Ing upacara dina Pramuka salah sijining siswa ngucapake dasa dharma pramuka.

Tembung dasa mujudake wilangan Kawi kang tegese ....

A.  Lima

B.  Pitu

C.  Sanga

D.  Sepuluh

19. Pancasila tegese lima sila dene angka 7 wilangan Kawine ....

A. Sad 

B. Sapta

C. Hasta

D. Nawa

20. Tembung dasanama  wukir, meru, ardi, arga  duweni teges  gunung, dene  biyung, rena,

wibi. Tegese ....

A.  Rina

B.  Bapak

C.  Ibu

D.  Wanita

21. “Wis pak yen ngono mengko aku tak tuku emas ana ing Toko Emas Semar kulon Pasar 

Klewer kana”. Tembung dasanamane emas yaiku .... 

A.  Mirah, kencana, rukmi

B.  Liman, hesti, dwipangga

C.  Inten, rahina, siyang 

D.  Wisma, griya, panti

22. Ibu Sarju mundhut sapu wonten ing peken.

Swara u jejeg ing tembung ibu, sarju, sapu padha karo swara u ing tembung ....

A.  Kaur, kabur, kasur

B.  Kasut, baut, kabut

C.  Tahu, bolu, gulung

D.  Guru, tuku, saku

23. Palupi saiki dadi kancaku. 

Swara a miring ing tembung palupi lan dadi padha karo swara a ing tembung ....

A.  Rujak, sanga, lima

B.  Lunga, sate, wedang

C.  Dumadi, jaran, nanas

D.  Suwe, soto, wedi

24. Polah tingkahe wong iku kok nyala wadi tenan.

Tembung wadi minangka swara i jejeg, bab iku padha karo ing tembung ....

A.  Gati, roti, isi

B.  Gadhing, pitik, sandhing

C.  Lagi, tuku, sapu

D.  Pring, wit, Susi

25. Rikmane Dewi Srikandhi lagi (elus-elus)... dening Raden Janaka.

Tembung (elus-elus) yen oleh seselan –in dadi ....

A.  Elus-ingelus

B.  Ingelus-elus

C.  Elus-elusan

D.  Ingelus-ingelusan

Welinge biyung

Dening: Siti Nurhidayati Ngatiya

Nini mustikaning ati

Ing madyaning ratri iki

Liwat sumilire samirana

Biyung weling marang nini

Ana salumahing bantala iki

Becik ngati-ati nastiti

.....................

26. Ana geguritan ing dhuwur, tembung ratri duweni teges ... .

A.  ibu 

B. rina 

C. wengi 

D.  angin

27.  Ana ing geguritan “welinge biyung” duweni karep manawa urip ing donya iku kudu 

... .

A.  ngati-ati nastiti 

B. gampang kena godha 

C. gothang andedonga 

D.  tan becik salumahing bantala iki

JAMAN IKI WIS BANGET TUWA

dening : Turiyo ragil putra

Ngger, anakku 

jaman iki wis tuwa

kabudayan wis rontang-ranting 

mung kari crita

aja maneh sinom, dhandanggula, utawa gambuh 

salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep

kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana

.........................

28. Isi pitutur geguritan ing dhuwur iku katujokake marang sapa?

A.  Anak 

B.  Anak lanang 

C.  Anak wedok

D.  Bocah sekolah

29. Sregep  tegese  tumandang  apa  bae  dilakoni  kanthi  telaten,  yen  tumandang  gawe 

dikantheni  niyat  kang  luhur,  mula  ana  unen-unen  sapa  kang  telaten  bakal  panen, 

tegese ....

A.  Mergawe apa bae yen ditindakake kanthi telaten bakal ana asile.

B.  Wis wayahe panen

C.  Sing telaten bakal kopen

D.  Kang telaten bakal tenanan.

30. “Cegah dhaharlawan guling” . Tembung guling ing tembang kasebut duweni teges ...

A.  Ngimpi

B. Ngombe

C. Turu

D.  Dolan

Isenana titik-titik ing ngisor iki!

31. Endhog antiga kang pecah dadi telung perangan iku, wusanane dadi dewa telu, yaiku 

1. Sang Hyang Tejamaya utawa Togog, 2. Sang Hyang Ismaya utawa Semar, 3. Sang 

Manikmaya utawa Bethara Guru. Ing ngisor iki gambar wayang sapa? ....

32.   Watake wong  yen guneman apa anane, ora tau goroh, ora tau ngapusi, ora tau cidra 

ing janji, ora tau colong jupuk, ora tau korupsi  iku kalebu watak kang ... . 

02

Dadiya lakuniraku, 

cegah dhahar lawan guling, 

lawan aja sukan-sukan, 

anganggowa sawatawis, 

ala watake wong suka, 

nyuda prayitnaning batin. Padha 

gulangen ing kalbu, 

ing sasmita amrih lantip, 

aja pijer mangan nendra, 

kaprawiran den kaesthi, 

pesunen sariranira, 

sudanen dhahar lan guling. 

03

Yen wus tinitah wong agung, 

ywa sira gumunggung dhiri, 

aja nyelakaken wong ala, 

kang ala lakunireki, 

nora wurung ngajak-ajak,

satemah anenulari. 

33. Wong  jaman  mbiyen,    adat  saben  duwe  plangkan  kang  digunakake  kanggo  wadhah 

tumbak  diati-ati  anggone  deleh  ing  omah.  Semono  uga  yen  kagungan  keris,  tansah 

disarungake ing wadhahe kanthi teliti. Wadhah keris iku arane  ... .

34. Sawise ana ing donya, Semar banjur golek rewang supaya ora kesepen, mula banjur 

ngankat anak saka anak jin loro cacahe. Arane yaiku ... lan ... .

35.    Owahana  aksara  Jawa  iku  dadi  aksara  latin 

....

36. Leres sanget ngendikanipun ibu.  Tembung Leres sanget kasebut yen tulisen nganggo 

aksara Jawa ....

37. Minangka prawirotama kuwi kudu setya tuhu marang bangsa lan negarane. Tembung 

prawirotama kalebu tembung garba kang asale saka tembung ... .

38. Panatacara yaiku paraga kang tinanggenah nata cara utawa acara. Dene urutane 

panatacara ana 5. Yaiku 1. pambuka, 2. ... , 3. underaning acara, 4. pandonga,  lan 5. 

panutup.

39. Asma kang sinandi  utawa jeneng kang sinamun (sinamar) ing sajroning asil saka 

sastra kang geguritan, tembang, kidung lan karya liyane diarani ... .

40. Tembung gula, uyah, lenga, endhog, beras basa kramane gendhis, sarem, lisah, tigan, 

uwos  Dene yen  lombok, basa kramane  ... .

IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.

I.  PILIHAN GANDA

NO  JAWABAN  NO  JAWABAN  NO  JAWABAN

1  C  11  D  21  A

2  B  12  A  22  D

3  A  13  C  23  C

4  B  14  D  24  A

5  D  15  B  25  B

6  A  16  C  26  C

7  A  17  A  27  A

8  D  18  D  28  B

9  A  19  B  29  A

10  B  20  C  30  C

II. ISIAN 

31.  togog

32. jujur

33. warangka

34. Nala gareng lan Petruk

35. sapinePak Jujuk 16 iji

36. 

37. Prawira + utama

38. Sabdatama-Sabdatama

39. Sandi asma

40. cengeh 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar