Nggarap latihan soal UTS
LATIHAN SOAL TENGAH SEMESTER.
I. Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan kang bener
1. Sing ngrawuhi adicara ziarah wonten pesarean Bupati Blora ingkang rumiyin -rumiyin kalebet
tokoh pendiri Blora yaiku ... . kajaba ... .
a. Bupati Blora
b. Wakil Bupati Blora
c. Gubernur Jawa Tengah
d. Ketua DPRD Kabupaten Blora
2. Tembung pengetan nduweni teges meh padha karo ... .
a. perlombaan
b. elingan
c. kegiatan
d. peringatan
3. Tembung kang kacithak miring iku luput unggah-ungguhe, sing bener yaiku... .
a. leres,nimbali
b. betul,nimbali
c. leres,ngaturi
d. leres,nyeluk
4. T
e
m
b
ung kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku... .
a. critane
b. kandhane
c. omonge
d. ngendikane
Wacan kanggo nomer 1 lan 2
Saderengipun pengetan Hari Jadi Kabupaten Blora ingkang kaping 268 tanggal 11 D esember
2017 Pemkab Blora ngawontenaken kegiatan ziarah wonten pesarean Bupati Blora ingkang rumiyinrumiyin kalebet tokoh pendiri Blora.
Ziarah dipunpimpin langsung Bupati Blora Djoko Nugroho, kadherekaken Wakil Bupati H. Arief
Rohman M.Si, Ketua DPRD Ir. H. Bambang Susilo, Dandim 0721/Blora Letkol Inf. Susilo S.Sos, Wakapolres
Kompol Indriyanti Dian Purnomo SH, Kepala Kemenag Blora Nuril Anwar, Sekda Drs.Bondan Sukarno
MM, lan sedaya Kepala OPD ( Organisasi Pemerintah Daerah ). Kegiatan ziarah inggih menika maos tahlil
sesarengan. Sedaya pandherek ziarah ngagem ageman Jawi Solo, inggih menika beskap landhung tanpa
keris.
Febri : “Menapa bener bapak ngundang kula?”
Pak Guru : “O,ya.”
Febri : “Wonten menapa Pak?”
Pak Guru : “Suk senin minggu ngarep arep dianakake lomba 7K, mula sesuk kancamu
kabeh dikandhani nggawa piranti kanggo resik-resik.”
Febri : “Inggih Pak”.
Nabila : “Undhangan menapa ta Pak Dhe?
Pak Dhe : “Iku lho Bil Kelompok Tani. Manut ... Pak Camat saben kelompok Tani arep
oleh bantuan saka Kabupaten.”
Nabila : “Bantuanipun pinten Pak Dhe?”
Pak Dhe : “Embuh pira Bil,nanging kira-kira seket yutanan.”
Wacan kanggo nomer 5 lan 6
Citro Wati saben dina mesthi adus ing kedhung sing saiki dijenengi Kedhung Putri.
Ngerti kaya mangkono iku, Begede Katong banjur memba ( malih ) dadi iwak kutuk lan
nyemplung ing kedhung kono. Pinuju Citro Wati ing kedhung, dheweke weruh iwak kutuk,
sing satemene malihane Begede Katong. Citro Wati seneng banget karo iwak kutuk iku.
Amarga dolanan karo iwak kutuk iku Citro Wati dadi ngandhut.
5. Begede Katong nduweni watak kang ora becik yaiku ... .
a. seneng karo Citro Wati
b. malih dadi iwak supaya bisa nyedhak Citro Wati
c. seneng adus ing kedhung
d. seneng ngingu iwak ing kedhung
6. Nilai luhur kang bisa kapethik saka crita ing dhuwur yaiku ... .
a. bocah wadon aja adus ing kedhung
b. bocah wadon yen adus ing kedhung dadi ayu
c. bocah wadon yen adus aja nganti bisa ditonton wong
d. bocah wadon aja adus karo dolanan iwak
7. B
u
p
ati Wilatikta mundur saka jabatan bupati Blora jalaran ... .
a. ora gelem kabawah Kasunanan Surakarta kang gelem kerjasama karo Walanda
b. Mataram pecah dadi loro Kasunanan Surakarta lan Ngayogyakarta
c. Pangeran Mangkubumi kerjasama karo Walanda
d. Pangeran Mangkubumi ora gelem kerjasama karo Walanda
8. Bupati Wilatikta nduweni tekad dadi bangsa kang mardika padha karo ... .
a. Pakubuwono III
b. Pangeran Mangkubumi
c. Kasunanan Surakarta
d. Pakubuwono I
9. Ana ing teks Serat Wulangreh Pupuh Sinom ing dhuwur, tegese tembung jalmi yaiku ... .
a. manungsa
b. ati
c. watak
d. isin
10. Pitutur kang ana ing sajrone tembang sinom ing dhuwur nerangake tingkahe wong utama yaiku
... .
SERAT WULANGREH
( Pupuh Sinom)
Ambeke kang wus utama
Tan ngendhak gunaning jalmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone didokok ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha padhanging jalmi
Suka bungah den ina sapadha-padha
Wacan kanggo nomer 7 lan 8
Miturut sejarah Blora dadi kabupaten nalika dina Kamis Kliwon, tanggal 1 Sura tahun
Alib 1675 tahun Jawa,utawa tanggal 11 Desember 1749 M. Sing dadi bupati kapisan yaiku
Wilatikta. Sawise Mataram kaperang dadi loro, Tumenggung Wilatikta milih mundur saka
jabatan Bupati sebab dheweke ora gelem kabawah Kasunanan Surakarta.
Tumenggung Wilatikta mundur saka jabatan Bupati Blora amarga dheweke ora gelem
kerjasama karo penjajah ( Walanda ). Mataram kabawah Pangeran Mangkubumi gething
banget lan ora gelem kerjasama karo Walanda.
a. pintere dikatonake supaya padha ngerti yen dheweke pinter
b. pintere dialingi supaya diina, seneng lamun dheweke diina
c. bodhone dialingi supaya katon pinter
d. bodhone dikatonake supaya tetep katon bodho
11. Nanging nyatane beda , para raseksa sawadya balane malah kasil katumpes. Tembung wadya
bala kalebu tembung saroja. Tuladha tembung saroja liyane yaiku ... .
a. telenging samudra
b. siswa-siswa
c. gandarwa-gandarwi
d. sekti mandraguna
12. Prabu Ramawijaya nduweni watak andhap ... , mula ditresnani para kawulane. Tembung kang
kagaris ngisor supaya dadi tembung saroja kudu digandheng karo tembung ... .
a. asih
b. tindhih
c. asor
d. welas
13. 1. Kon wis mari tah dandan omah kae?
2. Kono wis rampung pa dandan omah kae?
3. Kowe wis bar neke dandan omah?
4. Sampeyan wis bar ta olehe dandan omah?
Ukara ing dhuwur kang migunakake dialek Surabaya yaiku nomer ... .
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
14. Pacelathon ing dhuwur migunakake dialek ... .
a. Surabaya
b. Banyumas
c. Blora
d. Surakarta
15. Jinising lesan iku ana lesan panindak lan lesan panandhang, Ukara-ukara ing ngisor iki kang
nduweni lesan panindak yaiku ... .
a. Pak Mangun ngobong godhong garing
b. Mardikin nyawang lintang-lintang
c. Merake Pak Lurah dicekel Mas Fajar
d. Bang Jarwa nuntun jaran
16. Kang kalebu ukara sing nduweni lesan panandhang yaiku ... .
a. Dewi Susilowati nyirami kembang
b. Bukune disilih Fadil
c. Sapu sada ditata Amanda Kusuma Wati
d. Klambine dijahit Bu Wulan
Fajar : “Kowe ape ning endi leh,Gas?”
Bagas : “Ape ndelok bal-balan ning lapangan.”
Fajar : “Kancanem sapa,Gas?”
Bagas : “Kowe nek takjak gelem apa ogak?”
Fajar : “Ya, aku gelem.”
17. Miturut wacan ing dhuwur Bausasra yaiku ... .
a. andhahane baya ing Kedhung Srengenge
b. panggedhene baya ing Kedhung Srengenge
c. kancane Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengenge
d. abdine Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengenge
18. Kepriye janjine Bausasra marang Jaka Tingkir ?
a. arep njaga lan nyurung getheke Jaka Tingkir supaya enggal-enggal teka Demak
b. arep ngancani lakune Jaka Tingkir menyang Demak
c. arep njaga baya-baya sing dadi andhahane
d. arep tobat marang Jaka Tingkir
19. Sinawung resmining kidung. Tetembungan iki migunakake purwakanthi ... .
a. guru sastra
b. guru swara
c. guru basa
d. guru lagu
20. Tetembungan ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru basa (lumaksita) yaiku ... .
a. sapa jujur,bakal makmur
b. becik ketitik, ala ketara
c. laras,lurus,laris,leres
d. carang wreksa,wreksa wilis tanpa patra
21. Dadi bocah iku kudu nduweni suba sita lan tata krama. Tembung tata krama yen ditulis
nganggo aksara jawa dadi ... .
a.
b.
c.
d.
22. Musium Mahameru mapan ana ing kompleks Taman Wisata Tirtonadi ing wewengkon Blora.
Tembung wewengkon yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ... .
a.
b.
c.
d.
Wacan kanggo nomer 23 lan 24
KIDANG KENCANA
Wacan kanggo nomer 17 lan 18
“Sapa jenengmu?“ pitakone Jaka Tingkir marang Baya Gedhe.
“Kula Bausasra, kula ingkang baureksa Kedhung Srengenge menika. Baya -baya
menika andhahan kula sedaya. Minangka tandha tobat kula, kula prasetya badhe
manut saprentah panjenengan. Kula badhe njagi lan nyurung gethek panjenengan
supados enggal-enggal dumugi dhateng Demak.“
“Ya, yen kaya mangono enggal-enggal tindakna apa kang kokucapake mau!“
“Inggih, sendika dhawuh Raden.“
Baya gedhe lan sakandhahane padha ngepung gethek kanan-kiring, gethek disurung
lon-lonan lakune gethek ngener tumuju menyang Demak.
Rama kaged, Kidang Kencana kuwi bakal maeka dheweke, banjur age-age bali menyang papan
panggonane Sinta lan Lesmana. Jebul ketemu Lesmana ing tengah dalan. Kekarone padha engga-enggal bali
ing papan panggonane Sinta. Bebasan kaya disamber bledhek, Sinta wis ilang.
Rama lan Lesmana banjur nggoleki ing sakiwa tengene alas kono ing dalan ketemu m anuk Jatayu sing
lagi sekarat. Manuk iku mau lagi wae perang mungsuh Rahwana amarga arep njaluk Sinta sing dicolong
Rahwana. Saka critane manuk Jatayu kuwi Rama ngerti yen Sinta dicolong Rahwana. Manuk Jatayu mati
muksa, dene Rama lan Lesmana mbacutake laku nggoleki Sinta.
23. Isine wacan asesirah Kidang Kencana yaiku ... .
a. Kidang Kencana maeka Rama.
b. Rama lan Lesmana nggoleki Sinta kang dicolong Rahwana.
c. Manuk Jatayu arep nyolong Sinta.
d. Manuk Jatayu perang mungsuh Rahwana.
24. Manuk Jatayu sakala mati muksa. Tembung muksa nduweni teges ... .
a. ilang saragane
b. kasiksa
c. perang
d. kelaran
25. Tembung kawentar kang ana ing wacan dhuwur tegsese ... .
a. pancen
b. kira-kira
c. mesthi
d. kondhang
26. Anton abang kupinge nalika didakwa nyolong dhuwite kancane. Tembung abang kupinge
tegese ... .
a. gawe nesu
b. nesu
c. ndableg
d. ora cawe-cawe
27. Ati-ati yen kekancan karo Darman. Darman kae dawa tangane. Tembung entar dawa tangane
nduweni teges ... .
a. tangane dawa
b. seneng milara
c. omongane mandi
d. seneng nyolong
28. Amarga kejedhug tembok, bathuke adhik aboh sakepel. Ater-ater sa- ing tembung sakepel
nduweni teges ... .
a. padha kepel
b. siji kepel
c. nunggal kepel
d. dadi kepel
29. Ngasah arit nganti landhep
..........................................
Ganepane parikan ing ndhuwur yaiku ... .
a. Dadi murid kudu madhep
Wacan kanggo nomer 25
Pari Rajalele
Pari raja lele kang kawentar pulen, gurih lan arum gandane wis arang banget ditandur
dening kadang tani. Manawa ana kang nandur, mung siji loro amarga wektu zaman Orde
Baru, nandur pari kang dudu VUTW ( Varitas Unggul Tahan Wereng ) dilarang. Mula varitas varitas pari lokal kaya Raja Lele, Menthik, Cempa lan sapanunggalane wis dadi tanduran sing
langka.
b. Dadi murid kudu mantep
c. Dadi murid kudu sregep
d. Dadi murid kudu sinau
30. Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ing ngisor iki !
Manuk ..... nyucuk .....
Dadi murid sing taberi
a. emprit, sari
b. emprit, pari
c. emprit, dami
d. emprit, teri
II. Isenana titik-titik ing ngisor iki!
31. Bapak lunga menyang Blora arep nonton wayang. Ukara iku yen didadekake basa ngoko alus,
tembung lunga diganti dadi ... .
32. Tembung kang kacithak miring ganepana supaya dadi tembung saroja. Yen ana wong nyambut
gawe padha rebut ... ngrewangi.
33. Aku kangelan yen arep goroh sebab aku yen omong blaka ... .
34. Bobot, bibit, bebet. Ukara kasebut migunakake purwakanthi ... .
35. Nanging jebul beda karo kasunyatan, Karent Elizabeth malah pinter ngendikan nganggo basa
krama. Basane alus ora kalah karo priyayi Solo utawa Ngayogyakarta. Tembung priyayi tegese
... .
36. Dadi wong yen entheng tangane mesthi ora disenengi kanca-kancane. Tembung entar entheng
tangane tegese ... .
37. Bapak lan pakdhe mbiyen sapaguron, mula ilmune meh padha. Ater-ater sa- ing tembung
sapaguron tegese ... .
38. Raseksi Sarpakenaka kepencut marang kebagusane Rama. Tembung raseksi yen ditulis
nganggo aksara Jawa dadi ... .
39. Raden Bratasena ketemu Dewa Ruci ing dhasaring segara Minangkalbu. Dasanamane tembung
segara yaiku ... .
40. Saben tindak jumatan, simbah mesthi sarungan. Panambang –an ing tembung sarungan
nduweni teges ... .
IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.
ilihan Ganda
NO JAWABAN NO JAWABAN NO JAWABAN
1 C 11 D 21 C
2 D 12 C 22 C
3 A 13 A 23 A
4 D 14 C 24 A
5 B 15 D 25 D
6 C 16 A 26 B
7 A 17 B 27 D
8 B 18 A 28 A
9 A 19 B 29 C
10 B 20 D 30 B
II. ISIAN
31. Tindak
22. Dhucung
33. Suta
34. Sastra
35. Wong
36. Seneng mara tangan,cengkiling
37. Tunggal paguron
38.
39. Jaladri,jalanidi,laut,samudra,seganten
40. Nganggo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar