SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 2 SAMBONG, KAB. BLORA, JAWA TENGAH

Selasa, 23 Februari 2021

Materi basa Jawa kelas 9, 24 Febr 2021

 Ayoo nggarap soal UTS

JAKA TARUB

KIDANG KENCANA

I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan kang bener!

Kanthi nyocoke JAWABANE  ING NGISORE. SOAL

Wacan kanggo nomer 1 lan 2

Pangkur

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng myang nendra

Duga-duga aja kari

1.  Angucap meneng myang nendra.

Tembung nendra tegese ... .

a.  mangan

b.  kira-kira

c.  pangati-ati

d.  turu

2.  Sapada tembang Pangkur ing dhuwur isine... .

a.  Pangira-ira utawa pangati-ati  aja padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong urip sing ora 

kena ditinggalna nalikane lagi tangi,  lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong,  meneng apa dene 

lunga

b.  Pangira-ira utawa pangati-ati  aja padha  dilalekna. Iku  kabeh pirantine wong urip sing ora 

kena ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg,  mlaku, ngomong, meneng apa dene 

turu

c.  Pangira-ira utawa pangati-ati  padha dilalekna. Iku kabeh pirantine wong  urip sing ora kena 

ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa dene lunga

d.  Pangira-ira utawa pangati-ati aja padha dilalekna. Iku  kabeh pirantine wong urip sing kena 

ditinggalna nalikane lagi tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng apa dene lunga

Wacan kanggo nomer 3

……………………………………………………………………………….

Jaka Tarub saya kepengin ngerti  kepriye carane adang nalika  Nawangwulan meling 

marang  dheweke  supaya  aja  pisan-pisan  mbukak  kekep  dangdangan  ana  pawon. 

Kadereng  saka  anggone  kepengin  ngerti,  Jaka  Tarub  mbukak  kekep  dangdangan. 

Saeba kagete  nalika  nyawang  ing  jero kukusan mung  ana  pari  sawuli.  Kepriye  carane 

kok bisa dadi sega akeh?

3.  Saka pethikan crita ing dhuwur aweh piweling/nasihat/amanat yen wong iku ... .

a.  kudu mblenjanji janji

b.  kudu nuhoni (netepi) janji 

c.  ora perlu janji

d.  ora nampa janji

Wacan kanggo nomer 4

Dewi  Sinta  gumun  mirsani  sesawangan  sing  endah  edi  peni.  Dheweke  pirsa

kidang  kang  merak  ati,  werna  kuning  kaya  mas,  solahe  trengginas.  Dewi  Sinta 

kepencut,  pengin  kagungan  kidang  iku.  Sinta  banjur  nyuwun  marang  Rama  supaya 

nyekel  kidang  kencana  iku  kanggo  dheweke.  Rama  tresna  banget  marang  garwane, 

mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanani panyuwune Sinta.

4.  Ngapa Raden Rama kersa ngleksanani panyuwune Dewi Sinta nyekel kidang kencana?

a.  Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.

b.  Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, kang dudu garwane.

c.  Amarga saking tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.

d.  Amarga saking ora tresnane Raden Rama marang Dewi Sinta, garwane.

5.  Uripe bocah wadon sing ditinggal ninggal bapake iku tansah katula-tula katali. 

Tembung  kang  kagaris  ngisore  klebu  purwakanthi  guru  sastra.  Dene  jinis ing  purwakanthi 

liyane yaiku guru swara lan guru basa/lumaksita.

Eyang kerep paring pitutur “Sapa jujur bakal kojur lan uripe makmur.” 

Iki kalebu purwakanthi ...  .

a.  guru sastra

b.  guru basa

c.  guru swara

d.  lumaksita

6.  Ririn iku bocah wadon  ayu  sing meneng,  nanging bareng diunen-uneni bulike,  pingget atine.

Dheweke nganti suwi ora gelem menyang daleme bulike.

Tembung entar pingget atine tegese… .

a.  seneng

b.  gampang muring-muring

c.  sabar banget

d.  serik, mangkel

7.  Bocah  lanang  iku  becike  aja  kalungan,  mundhak  ora  apik.  Panambang  -an  ing  tembung 

kalungan tegese … .

a.  nganggo

b.  saben

c.  memper

d.  piranti (alat) kanggo

8.  ‘Shella nyirami kembang mawar.’.  

Tembung  kembang  mawar  minangka  lesan  panandhang.  Dene  ukara  ing  ngisor  iki  kang  isi 

lesan panindak yaiku  ... .

a.  Rahmawati ngedusi adhine

b.  Safi’i makani pitik jagone.

c.  Banyu ing sendhang diangsu Anisa.

d.  Romdoni mangan sega pecel.

Gambuh

Aja nganti kebanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kebanjur kojur sayekti tan becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos

9.  Isine tembang Gambuh ing dhuwur ... .

a.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik, luwih 

apik golek pitutur kang ora bener

b.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang ora jujur/ora bener. Sebab iku ora apik, luwih 

apik golek pitutur kang bener

c.  Aja  nganti  kebablasen  marang  tumindak  kang  ora  jujur/ora  bener.  Sebab  iku  apik,  luwih 

apik golek pitutur kang bener 

GAGAK RIMANG

d.  Aja nganti kebablasen marang tumindak kang jujur/ bener. Sebab iku ora apik, luwih apik 

golek pitutur kang bener

Wacan kanggo nomer 10

ASAL USULE GAGAK RIMANG

…………………………………………………………………………….

Nalika  Sang  Adipati  tindak  nggoleki  sapa  sejatine  kang  duwe  jaran  kang  ulese 

ireng,  dumadakan  kepethuk  wong  papat  kang  padha  meneng  amarga  mikirake 

kedadean  kang  lagi  klakon.  Wong  papat  iku  Ki  Gedhe  Snori,  Soreng  Pati,  Soreng 

Rangkut,  lan  Soreng  Rana.  Katelune  Soreng  mau  lagi  ditinggal  mati  putrane  dhewedhewe..  Nalika  weruh  Jarane  Sang  Adipati,  Soreng  Pati  muntab  lan  langsung  nrajang 

Sang Adipati  kang dikira  ngrampog jarane putrane. Sanajan dibantu sadulure sapaguron 

nanging ora bisa ngalahake Sang  Adipati. Kanthi ngobahake astane, wong telu  padha 

kontal kabeh.

10.  Piwulang kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur … .

a.  Aja gampang ndakwa ngarani salah marang  wong,  nanging  kudune  dilarah(ditlesih) luwih 

dhisik

b.  Gampang  ndakwa ngarani  salah marang  wong  iku  luwih  becik  lan  ora  perlu  nlesih  luwih 

dhisik

c.  Gampang ndakwa ngarani salah marang wong,  nanging luwih becik dilarah(ditlesih) luwih 

dhisik

d.  Aja gampang ndakwa  ngarani salah marang wong,  nanging uga ora usah dilarah(ditlesih) 

luwih dhisik

Wacan kanggo nomer 11

“Punika turangganipun Riman.” Midhanget  wangsulan  kaya mangkono iku Sang 

Adipati Arya Penangsang kalegan atine. Mula jaran kang  dadi titihane  iku dijenengake 

“Gagak  Rimang.”  Amarga jaran  iku  duwe  ules  ireng  kaya manuk gagak  lan sing  duwe 

Riman. 

11.  Isine wacan ing dhuwur ... .

a.  Adipati Arya Penangsang sing kagungan jaran Gagak Rimang sadurunge Riman

b.  Adipati  Arya  Penangsang  sing  maringi  jeneng  Gagak  Rimang  amarga  ulese  ireng  kaya 

manuk gagak duweke Riman

c.  Adipati Arya Penangsang ora maringi jeneng jaran Gagak Rimang

d.  Adipati Arya Penangsang maringi jeneng Gagak Rimang amarga rupane kaya Gagak

12.  Ing  tengahing  paprangan  Resi  Bisma  dikrocok  panah  dening mungsuh  tatune  nganti  arang 

kranjang. 

Tembung sanepa arang kranjang tegese ... .

a.  arang-arang

b.  kerep

c.  kerep banget

d.  arang banget

13.  Wanita loro ayu-ayu rupane iku kulite kuning pindha mas sinangling. Bareng ditamatake jebule 

kembar, kaya-kaya ora ana bedane. Bocah sing kembar mangkono iku rupane pindha ... .

a.  mucang kanginan 

b.  jambe sinigar

c.  merak kasimpir

d.  mimi lan mintuna

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi 

Pesunen sariranira

sudanen dhahar lan guling

14.  Pathokane tembang kinanthi ing dhuwur, sapada ana ... .

a.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 8i

c.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 7i

d.  6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 7a, 8i

15.  Sawise  prapteng  alas  Dhandhaka  Raden  Rama,  Dewi  Sinta,  lan  Raden  Lesmana  lerem 

sawetara.  Aneng  alas  akeh  sesawangan  kang  endah  edi  peni.  Tembung  garba  prapteng 

asale saka tembung ... .

a.  prapteng + eng; ana + eng

b.  prapta + ing

c.  prapta + eng

d.  prap+ teng; ane + ing

16.  Eka Purwantoro iku putrane Pakdhe sing nomer siji. Eka tegese siji. Putrane sing nomer loro 

jenenge Dwi  Astuti. Dwi tegese loro.  Lha, yen putrane Pakdhe sing angka papat dijenengake 

... .

a.  Mas Catur Priambada 

b.  Mas Tri Priambada 

c.  Mas Panca Priambada 

d.  Mas Sapta Priambada

17.  1. Nurjanah maca Alquran.

2. Nabila nulis aksara Jawa.

3. Alfina diboncengke Ida.

4. Segane digoreng Eka Nurul. 

Kang kalebu ukara tanggap yaiku ... .

a.  Ukara 1, 2

b.  Ukara 2, 3

c.  Ukara 3, 4

d.  Ukara 2, 4

18.  Resi  Subali  salah  sawijining  wanara(kethek)  kang  masanggrah  ana  ing  pertapan  Wukir 

Sonyapringga madeg dadi pandhita. Resi Subali iku putrane Resi Gotama. Dasanamane putra

yaiku … .

a.  atmaja, sunu, siwi, priya

b.  atmaja, sunu, siwi, surya

c.  atmaja, sunu, siwi, candra

d.  atmaja, sunu, siwi, yoga

Handika  : “Gus, Bagus, kowe ana apa kok mlakumu cepet-cepet?”

Bagus   :  “Aku mau saka kantor guru arep ngaturi Bu Guru mulang, nanging    malah 

diutus nggoleki Bapak Kepala Sekolah.”

Handika  : “Diutus apa?”

Bagus    : “ … “

19.  Ukarane Bagus kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur ... . 

a.  Aku dikongkon nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

b.  Aku diutus ngaturi pirsa Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

c.  Aku dikengken ngandhani Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

d.  Aku dikengken nyanjangi Bapak Kepala Sekolah yen ing kantor ana tamu.

20.  Aku weruh Pak Guru tuku buku ing toko buku karo anake. 

Ukara ing dhuwur manawa diowahi nganggo basa krama alus dadi ... .

a.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putranipun.

b.  Kula sumerep Pak Guru tumbas buku ing toko buku kaliyan putranipun.

c.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan putrane.

d.  Kula sumerep Pak Guru mundhut buku ing toko buku kaliyan anake.

ISENANA KANTHI JAWABAN KANG PENER!

21. . Terangna tegese homonim ing ngisor iki!

1.  Kajeng kula kepengin nglajengaken sekolah ing SMA 1 Blora.

Tembung kajeng tegese ... .

2.  Perusahaan mebel mbetahaken kajeng jati kathah.

Tembung kajeng  tegese ... .

22.. Terangna tegese homograf ing ngisor iki!

1.  Bulik Azaqiyah wingi mundhut sepedha motor ing dealer mbayare kenceng.

Tembung kenceng tegese ... .

2.  Rizal dakboncengke sepedha gondhelan kenceng amarga wedi yen tiba.

Tembung kenceng tegese ... .

23. Benerna panulise ukara-ukara ing ngisor iki!

a.  Poro wargo deso padha sengkot gumregot mbangon deso.

b.  Bulek Linda buwoh menyang dhulure karo tonggo-tonggone. 

IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.

pilihan Ganda

NO  JAWABAN  NO  JAWABAN

1  D  11  B

2  B  12  C

3  B  13  B

4  C  14  A

5  C  15  B

6  D  16  A

7  A  17  C

8  C  18  D

9  B  19  B 

10  A  20  A

II. ISIAN 

21. 1. Karep,  2. kayu

22. 1. Kontan / tunai. (ora nyicil)

23. 

c.  Para warga desa padha sengkut gumregut mbangun desa.

d.  Bulik Linda buwuh menyang dulure karo tangga-tanggane. 

Materi basa jawa kelas 8, 24 februari 2021

 Ayo nggarap soal UTS

I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C utawa D kang bener !

PACELATHON

Nunut Ngiyub

............................................

Bu  Susi  :  “Wah  ndhuk  sajake  udane  wis  ora  dere s,  rimis-rimis.  Piye  arep  ngenteni 

terang  apa  ndang  mulih?”  (Pitakone  Bu  Susi  karo  nyawang  njaba  sing 

pancen  udane  rada  terang.  Mimin   banjur  ngadeg  karepe  pamit,  njur 

ngathungake tangane. Salaman)

Mimin  : “Amargi sampun terang kula badhe nyuwun pamit Bu.    Nyuwun    sewu, ibu 

... Sinten?”

1.  Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon kasebut  kanthi  basa krama alus 

kanggone Mimin yaiku tembung ... 

A.  Namanipun

B.  Naminipun

C.  Asmanipun

D.  Asmane

2.  1. Mas Bakri ditimbali bapak.

2. Mbak Retno nyirami kembang.

3. Ibu maringi roti marang adhiku.

4. Mas Nardi dakkandhani yen simbah wis rawuh.

Ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanduk yaiku ....

A.  1 lan 2

B.  2 lan 3

C.  3 lan 4

D.  4 lan 1

3.  Mas Farhan lagi ndandani sepedha motor.

Ukara tanduk ing dhuwur manawa diowahi dadi ukara tanggap yaiku ....

A.  Sepedha motor lagi didandani mas Farhan.

B.  Mas Farhan lagi ndandani sepedha motor.

C.  Mas Farhan didandani sepedha motor.

D.  Sepedha motor lagi mas Farhan didandani.

4. 

Latine

A.  Wondene adicaranipun

B.  Wonten adicara kang baku

C.  Wonten adicaranipun

D.  Wondene adicaranipun kang baku

5.  Daleme kabeh ana 7

Manawa katulis ing aksara Jawa

A.  

B. 

C. 

D. 

6.  CERKAK 

Pinggir Alas

............................................

“Jan luwak dipakani tales, nasib awak yen lagi apes.” Gepeng lan Karto Senggrek 

mung nyawang Jarwo karo kepengin ngerti bacute crita iku, nanging Gepeng karo 

Karto Senggrek wis bisa mbedhek yen Jarwa mesthi kena perkara sing ora 

nyenengake. Gepeng banjur takon 

“Kowe iku kena apa? Teka-teka wis ngersula.”

Saka pethikan cerkak ing dhuwur kepriye watak wantune Jarwa.

A.  Tansah was sumelang

B.  Gampang ngersula

C.  Seneng weweh marang liyan

D.  Kerep muring-muring

7.  Pethikan cerkak  ‘Pinggir Alas’ bisa dadi tuladha tumprap uripe manungsa, sejatine urip

iku ....

A. Ora gampang ngersula lan tansah ngucap sokur

B. Gampang ngersula lan ora tau ngucap sokur 

C. Tansah ngucap sokur lan gampang muring-muring

D. Ora gampang ngersula lan tansah muring-muring

8.  Ria  : “ Pak, apa bener kowe ngundang aku?”

Bapak  : “ Iya, kae lho tilikana sajake ana pekaten teka mrene!”

Ria  : “Inggih, leres, Pak. Menika wonten paketan saking Paklik ing Bandung.”

Manut unggah ungguhing basa. Basane Ria kang pisanan iku kurang pener. Kudune ... 

A.  “ Pak, apa bener panjenengan nimbali kula ?”

B.  “ Pak, apa  leres sampeyan  nimbali kula ?”

C.  “ Pak, iki bener pora panjenengan nimbali kula ?”

D.  “ Pak, menapa leres panjenengan nimbali kula ?”

9. Pidhato Ketua OSIS

.............................................

Saderengipun  kula  matur,  sumangga  langkung  rumiyin  tansah  muji  sokur 

dhumateng  Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring sih kawelasanipun, 

pramila  kita  saged  makempal  manunggal  wonten  ing  mriki  kanthi  kawotenan  sehat 

walfaiat boten wonten  rubeda menapa.

.......................................

Perangane pidhato ing dhuwur kasebut diarani .... 

A.  Pambuka

B.  Sabdatama

C.  Isi

D.  Panutup

10.   ....................................

Bapak/Ibu  tuwin  kanca-kanca  siswa-siswi  sedaya,  kula  ngrumaosi  bilih  dados 

ketua OSIS punika pancen awrat. Tembung awrat nduweni teges ....

A.  Entheng 

B.  Abot

C.  Gampang

D.  Susah

11. Mapan manggone  aneng  kutha Solo, tembung aneng wujude tembung garba  ana+ing, 

dene tuladha liyane tembung garba yaiku ....

A.  Yaiku

B.  Sarwaendah

C.  Tumeka ing

D.  Sitinggil

12.  Panatacara  kudu  ngerti  kanthi  gamblang  acara  apa  kang  arep  dilantarake  lan  sapa 

Paragane  supaya  acara  bisa lumaku  kanthi  becik  lan  lancar,  dadi cethane  panatacara 

iku paraga kang tinanggenah .... 

A.  Nata cara utawa acara

B.  Nata upacara

C.  Nata pidhato

D.  Nata paraga/wong

13. Cengkorongane adicara kang baku yaiku ....

1. ....

2. Sabdatama-sabdatama 

3. ....

4. Pandonga

5. Panutup

Kanggo njangkepi cengkorongan adicara ing dhuwur nomer 1 lan 3 yaiku ....

A.  Pambuka lan adicara

B.  Sabdatama-sabdatama lan underaning acara

C.  Pambuka lan underaning acara

D.  Underaning acara lan pambuka

14. 

Aksara Jawa ing dhuwur manawa katulis latin 

A.  Paspati manis

B.  Ra pati manis

C.  Pespati manis

D.  Respati manis

15. 

Akasara Jawa ing dhuwur yen katulis latin

A.  Ngamari wesi

B.  Lemari wesi

C.  Le marine wesi 

D.  Ngemari wesi

16. Andhe- andhe Lumut

...................................

Mbok  Randha      :   ”Putraku    si  Andhe-andhe  Lumut,  tumuruna  ana  putri  kang 

ngunggah-unggahi, putrine kang ala rupane Klenting Kuning 

iku kang dadi arane.” 

Andhe-andhe  Lumut:  ”Mbok  simbok  kula  sampun  purun,  Mbok  simbok  kula  badhe 

mudhun, nadyan ala niku ingkang idhaman kula.”

..................................

Crita  Andhe-andhe Lumut mujudake crita kang becik. Sapa sejatine paraga utama ing 

crita kasebut?

A.  Klenting Kuning

B.  Dewi Sekartaji

C.  Andhe-andhe Lumut/ Panji Asmara Bangun

D.  Klana Mudha Asmara

17. Mbok Randha  :”Aku kok bingung, jenenge lungguh aneng panggungan seprana 

seprene, saka etungku meh ndungkap 40 dina. Kok ora ngerti sing

dikarepke Andhe-andhe Lumut.”

Klenting Kuning  : ”Kula nuwun!”

Mbok Randha    :  ”Mangga!”

Klenting  Aban  :  “Mbok  menapa  leres  mriki  desa  Dhadhapan  panggenanipun 

Baguse Andhe-andhe Lumut.”

Mbok Randha    :  ”Nggih leres kula mboke! Kersane napa?” 

Saka crita Andhe-andhe Lumut, ana ing ngendi papan dununge mbok Randha?

A.  Desa Dhadhapan

B.  Desa Panggungan

C.  Kraton Jenggala

D.  Desa Tambak Baya

18. Ing upacara dina Pramuka salah sijining siswa ngucapake dasa dharma pramuka.

Tembung dasa mujudake wilangan Kawi kang tegese ....

A.  Lima

B.  Pitu

C.  Sanga

D.  Sepuluh

19. Pancasila tegese lima sila dene angka 7 wilangan Kawine ....

A. Sad 

B. Sapta

C. Hasta

D. Nawa

20. Tembung dasanama  wukir, meru, ardi, arga  duweni teges  gunung, dene  biyung, rena,

wibi. Tegese ....

A.  Rina

B.  Bapak

C.  Ibu

D.  Wanita

21. “Wis pak yen ngono mengko aku tak tuku emas ana ing Toko Emas Semar kulon Pasar 

Klewer kana”. Tembung dasanamane emas yaiku .... 

A.  Mirah, kencana, rukmi

B.  Liman, hesti, dwipangga

C.  Inten, rahina, siyang 

D.  Wisma, griya, panti

22. Ibu Sarju mundhut sapu wonten ing peken.

Swara u jejeg ing tembung ibu, sarju, sapu padha karo swara u ing tembung ....

A.  Kaur, kabur, kasur

B.  Kasut, baut, kabut

C.  Tahu, bolu, gulung

D.  Guru, tuku, saku

23. Palupi saiki dadi kancaku. 

Swara a miring ing tembung palupi lan dadi padha karo swara a ing tembung ....

A.  Rujak, sanga, lima

B.  Lunga, sate, wedang

C.  Dumadi, jaran, nanas

D.  Suwe, soto, wedi

24. Polah tingkahe wong iku kok nyala wadi tenan.

Tembung wadi minangka swara i jejeg, bab iku padha karo ing tembung ....

A.  Gati, roti, isi

B.  Gadhing, pitik, sandhing

C.  Lagi, tuku, sapu

D.  Pring, wit, Susi

25. Rikmane Dewi Srikandhi lagi (elus-elus)... dening Raden Janaka.

Tembung (elus-elus) yen oleh seselan –in dadi ....

A.  Elus-ingelus

B.  Ingelus-elus

C.  Elus-elusan

D.  Ingelus-ingelusan

Welinge biyung

Dening: Siti Nurhidayati Ngatiya

Nini mustikaning ati

Ing madyaning ratri iki

Liwat sumilire samirana

Biyung weling marang nini

Ana salumahing bantala iki

Becik ngati-ati nastiti

.....................

26. Ana geguritan ing dhuwur, tembung ratri duweni teges ... .

A.  ibu 

B. rina 

C. wengi 

D.  angin

27.  Ana ing geguritan “welinge biyung” duweni karep manawa urip ing donya iku kudu 

... .

A.  ngati-ati nastiti 

B. gampang kena godha 

C. gothang andedonga 

D.  tan becik salumahing bantala iki

JAMAN IKI WIS BANGET TUWA

dening : Turiyo ragil putra

Ngger, anakku 

jaman iki wis tuwa

kabudayan wis rontang-ranting 

mung kari crita

aja maneh sinom, dhandanggula, utawa gambuh 

salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep

kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana

.........................

28. Isi pitutur geguritan ing dhuwur iku katujokake marang sapa?

A.  Anak 

B.  Anak lanang 

C.  Anak wedok

D.  Bocah sekolah

29. Sregep  tegese  tumandang  apa  bae  dilakoni  kanthi  telaten,  yen  tumandang  gawe 

dikantheni  niyat  kang  luhur,  mula  ana  unen-unen  sapa  kang  telaten  bakal  panen, 

tegese ....

A.  Mergawe apa bae yen ditindakake kanthi telaten bakal ana asile.

B.  Wis wayahe panen

C.  Sing telaten bakal kopen

D.  Kang telaten bakal tenanan.

30. “Cegah dhaharlawan guling” . Tembung guling ing tembang kasebut duweni teges ...

A.  Ngimpi

B. Ngombe

C. Turu

D.  Dolan

Isenana titik-titik ing ngisor iki!

31. Endhog antiga kang pecah dadi telung perangan iku, wusanane dadi dewa telu, yaiku 

1. Sang Hyang Tejamaya utawa Togog, 2. Sang Hyang Ismaya utawa Semar, 3. Sang 

Manikmaya utawa Bethara Guru. Ing ngisor iki gambar wayang sapa? ....

32.   Watake wong  yen guneman apa anane, ora tau goroh, ora tau ngapusi, ora tau cidra 

ing janji, ora tau colong jupuk, ora tau korupsi  iku kalebu watak kang ... . 

02

Dadiya lakuniraku, 

cegah dhahar lawan guling, 

lawan aja sukan-sukan, 

anganggowa sawatawis, 

ala watake wong suka, 

nyuda prayitnaning batin. Padha 

gulangen ing kalbu, 

ing sasmita amrih lantip, 

aja pijer mangan nendra, 

kaprawiran den kaesthi, 

pesunen sariranira, 

sudanen dhahar lan guling. 

03

Yen wus tinitah wong agung, 

ywa sira gumunggung dhiri, 

aja nyelakaken wong ala, 

kang ala lakunireki, 

nora wurung ngajak-ajak,

satemah anenulari. 

33. Wong  jaman  mbiyen,    adat  saben  duwe  plangkan  kang  digunakake  kanggo  wadhah 

tumbak  diati-ati  anggone  deleh  ing  omah.  Semono  uga  yen  kagungan  keris,  tansah 

disarungake ing wadhahe kanthi teliti. Wadhah keris iku arane  ... .

34. Sawise ana ing donya, Semar banjur golek rewang supaya ora kesepen, mula banjur 

ngankat anak saka anak jin loro cacahe. Arane yaiku ... lan ... .

35.    Owahana  aksara  Jawa  iku  dadi  aksara  latin 

....

36. Leres sanget ngendikanipun ibu.  Tembung Leres sanget kasebut yen tulisen nganggo 

aksara Jawa ....

37. Minangka prawirotama kuwi kudu setya tuhu marang bangsa lan negarane. Tembung 

prawirotama kalebu tembung garba kang asale saka tembung ... .

38. Panatacara yaiku paraga kang tinanggenah nata cara utawa acara. Dene urutane 

panatacara ana 5. Yaiku 1. pambuka, 2. ... , 3. underaning acara, 4. pandonga,  lan 5. 

panutup.

39. Asma kang sinandi  utawa jeneng kang sinamun (sinamar) ing sajroning asil saka 

sastra kang geguritan, tembang, kidung lan karya liyane diarani ... .

40. Tembung gula, uyah, lenga, endhog, beras basa kramane gendhis, sarem, lisah, tigan, 

uwos  Dene yen  lombok, basa kramane  ... .

IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.

I.  PILIHAN GANDA

NO  JAWABAN  NO  JAWABAN  NO  JAWABAN

1  C  11  D  21  A

2  B  12  A  22  D

3  A  13  C  23  C

4  B  14  D  24  A

5  D  15  B  25  B

6  A  16  C  26  C

7  A  17  A  27  A

8  D  18  D  28  B

9  A  19  B  29  A

10  B  20  C  30  C

II. ISIAN 

31.  togog

32. jujur

33. warangka

34. Nala gareng lan Petruk

35. sapinePak Jujuk 16 iji

36. 

37. Prawira + utama

38. Sabdatama-Sabdatama

39. Sandi asma

40. cengeh 

Materi basa jawa kelas 7, 24 Febr 2021

 Nggarap latihan soal UTS

LATIHAN SOAL TENGAH SEMESTER.

I.  Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan kang  bener

1.  Sing ngrawuhi adicara ziarah wonten pesarean Bupati Blora ingkang rumiyin -rumiyin kalebet 

tokoh pendiri Blora yaiku ... . kajaba ... .

a.  Bupati Blora

b.  Wakil Bupati Blora

c.  Gubernur Jawa Tengah

d.  Ketua DPRD Kabupaten Blora

2.  Tembung pengetan nduweni teges meh padha karo ... .

a.  perlombaan

b.  elingan

c.  kegiatan

d.  peringatan

3.  Tembung kang kacithak miring iku luput unggah-ungguhe, sing bener yaiku... .

a.  leres,nimbali

b.  betul,nimbali

c.  leres,ngaturi

d.  leres,nyeluk

4.  T

e

m

b

ung kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku... .

a.  critane

b.  kandhane

c.  omonge

d.  ngendikane

Wacan kanggo nomer 1 lan 2

Saderengipun  pengetan  Hari  Jadi  Kabupaten  Blora  ingkang  kaping  268  tanggal  11  D esember 

2017  Pemkab  Blora  ngawontenaken  kegiatan  ziarah  wonten  pesarean  Bupati  Blora  ingkang  rumiyinrumiyin kalebet tokoh pendiri Blora.

Ziarah  dipunpimpin  langsung  Bupati  Blora  Djoko  Nugroho,  kadherekaken  Wakil  Bupati  H.  Arief 

Rohman M.Si, Ketua DPRD Ir. H. Bambang Susilo, Dandim 0721/Blora Letkol Inf. Susilo S.Sos, Wakapolres 

Kompol  Indriyanti  Dian  Purnomo  SH,  Kepala  Kemenag  Blora  Nuril  Anwar,  Sekda  Drs.Bondan  Sukarno 

MM, lan sedaya Kepala OPD ( Organisasi Pemerintah Daerah ). Kegiatan ziarah inggih menika maos tahlil 

sesarengan. Sedaya pandherek ziarah ngagem ageman Jawi Solo, inggih menika beskap landhung tanpa 

keris.

Febri    : “Menapa bener bapak  ngundang kula?”

Pak Guru  : “O,ya.”

Febri    : “Wonten menapa Pak?”

Pak Guru  :  “Suk  senin  minggu  ngarep  arep  dianakake  lomba  7K,  mula  sesuk  kancamu 

kabeh dikandhani nggawa piranti kanggo resik-resik.”

Febri    : “Inggih Pak”.

Nabila    : “Undhangan menapa ta Pak Dhe?

Pak Dhe  : “Iku lho Bil Kelompok Tani. Manut ... Pak Camat saben kelompok Tani arep 

oleh bantuan saka Kabupaten.”

Nabila    : “Bantuanipun pinten Pak Dhe?”

Pak Dhe  : “Embuh pira Bil,nanging kira-kira seket yutanan.”

Wacan kanggo nomer 5 lan 6

Citro Wati saben dina mesthi adus ing kedhung sing saiki dijenengi Kedhung Putri. 

Ngerti  kaya  mangkono  iku,  Begede  Katong  banjur  memba  (  malih  )  dadi  iwak  kutuk  lan 

nyemplung ing kedhung kono. Pinuju Citro Wati  ing kedhung, dheweke weruh iwak kutuk, 

sing  satemene  malihane  Begede  Katong.  Citro  Wati  seneng  banget  karo  iwak  kutuk  iku. 

Amarga dolanan karo iwak kutuk iku Citro Wati dadi ngandhut. 

5.  Begede Katong nduweni watak kang ora becik yaiku ... .

a.  seneng karo Citro Wati

b.  malih dadi iwak supaya bisa nyedhak Citro Wati

c.  seneng adus ing kedhung

d.  seneng ngingu iwak ing kedhung

6.  Nilai luhur kang bisa kapethik saka crita ing dhuwur yaiku ... .

a.  bocah wadon aja adus ing kedhung

b.  bocah wadon yen adus ing kedhung dadi ayu

c.  bocah wadon yen adus aja nganti bisa ditonton wong

d.  bocah wadon aja adus karo dolanan iwak

7.  B

u

p

ati Wilatikta mundur saka jabatan bupati Blora jalaran ... .

a.  ora gelem kabawah Kasunanan Surakarta kang gelem kerjasama karo Walanda

b.  Mataram pecah dadi loro Kasunanan Surakarta lan Ngayogyakarta

c.  Pangeran Mangkubumi kerjasama karo Walanda

d.  Pangeran Mangkubumi ora gelem kerjasama karo Walanda

8.  Bupati Wilatikta nduweni tekad dadi bangsa kang mardika padha karo ... .

a.  Pakubuwono III

b.  Pangeran Mangkubumi

c.  Kasunanan Surakarta

d.  Pakubuwono I

9.  Ana ing teks Serat Wulangreh Pupuh Sinom ing dhuwur, tegese tembung jalmi yaiku ... .

a.  manungsa

b.  ati

c.  watak

d.  isin

10.  Pitutur kang ana ing sajrone tembang sinom ing dhuwur nerangake tingkahe wong utama yaiku 

... .

SERAT WULANGREH

( Pupuh Sinom)

Ambeke kang wus utama

Tan ngendhak gunaning jalmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone didokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhanging jalmi

Suka bungah den ina sapadha-padha

Wacan kanggo nomer 7 lan 8

Miturut sejarah Blora  dadi kabupaten nalika dina Kamis Kliwon, tanggal 1 Sura tahun 

Alib  1675  tahun  Jawa,utawa  tanggal  11  Desember  1749  M.  Sing  dadi  bupati  kapisan  yaiku 

Wilatikta.  Sawise  Mataram  kaperang  dadi  loro,  Tumenggung  Wilatikta  milih  mundur  saka 

jabatan Bupati sebab dheweke ora gelem kabawah Kasunanan Surakarta.

Tumenggung Wilatikta mundur saka jabatan Bupati Blora amarga  dheweke ora gelem 

kerjasama  karo  penjajah  (  Walanda  ).  Mataram  kabawah  Pangeran  Mangkubumi  gething 

banget lan ora gelem kerjasama karo Walanda.

a.  pintere dikatonake supaya padha ngerti yen dheweke pinter

b.  pintere dialingi supaya diina, seneng lamun dheweke diina

c.  bodhone dialingi supaya katon pinter

d.  bodhone dikatonake supaya tetep katon bodho

11. Nanging nyatane beda , para raseksa sawadya balane malah kasil katumpes. Tembung  wadya 

bala kalebu tembung saroja. Tuladha tembung saroja liyane yaiku ... .

a.  telenging samudra

b.  siswa-siswa

c.  gandarwa-gandarwi

d.  sekti mandraguna

12. Prabu Ramawijaya nduweni watak andhap ... , mula ditresnani para kawulane. Tembung kang 

kagaris ngisor supaya dadi tembung saroja kudu digandheng karo tembung ... .

a.  asih

b.  tindhih

c.  asor

d.  welas

13.  1. Kon wis mari tah dandan omah kae?

2. Kono wis rampung pa dandan omah kae?

3. Kowe wis bar neke dandan omah?

4. Sampeyan wis bar ta olehe dandan omah?

Ukara ing dhuwur kang migunakake dialek Surabaya yaiku nomer ... .

a.  1

b.  2

c.  3

d.  4

14.  Pacelathon ing dhuwur migunakake dialek ... .

a.  Surabaya

b.  Banyumas

c.  Blora

d.  Surakarta

15.  Jinising lesan iku ana lesan panindak lan lesan panandhang, Ukara-ukara ing ngisor iki kang 

nduweni lesan panindak yaiku ... .

a.  Pak Mangun ngobong godhong garing

b.  Mardikin nyawang lintang-lintang

c.  Merake Pak Lurah dicekel Mas Fajar

d.  Bang Jarwa nuntun jaran

16.  Kang kalebu ukara sing nduweni lesan panandhang yaiku ... .

a.  Dewi Susilowati nyirami kembang

b.  Bukune disilih Fadil

c.  Sapu sada ditata Amanda Kusuma Wati

d.  Klambine dijahit Bu Wulan

Fajar  : “Kowe ape ning endi leh,Gas?”

Bagas  : “Ape ndelok bal-balan ning lapangan.”

Fajar  : “Kancanem sapa,Gas?”

Bagas  : “Kowe nek takjak gelem apa ogak?”

Fajar  : “Ya, aku gelem.”

17.  Miturut wacan ing dhuwur Bausasra yaiku ... .

a.  andhahane baya ing Kedhung Srengenge

b.  panggedhene baya ing Kedhung Srengenge

c.  kancane Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengenge

d.  abdine Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengenge

18. Kepriye janjine Bausasra marang Jaka Tingkir ?

a.  arep njaga lan nyurung getheke Jaka Tingkir supaya enggal-enggal teka Demak

b.  arep ngancani lakune Jaka Tingkir menyang Demak

c.  arep njaga baya-baya sing dadi andhahane

d.  arep tobat marang Jaka Tingkir

19.  Sinawung resmining kidung. Tetembungan iki migunakake purwakanthi ... .

a.  guru sastra

b.  guru swara

c.  guru basa

d.  guru lagu

20. Tetembungan ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru basa (lumaksita) yaiku ... .

a.  sapa jujur,bakal makmur

b.  becik ketitik, ala ketara

c.  laras,lurus,laris,leres

d.  carang wreksa,wreksa wilis tanpa patra

21. Dadi bocah iku kudu nduweni suba sita lan tata krama. Tembung tata krama yen ditulis 

nganggo aksara jawa dadi ... .

a. 

b. 

c. 

d. 

22.  Musium Mahameru mapan ana ing kompleks Taman Wisata Tirtonadi ing wewengkon Blora. 

Tembung wewengkon yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ... .

a. 

b. 

c. 

d. 

Wacan kanggo nomer 23 lan 24

KIDANG KENCANA

Wacan kanggo nomer 17 lan 18

“Sapa jenengmu?“ pitakone Jaka Tingkir marang Baya Gedhe.

“Kula  Bausasra,  kula  ingkang  baureksa  Kedhung  Srengenge  menika.  Baya -baya 

menika  andhahan  kula  sedaya.  Minangka  tandha  tobat  kula,  kula  prasetya  badhe 

manut  saprentah  panjenengan.  Kula  badhe  njagi  lan  nyurung  gethek  panjenengan 

supados enggal-enggal dumugi dhateng Demak.“

“Ya, yen kaya mangono enggal-enggal tindakna apa kang kokucapake mau!“

“Inggih, sendika dhawuh Raden.“

Baya gedhe lan sakandhahane padha ngepung gethek kanan-kiring, gethek disurung 

lon-lonan lakune gethek ngener tumuju menyang Demak.

Rama  kaged,  Kidang  Kencana  kuwi  bakal  maeka  dheweke,  banjur  age-age  bali  menyang  papan 

panggonane Sinta lan Lesmana. Jebul ketemu Lesmana ing  tengah dalan. Kekarone padha  engga-enggal bali 

ing papan panggonane Sinta. Bebasan kaya disamber bledhek, Sinta wis ilang.

Rama lan Lesmana banjur nggoleki ing sakiwa tengene alas kono ing dalan ketemu m anuk Jatayu sing 

lagi  sekarat.  Manuk  iku  mau  lagi  wae  perang  mungsuh  Rahwana  amarga  arep  njaluk  Sinta  sing  dicolong

Rahwana.  Saka  critane  manuk  Jatayu  kuwi  Rama  ngerti  yen  Sinta  dicolong  Rahwana.  Manuk  Jatayu  mati 

muksa, dene Rama lan Lesmana mbacutake laku nggoleki Sinta.

23.  Isine wacan asesirah Kidang Kencana  yaiku ... .

a.  Kidang Kencana maeka Rama.

b.  Rama lan Lesmana nggoleki Sinta kang dicolong Rahwana.

c.  Manuk Jatayu arep nyolong Sinta.

d.  Manuk Jatayu perang mungsuh Rahwana.

24.  Manuk Jatayu sakala mati muksa. Tembung muksa nduweni teges ... .

a.  ilang saragane

b.  kasiksa

c.  perang

d.  kelaran

25.  Tembung kawentar kang ana ing wacan dhuwur tegsese ... .

a.  pancen

b.  kira-kira

c.  mesthi

d.  kondhang

26.  Anton  abang  kupinge  nalika  didakwa  nyolong  dhuwite  kancane.  Tembung  abang  kupinge

tegese ... .

a.  gawe nesu

b.  nesu

c.  ndableg

d.  ora cawe-cawe

27.  Ati-ati yen  kekancan karo Darman. Darman kae  dawa tangane. Tembung entar  dawa tangane

nduweni teges ... .

a.  tangane dawa

b.  seneng milara

c.  omongane mandi

d.  seneng nyolong

28.  Amarga  kejedhug  tembok,  bathuke  adhik  aboh  sakepel.  Ater-ater  sa-  ing  tembung  sakepel 

nduweni teges ... .

a.  padha kepel

b.  siji kepel

c.  nunggal kepel

d.  dadi kepel

29. Ngasah arit nganti landhep

..........................................

Ganepane parikan ing ndhuwur yaiku ... .

a.  Dadi murid kudu madhep

Wacan kanggo nomer 25

Pari Rajalele

Pari raja lele kang kawentar pulen, gurih lan arum gandane wis arang banget ditandur 

dening  kadang  tani.  Manawa  ana  kang  nandur,  mung  siji  loro  amarga  wektu  zaman  Orde 

Baru, nandur pari kang dudu VUTW ( Varitas Unggul Tahan Wereng ) dilarang. Mula varitas varitas pari lokal kaya Raja Lele, Menthik, Cempa lan  sapanunggalane wis dadi tanduran sing 

langka.

b.  Dadi murid kudu mantep

c.  Dadi murid kudu sregep

d.  Dadi murid kudu sinau

30. Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ing ngisor iki !

Manuk ..... nyucuk .....

Dadi murid sing taberi

a.  emprit, sari

b.  emprit, pari

c.  emprit, dami

d.  emprit, teri

II.  Isenana titik-titik ing ngisor iki!

31.  Bapak lunga  menyang Blora arep nonton wayang. Ukara iku yen didadekake basa ngoko alus, 

tembung lunga diganti dadi ... . 

32. Tembung kang kacithak miring ganepana supaya dadi tembung saroja. Yen  ana wong nyambut 

gawe padha rebut ... ngrewangi.

33.  Aku kangelan yen arep goroh sebab aku yen omong blaka ... .

34.  Bobot, bibit, bebet. Ukara kasebut migunakake purwakanthi ... .

35. Nanging jebul beda karo kasunyatan, Karent Elizabeth malah pinter ngendikan nganggo basa 

krama. Basane alus ora kalah karo priyayi Solo utawa Ngayogyakarta. Tembung priyayi tegese 

... .

36.  Dadi wong yen entheng tangane  mesthi ora disenengi kanca-kancane. Tembung entar  entheng 

tangane tegese ... .

37.  Bapak  lan  pakdhe  mbiyen  sapaguron,  mula  ilmune  meh  padha.  Ater-ater  sa-  ing  tembung 

sapaguron tegese ... .

38.  Raseksi  Sarpakenaka  kepencut  marang  kebagusane  Rama.  Tembung  raseksi  yen  ditulis 

nganggo aksara Jawa dadi ... .

39. Raden Bratasena ketemu Dewa Ruci ing dhasaring segara Minangkalbu. Dasanamane tembung 

segara yaiku ... .

40.  Saben  tindak  jumatan,  simbah  mesthi  sarungan.  Panambang  –an  ing  tembung  sarungan

nduweni teges ... .

IKI JAWABANE SOAL ING DHUWUR.

ilihan Ganda

NO  JAWABAN  NO  JAWABAN  NO  JAWABAN

1  C  11  D  21  C

2  D  12  C  22  C

3  A  13  A  23  A

4  D  14  C  24  A

5  B  15  D  25  D

6  C  16  A  26  B

7  A  17  B  27  D

8  B  18  A  28  A

9  A  19  B  29  C

10  B  20  D  30  B

II. ISIAN 

31. Tindak

22. Dhucung

33. Suta

34. Sastra

35. Wong 

36. Seneng mara tangan,cengkiling

37. Tunggal paguron

38. 

39. Jaladri,jalanidi,laut,samudra,seganten

40. Nganggo


Senin, 22 Februari 2021

PERTEMUAN KE 7-KLS 9- UPAYA PENCEGAHAN KONFLIK YANG BERSIFAT SARA-23Feb21

Tugas


1. Sebutkan 3 upaya mengatasi konflik!

2. Apa peran tokoh masyarakat dalam penyelesaian konflik?

3. Sebutkan 2 akibat negatif dari konflik yang terjadi dalam masyarakat!


Selamat mengerjakan

Jaga kesehatan

PERTEMUAN KE 7-KLS 8-NILAI SEMANGAT SUMPAG PEMUDA MASA SEKARANG -23Feb21

 Tugas

1. Lagu Kebangsaan Indonesia Raya wajib dinyanyikan pada acara apa saja? Berilah 3 contohnya!

2. Sebutkan 3 nilai luhur yang terkandung dalam sumpah pemuda!

3. Tulis kembali isi Sumpah Pemuda!


Selamat mengerjakan

Jaga kesehatan

PERTEMUAN KE 7-KLS 7- KERJASAMA DALAM BERBAGAI BIDANG KEHIDUPAN-23Feb21

 Tugas

1. Sebutkan 4 nilai yang terdapat dalam gotong royong  yang ada didesamu!

2. Sebutkan tujuan nasional bangsa Indonesia yang tercantum dalam pembukaan UUD 1945 alinea 4!

3. Jelaskan arti pembangunan nasional!


Selamat mengerjakan

Jaga kesehatan

Selasa, 16 Februari 2021

Adiwiyata | SMP Negeri 2 Sambong Meraih Predikat Sekolah Adiwiyata Tingkat Propinsi Jawa Tengah 2020

Setelah mendapatkan kesepakatan dan koordinasi antara Dinas Pendidikan dengan Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kabupaten Blora beberapa waktu lalu memutuskan, SMP Negeri 2 Sambong siap mengikuti nominasi sekolah adiwiyata Tingkat Propinsi Jawa Tengah tahun 2020. Berbagai jenis kegiatan dilakukan oleh seluruh stakeholder di SMPN 2 Sambong agar mendapatkan hasil yang maksimal. 


Berikut beberapa foto kegiatan yang dilaksanakan di SMPN 2 Sambong, dalam rangka mempersiapkan diri mengikuti nominasi sekolah adiwiyata Tingkat Propinsi Jawa Tengah tahun 2019.


Kegiatan Jum’at Bersih


Pembuatan dan Penataan Green House


Pembuatan dan Penataan Taman dengan Memaksimalkan Kreativitas Siswa


Menjalin kerjasama dengan masyarakat untuk pengembangan sekolah berwawasan lingkungan berupa pemberian bantuan bibit tanaman.


 Menjalin kerjasama dengan masyarakat untuk pengembangan sekolah berwawasan lingkungan berupa pemberian bantuan bibit ikan.


 Melengkapi sarana dan prasarana

Sampai saat ini kegiatan-kegitan tersebut dan kegiatan lainnya masih terus dilaksanakan untuk menciptakan sekolah yang berwawasan lingkungan dan pada akhirnya predikat sebagai sekolah adiwiyata tingkatn propinsi dapat diraih. Untuk itu, kami mohon doa dari segala pihak agar mendapatkan hasil yang terbaik. Serta penghargaan yang sebesar-besarnya dan ucapan terimakasih untuk semua pihak yang turut membantu persiapan menuju sekolah Adiwiyata. Semoga kita semua selalu menerapkan jiwa Adiwiyata di lingkungan sekolah, maupun di luar sekolah.